Khutbah

Khutbah Bahasa Jawa: Kautaman Silaturahim lan Cara Nepung Paseduluran

NU Online  ·  Jumat, 20 Maret 2026 | 06:00 WIB

Khutbah Bahasa Jawa: Kautaman Silaturahim lan Cara Nepung Paseduluran

Khutbah Bahasa Jawa tentang keutamaan dan cara silaturahim

Tak terasa bulan Ramadhan akan segera meninggalkan kita dan kemudian kita akan berjumpa dengan awal bulan Syawal yang biasa kita sebut sebagai Hari Raya Idul Fitri. Pada momen tersebut, pada umumnya digunakan sebagai saat yang tepat untuk bersilaturahim, yang memiliki banyak keutamaan. Apa saja keutamaan dari silaturahim?
 

Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini berjudul: “Khutbah Bahasa Jawa: Kautaman Silaturahim lan Cara Nepung Paseduluran". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
 


Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.  قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah Swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalan kang sahe.
 

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng Khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

Tiyang ingkang iman lan takwa punika, ugi kedah gadhahi sifat seneng tepung paseduluran lan mboten remen cecongkrahan, kados ingkang sampun dipunterangaken wonten ing Surat Al-Anfal ayat 1. Gusti Allah swt sampun paring dhawuh:
 

فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَصْلِحُوْا ذَاتَ بَيْنِكُمْۖ وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗٓ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ
 

Artosipun, "Pada takwa sira kabeh ing Allah, lan sira kabeh padha ambagusake anggene paseduluran, aja padha pasulayan lan sira kabeh padha taat marang Allah Ta'ala lan utusane yen nyata sira kabeh padha iman."
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya Tepung paseduluran utawi silaturahim punika perkawis ingkang sahe. Lan saget dados lantaran amal kangge kita, mlebet ing Swarga. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring pangandikan:
 

يَا أَيُّهَا النَّاسُ، أَفْشُوا السَّلَامَ وَصِلُوا الْأَرْحَامَ، وَأَطْعِمُوا الطَّعَامَ، وَصَلُّوا بِاللَّيْلِ وَالنَّاسُ نِيَامٌ، تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ بِسَلَامٍ
 

Artosipun, "Hai para manungsa, padha sebarna salam, lan tepung ing paseduluran, lan wenehana panganan, lan shalat wengi nalika wong-wong lagi padha turu. Sliramu bakal padha mlebu Swarga kanthi slamet." (HR Ibnu Majah).
 

Bilih kautaman amalan silaturahim punika kathah sanget. Syekh Sulaiman Al-Bujairimi ing Kitab Hasyiyatul Bujairimi 'alal Khatib, juz III kaca 272, sampun maringi keterangan, wonten kathah sanget kautaman saking amalan silaturahim:
 

وَفِي صِلَةِ الرَّحِمِ عَشْرُ خِصَالٍ مَحْمُودَةٍ
 

Artosipun, "Ing dalem silaturahim, (paling mboten) wonten 10 perkawis ingkang pinuji."
 

Salah setunggale kautamaan silaturahim inggih punika saget maringi tambahe berkah yuswa lan rezeki. Kados dene kasebat ing hadits ingkang dipunriwayataken saking Sahabat Anas bin Malik ra. Nabi Muhammad saw paring dhawuh:
 

مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ
 

Artosipun, "Sapa wonge kang pingin dipun-jembarake rezekine lan dipun-dawa'ake ing umure, mangka becik  padha silaturahim utawi tepung ing paseduluran." (HR Al-Bukhari).
 

Kajaba kautamaan dipun paringi jembar rezeki lan tambahe umur punika, silaturahim ugi saget nuwuhaken rasa bungah. Langkung-langkung menawi nalika silaturahim, kita mbeta oleh-oleh utawi hadiah kagem tuan rumah. Ingkang dipun bales kalian adab mulyaake marang tamu. Perkawis ingkang kados mekaten, insyaallah bakal nambahi raket e rasa kekeluargaan.
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya Silaturahim punika sahenipun menawi kita saget sowan utawi kepanggih kalian para guru, sesepuh, sedherek, utawi rencang. Miturut keterangan saking Syekh Sulaiman Al-Bujairimi ingkang sampun kasebat kala wau, saget nuwuhaken rasa bungah lan suasana ati ingkang sahe.
 

Ananging, menawi ndilalah, kita dereng saget sowan utawi pinanggihan secara fisik, misal sebab kendala jarak lan sanesipun, kamangka ampun dadosaken kita pedhot ing dalem silaturahim. Langkung-langkung ing zaman digital kados sakniki. Ingkang saget pinanggihan senajan terpisah jarak ewonan kilometer.
 

Cara ingkang mekaten, selaras kalian keteranganipun Imam An-Nawawi wonten ing Syarhu Shahih Muslim, juz II kaca 139. Piyambakipun maringi keterangan bilih silaturahim punika maknanipun luas lan saget dipun lampahi kanthi pinten-pinten cara:
 

صِلَةُ الرَّحِمِ فَهِيَ الْإِحْسَانُ إِلَى الْأَقَارِبِ... فَتَارَةً تَكُونُ بِالْمَالِ وَتَارَةً بِالْخِدْمَةِ وَتَارَةً بِالزِّيَارَةِ وَالسَّلَامِ وَغَيْرِ ذَلِكَ
 

Artosipun, "Lan anapun utawi silaturahim iku dados perkawis ingkang sahe, kanggone para sedherek... ana kalane kelawan wujud bandha, bantuan, kunjungan utawa namung aruh-aruh, lan liya-liyane."
 

Pramila, menawi kita dereng saget pinaringan kesempatan saget pinanggihan, kita saget silaturahim kanthi kirim hadiah, utawi ucapan ten media sosial, utawi padha dungaake ing kesahenan, lan liya-liyane. Kanthi pinten-pinten cara silaturahim punika, mugi-mugi kita dipun tebihaken saking sifat medhot paseduluran, ingkang mboten dipun remeni kalian Gusti lan Kanjeng Nabi Muhammad saw. Kanjeng Nabi paring dhawuh:
 

لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ
 

Artosipun, "Ora bakal mlebu Swarga, wong sing medhot (silaturahim)." (HR Al-Bukhari).
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita dipun dadosaken Allah, dados tiyang ingkang remen silaturahim. Lan mugi kita ugi sedaya amal ibadah kita ing wulan Ramadhan punika dipun tampi kalian Gusti Allah. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali