Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Keutamaan Wulan Sya'ban lan Persiapan Ngadhepi Ramadhan

NU Online  ·  Jumat, 23 Januari 2026 | 05:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Keutamaan Wulan Sya'ban lan Persiapan Ngadhepi Ramadhan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Keutamaan Bulan Sya'ban Persiapan Ramadhan (NUO)

Bulan Sya'ban menjadi bulan persiapan bagi umat Islam, sebelum memasuki gerbang Ramadhan. Persiapan menuju Bulan Ramadhan yang dapat disebut sebagai tamu yang agung ini menjadi penting. Ibarat hendak kedatangan seorang yang mulia dan agung, tentu kita akan mempersiapkan diri dengan sebaik mungkin. Karena itu, mari persiapkan diri kita sebaik mungkin di bulan Sya'ban ini untuk bekal menuju bulan yang mulia.
 

Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa berikut ini berjudul:Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Keutamaan Wulan Sya'ban lan Persiapan Ngadhepi Ramadhan”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
 


Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.  قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَابْتَغُوْٓا اِلَيْهِ الْوَسِيْلَةَ وَجَاهِدُوْا فِيْ سَبِيْلِهٖ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah Swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalan kang sahe. 
 

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Wonten ing Al-Qur'an Gusti Allah sampun paring dhawuh:
 

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَابْتَغُوْٓا اِلَيْهِ الْوَسِيْلَةَ وَجَاهِدُوْا فِيْ سَبِيْلِهٖ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
 

​​​​​Artosipun, "Hai wong-wong kang padha iman, sira kabeh padha takwa marang Allah. Lan padha nuprih lantaran tumuju marang ridhane, lan padha jihad ing dalem dalan ngagungake agamane Allah, supaya sira kabeh dadi wong kang begja."  (QS Al Ma'idah ayat 35).
 

KH Bisri Musthofa wonten ing Tafsir Al-Ibriz, juz 6, kaca 288, maringi keterangan bilih kita saget angsal ridhanipun Gusti Allah kelawan ngelampahi taat lan amal shalih. Pramila, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.Para jamaah ingkang minulya.
 

Mboten keraos, sekedap malih kita bakal kerawuhan wulan ingkang minulya inggih punika wulan Ramadhan. Ibarat badhe kerawuhan tamu ingkang agung, mestinipun kita bakal damel persiapan ingkang paling sahe.Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun maringi tuladha marang kita, piyambakipun menawi sampu badhe wulan Ramadhan, malahan awit wulan Rajab piyambakipun maos dunga, kados dene ingkang kasebat ing hadits:
 

عَنْ أَنَسِ بْنِ مَالِكٍ، قَالَ: كَانَ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِذَا دَخَلَ رَجَبٌ قَالَ: اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبٍ وَشَعْبَانَ وَبَارِكْ لَنَا فِي رَمَضَانَ
 

Artosipun: “Saking Anas bin Malik ra, piyambakipun sampun ngendikan: Nalika mlebet wulan Rajab, Kanjeng Nabi maos dunga: Duh Gusti Allah, mugi Panjenengan maringi kanugerahan keberkahan dateng kita, ana ing wulan Rajab lan Sya'ban, ugi mugi Panjenengan ndugiaken kita ngantos dumugi wulan Ramadhan.” (HR Ahmad).
 

Dunga ingkang dipun contoaken saking Kanjeng Nabi menika, nuduhake kautamaan wonten ing wulan Rajab lan Sya'ban. Saget ugi, kita pendhet tuladha, bilih sak derengipun kerawuhan wulan Ramadhan, Kanjeng Nabi sampun damel persiapan kangge nyambut wulan suci, malahan saking wulan Rajab lan Sya'ban.Kajaba maos dunga punika, kagem persiapan tumuju ing Ramadhan, awak saha manah kita ugi saget kita latih, kanthi nglampahi amalan-amalan, kaya dene pasa lan kesahenan sanesipun. Pasa sunnah ing wulan Sya'ban punika kalebet ibadah ingkang dipun remeni kalian Kanjeng Rasulullah saw. Wonten ing riwayat hadits saking Sayyidah 'Aisyah RA:
 

وَمَا رَأَيْتُ رَسُولَ اللَّهِ ﷺ اسْتَكْمَلَ صِيَامَ شَهْرٍ إِلَّا رَمَضَانَ، وَمَا رَأَيْتُهُ أَكْثَرَ صِيَامًا مِنْهُ فِي شَعْبَانَ
 

Artosipun, "Kula mboten nate ningali Kanjeng Rasulullah saw nglampahi pasa kang sampurna (sewulan penuh) kajaba ing wulan Ramadhan, lan kula mboten nate ningali piyambake (Kanjeng Nabi saw) nglampahi pasa (sunnah) langkung kathah, ing dalem wulan Sya'ban (tinimbang wulan-wulan sanese)." (HR. Muslim).
 

Wonten ing hadits riwayat saking Imam An-Nasai, Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi paring keterangan punapa piyambakipun remen nglampahi pasa ing wulan Sya'ban. Sebab, ing wulan Sya'ban punika dados wekdal dipun aturke utawi dipun laporke amal keshalihan manungsa marang Gusti Allah. Pramila, Kanjeng Nabi Muhammad saw remen menawi nalika amal punika dipun aturaken marang Allah, piyambakipun ing dalem keadaan nglampahi pasa.
 

Para jamaah ingkang minulya

Wulan Sya'ban punika wulan ingkang kebak barakah. Pramila, mangga kita isi kanthi amalan-amalan kesahenan supados kita angsal kautamanipun. Ugi kagem persiapan ing dalem kita nyambut wulan suci Ramadhan.Mugi-mugi kita sedaya pinaringan keberkahan ing wulan Sya'ban punika. Lan mugi kita sedaya dipun tebihake saking sedaya penyakit, balak, lan musibah. Amin ya Rabbal Alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ
 

فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ 
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali