Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kewajiban Ninda’ake Ibadah Haji 

Kam, 16 Mei 2024 | 18:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kewajiban Ninda’ake Ibadah Haji 

Ka'bah di Masjidil Haram. (Foto: Faizin/NU Online)

Khutbah kali ini mengingatkan kita tentang kewajiban ibadah haji. Seperti yang kita ketahui, ibadah haji merupakan salah satu dari 5 rukun Islam. Haji hukumnya wajib bagi orang-orang yang memiliki kemampuan untuk menjalankannya. 


Teks khutbah Jumat Bahasa Jawa berikut ini berjudul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kewajiban Ninda’ake Ibadah Haji”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!  



Khutbah I

  
الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وعلى اله وأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْإِخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ،  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي القُرْآنِ الكَرِيمِ: أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ  


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Takwa punika dados sangu ingkang paling sae kangge gesang wonten ing alam dunia punika. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.


وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ


Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)  

  
Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,
 
Wonten ing wekdal menika, para tamunipun Gusti Allah ingkang badhe nindhaaken ibadah haji, sampun wonten ingkang tindak datheng Tanah Suci. 


Sampun kita mangertosi, bilih Ibadah haji, kalebet salah setunggale Rukun Islam, sak sampunipun syahadat, shalat, pasa, lan zakat. Prentah ibadah haji wonten ing Al-Qur’an, Surah Ali Imran, Ayat 97:

 
  وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلًا وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ  


Artosipun: "Nglampahi ibadah haji dados kewajiban menungsa datheng Allah, yaiku kanggone tiyang kang wis gadhah kemampuan nindhaake datheng Baitullah. Sapa wonge kang ngingkari ibadah haji, mangka setuhune Gusti Allah iku Maha Sugih (ora butuhake perkawis) saking sedaya Alam kabeh,” 


Ayat ingkang sampun dipun waos kala wau, negesaken bilih ibadah haji hukumipun wajib. Ananging kewajiban punika, khususipun kagem tiyang ingkang sampun gadah kemampuan, sebab ibadah menika mbetahaken modal arupi bandha lan tenaga. 


Prentah ibadah haji ugi sampun dipun ngendhikaaken Kanjeng Nabi Muhammad saw, ana ing salah setunggal hadits ingkang dipun riwayatake sahabat Abu Hurairah ra. Kanjeng Nabi paring pangandhikan: 


 أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ فَرَضَ اللهُ عَلَيْكُمُ الْحَجَّ فَحُجُّوا  


Artosipun: “Hai, para menungsa, saktemene Gusti Allah wis wajibake marang sliramu ibadah haji, mangka padha (nindaake) ibadah haji sira kabeh!” 


Saking lanjutan hadits menika, ugi dipun terangaken kalian Kanjeng Nabi bilih ibadah haji, namung sepisan sak dawane urip. 


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Pramila, menawi sampun gadhahi kesempatan saha kemampuan nglampahi ibadah haji, ampun dipun tunda-tunda. Sebab kita mboten mangertos, menawi kita bakal sakit utawi miturut ekonomi mboten sugih malih, utawi malah sampun kapundhut. Nasib tiyang mboten wonten ingkang mangertos.  


Keterangan menika sami kalian pangandhikanipun Rasulullah saw: 


  مَنْ أَرَادَ الْحَجَّ فَلْيَتَعَجَّلْ فَإِنَّهُ قَدْ يَمْرَضُ الْمَرِيْضُ وَتَضِلُّ الضَالَّةُ وَتَعْرِضُ الْحَاجَةُ  


Artosipun: “Sapa wonge kang arep nindhaake haji, mangka luwih apik enggal-enggal dilakoni, sebab saktemene wong iku (kadang-kadang) lara, kendaraane ilang, lan hajat liyane kang iso ngalangi ibadah haji,” (HR Ibnu Majah)


Wonten ing hadits sanese Rasulullah paring dhawuh: 


 مَنْ لَمْ تَحْبِسْهُ حَاجَةٌ ظَاهِرَةٌ ، أَوْ مَرَضٌ حَابِسٌ ، أَوْ سُلْطَانٌ جَائِرٌ وَلَمْ يَحُجَّ ، فَلْيَمُتْ إِنْ شَاءَ يَهُودِيًّا وَإِنْ شَاءَ نَصْرَانِي  


Artosipun: “Sapa wonge kang mati (sakdurunge nglampahi ibadah haji), padahal ora ana alangan kebutuhan ingkang nyata, penyakit, utawa penguasa kang zalim, mangka katuran (milih) bakal mati (dadi wong) Yahudi utawa Nasrani,” (HR Darimi)


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Lajeng, kados pripun kagem tiyang-tiyang ingkang dereng mampu nindhaake ibadah haji, sebab miskin (mlarat)? Kanjeng Nabi nate dhawuh ingkang dipun riwayataken Abu Nu’aim al-Qudha’i dan Ibnu ‘Asakir dari Ibnu ‘Abbas: 


الجُمُعَةُ حَجُّ الفُقَرَاءِ


Artosipun: “Shalat Jum’at iku dadi hajine wong-wong miskin,” 


Senajan wonten sebagian ulama ingkang mbiji hadits punika kagolong lemah, ananging kagem paring semangat dhumateng tiyang-tiyang ingkang dereng mampu nindhaaken haji sebab dereng pinaringan kemampuan. Ugi maringi motivasi datheng tiyang, supados istiqamah anggene tindhak dhateng masjid saperlu nglampahi ibadah shalat Jumat.


Lan mboten wonten ingkang mangertos nasib saha rejeki saking Gusti, mbok menawi jalaran saking niat sahe lan istiqomah kita ngibadah dhateng Allah, Gusti Allah maringi kesempatan kita saget sowan dhateng Baitullah.  


Mugi-mugi kita sedaya pinaringan kesempatan dados tamune Gusti Allah, saget nglampahi ibadah haji lan umroh dhateng Baitullah. Amin ya Rabbal Alamin. 
 

  جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا . باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ  


Khutbah II


 اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ  


Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali