Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Pendidikan Agama ing Keluarga

Kam, 2 Mei 2024 | 21:45 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Pendidikan Agama ing Keluarga

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang urgennsi pendidikan agama dalam keluarga. (freepik).

Jika sebuah keluarga diibaratkan sebagai sebuah lembaga pendidikan, maka orang tua memiliki peranan penting di dalamnya. Ayah dan ibu memiliki peran yang saling melengkapi. Terlebih dalam pendidikan agama. Sedari dini mesti ditanamkan kepada anak-anak.
 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul: "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Pendidikan Agama ing Keluarga". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
 

 

Khutbah I

 

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، يُؤْتِي الْمُلْكَ مَنْ يَشَاءُ وَيَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ يَشَاءُ وَيُعِزُّ مَنْ يَشَاءُ وَيُذِلُّ مَنْ يَشَاءُ بِيَدِهِ الْخَيْرُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةً عَصَمَ اللهُ قَائِلِيهَا دِمَاءَهُمْ وَأَمْوَالَهُمْ إِلَّا بِحَقِّ الإِسْلَامِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَرْسَلَهُ اللهُ بِالْهُدَى رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَبَارِكْ وَسَلِّمْ عَلَيْهِ فِي الأَوَّلِيْنَ وَالأخِرِيْنَ وَفِي كُلِّ حِيْنٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قال اللهُ عَزَّ وَجَلَّ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

 

Jamaah shalat Jumat ingkang minulya

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng  Khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah: 197).
 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Keluarga gadahi peran ingkang penting damel sahe ing dalem tatanan negara. Sebab mulai saking keluarga menika, para putra-putri kita angsal pendidikan awal. Langkung-langkung ing dalem pendidikan agama. Bapak saha ibu, gadahi peran ingkang penting, supados para lare tetep teguh ing dalem agama Islam. Gusti Allah sampun paring dhawuh ing surat At-Tahrim ayat 6:
 

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ​
 

Artosipun, "Hai, wong-wong kang padha iman, sira kabeh padha ngreksaha awak-awak lan keluarga ira kabeh saking geni neraka. Kang empan-empane neraka kui, rupa manungsa kafir lan watu. Kang neraka kui dijaga malaikat-malaikat kang kasar tur keras tindakane, kang malaikat-malaikat mau ora nyulayani Allah ta'ala, tumerap apa kang den perintahake dening Allah ta'ala marang deweke."  
 

Ayat menika dados perintah kangge para tiyang sepuh, supaya ngreksa awake dewe saha keluargane saking geni neraka. Caranipun supaya kados mekaten, inggih punika tentu para lare dipun didik kelawan ilmu agama.
 

Anggene maringi pendidikan marang para putra-putri, mulai nalika ing kandungan. Ibu dhahar kanthi dhahar kang halal lan sahe, supaya dados makanan kang sahe kangge lare. Sinambi asring dipun waosaken ayat-ayat Al-Quran, shalawat, lan kalimat-kalimat ingkang sahe sanesipun.
 

Lajeng menawi lair, bapak maosaken azan lan iqamah, supaya lare kenal marang Pengerane, inggih punika Gusti Allah Swt. Menika sedaya dados ikhtiar, kangge mendidik lare kita saking awal.
 

Jamaah shalat Jumat ingkang minulya

Putra-putri kita ugi kedah dipun didik, kelawan ilmu kang bakal dadi kewajibane menawi sampun baligh utawi mukallaf. Kados dene syarat, rukun, lan carane shalat, pasa, lan sanesipun. Menawi mboten saget kita didik piyambak, mangka saget kita sekolahake ing madrasah utawi pondok pesantren.
 

Menika sedaya gadahi maksud, supaya para putra-putri kita ngerti ing babagan agama utawi dadi wong kang alim. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw: 
 

كُنْ عَالِمًا أَوْ مُتَعَلِّمًا أَوْ مُسْتَمِعًا أَوْ مُحِبًّا وَلَا تَكُنِ الخَامِسَةَ أي مُبْغِضًا فَتَهْلِكَ
 

Artosipun, “Dadio sliramu wong kang alim, utawa murid, utawa ngrungokke, utawa seneng (ilmu). Lan aja dadio sliramu wong kang nomer lima, yaiku wong kang gething (ilmu), kamangka sliramu bakal rusak.” (HR Al-Bazzar, At-Thabarani, lan Al-Baihaqi).
 

Jamaah shalat Jumat ingkang minulya

Menawi gadahi putra, kita tiyang sepah mesti pingin lare-lare kita dados lare kang soleh ingkang saget nerusaken amal perjuangan lan purun dungake marang tiyang sepahe.
 

Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw ing hadits kang diriwayatake saking sahabat Abu Hurairah ra:
 

إِذَا مَاتَ ابْنُ آدَمَ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلا مِنْ ثَلاثٍ: صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ، أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ، أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ
 

Artosipun, "Nalika wis mati menungsa, mangka bakal pedhot amale, kajaba 3 perkara: sedekah jariyah, ilmu kang manfaat, lan lare saleh kang dungake marang wong tuane." (HR Muslim).
 

Awit saking menika, mangga kita saget didik putra-putri kita supaya padha dadi lare kang saleh lan salehah. Mugi-mugi Gusti Allah ta'ala maringi kita keberkahan dhumateng keluarga kita sedaya. Amin ya Rabbal Alamin.
 

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
 

 

Khutbah II
 

 اَلْحَمْدُ ِللهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا، أَمَّا بَعْدُ
 

فَيآ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ، وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ، وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ، وَقَالَ تَعاَلَى: إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 

اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
 

عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali