Khutbah

Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa 1446 H: Makna Haji lan Kurban minangka Bukti Taat marang Gusti Allah

NU Online  ·  Kamis, 5 Juni 2025 | 15:30 WIB

Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa 1446 H: Makna Haji lan Kurban minangka Bukti Taat marang Gusti Allah

Khutbah Idul Adha Bahasa JAwa 1446 H

Khutbah Idul Adha 1446 H menekankan pada pemaknaan perayaan Hari Raya Idul Adha yang menjadi pertemuan momen ibadah haji dan kurban, sebagai wujud ketaatan kepada Allah swt. Kita meyakini bahwa Allah memiliki tujuan dalam memberikan setiap perintah kepada manusia. Allah pasti akan memberikan yang terbaik kepada kita jika kita juga berbuat baik dan mematuhi perintah-Nya. Keyakinan dan keikhlasan untuk mematuhi perintah-Nya akan membawa kebaikan kepada kita.
 

Teks khutbah berikut berjudul "Khutbah Idul Adha 1446 H: Makna Haji lan Kurban minangka Bukti Taat marang Gusti Allah." Untuk mencetak naskah khutbah Idul Adha Bahasa Jawa ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan dekstop). Semoga bermanfaat! (Redaksi).
 


Khutbah I
 

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ. اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ. اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ ... كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللّٰهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِذَبْحِ الْأُضْحِيَّةِ. وَبَلَغَنَا إِلَى هٰذَا الْيَوْمِ مِنْ عَشْرِ ذِي الْحِجَّةِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ ذُوْ رَحْمَةٍ وَاسِعَةٍ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ تُرْجَى مِنْهُ الشَّفَاعَةُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الرَّحْمَةِ، وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ ذَوِي الْعُقُوْلِ السَّلِيْمَةِ، صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ، أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ : لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ
 

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat, jamaah shalat Idul Adha rahimakumullah

Sedaya puji namung kagunganipun Allah ta’ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos kita mboten saget ngetung sedaya peparing saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita pinaringan nikmat, arupi awak ingkang sehat wal afiat lan ati kang bungah.
 

Langkung-langkung arupi nikmat iman lan islam, ingkang mugi-mugi saget kita jaga ngantos dumugi akhir gesang kita. Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta’ala.
 

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan ninda'ake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita sedaya kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dhawuhipun Allah ta'ala:
 

وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ
 

Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah: 197).
 

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
 

Jamaah shalat Idul Adha ingkang minulya

Sejarah saking ibadah kurban, kawitan nalika Nabi Ibrahim as pikantuk préntah saking Gusti Allah swt, supados nyembelih putranipun ingkang asma Ismail as. Kanthi iman kang teteg marang Gusti, préntah punika dipun laksanaake Nabi Ibrahim.
 

Ananging sakderengipun Nabi Ibrahim nyembelih Nabi Ismail, Gusti Allah lajeng ngutus malaikat kang ngasta menda saking swarga, kangge gantosipun ingkang badhe dipun sembelih. Kisah punika kasebat wonten ing Al Qur'an Surat As-Shaffat ayat 102:
 

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
 

Artosipun, "Mangka tatkala putrane wis yuswa pitung tahun, Nabi Ibrahim nampa wahyu supaya nyembelih putrane, Nabi Ibrahim  ngêndika: Hei anak ingsun angger, ingsun supêna sakjerone sare, menawa ingsun nyembelih marang sliramu, coba pikiren kepriye mungguh sliramu? Ingkang putra matur: Bapak, dalem aturi ninda'ake préntahipun Allah, dalem Insyaallah mboten badhe bangkang, nanging badhe sabar." (QS As-Shaffat ayat 102, lan dipun terangaken ugi wonten ing Tafsir Al-Ibriz, juz 23 kaca 1587).
 

Saking kisah sejarah punika, umat Islam lajeng dipun perintah supados nyembelih kewan kurban ingkang gadahi makna kagem pepenget marang kita, bilih mboten wonten tujuan gesang kita ing alam dunya, kajaba kanggo nyembah utawi ibadah marang Gusti Allah swt.
 

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ
 

Artosipun, "Lan ora nitahake Ingsun (Allah) ing jin lan manungsa, kajaba supaya dheweke kabeh pada nyembah ing Ingsun (Allah)." (QS Ad-Dzariyat ayat 56).
 

Hikmahipun ujian Allah ing Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail, inggih punika ikhlas ing dalem nglampahi préntahe Gusti. Ikhlas punika dados kunci supados kita angsal ridhane Gusti, kelawan ninda'ake préntahe. Kosok wangsulipun, sampun ngantos kita nglampahi ibadah ingkang mboten dipun sartani kanthi ikhlas. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring dhawuh:
 

إِنَّ اللَّهَ لا يَقْبَلُ مِنْ الْعَمَلِ إِلَّا مَا كَانَ لَهُ خَالِصًا وَابْتُغِيَ بِهِ وَجْهُهُ
 

Artosipun, "Gusti Allah mboten bakal nampi amal, kajaba amal (ibadah) kanthi ikhlas lan kerana pados ridhane Gusti Allah," (HR An-Nasa'i).
 

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
 

Jamaah shalat Idul Adha ingkang minulya

Kajaba Ibadah nyembelih kewan kurban, nalika Idul Adha utawi ing wulan Dzulhijjah, setengah saking umat Islam ugi padha ninda'ake ibadah haji. Ibadah haji punika kalebet salah setunggale Rukun Islam, sak sampunipun syahadat, shalat, pasa, lan zakat.
 

Préntah ibadah haji wonten ing Al-Qur’an, surah Ali Imran ayat 97:
 

وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلًا وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ
 

Artosipun: "Nglampahi ibadah haji dados kewajiban menungsa datheng Allah, yaiku kanggone tiyang kang wis gadhah kemampuan ninda'ake datheng Baitullah. Sapa wonge kang ngingkari ibadah haji, mangka setuhune Gusti Allah iku Maha Sugih (ora butuhake perkawis) saking sedaya Alam kabeh.”
 

Ayat ingkang sampun kasebat, negesaken bilih ibadah haji hukumipun wajib. Ananging kewajiban punika, khususipun kagem tiyang ingkang sampun gadah kemampuan, sebab ibadah menika mbetahaken modal arupi bandha lan tenaga. 
 

Lelampahan ibadah haji punika kathah maknanipun. Kain ihram ingkang dados rasukanipun para jamaah haji, ngemutaken marang kain kafan, ingkang bakal diagem nalika kita sampun seda. Bilih sedaya manungsa mesti bakal marak sowan maring Gusti.
 

Ing dalem lelampahan ibadah haji, ugi wonten thawaf muteri Ka'bah lan sa'i lelampahan saking bukit Shafa ten bukit Marwah. Ibadah punika saget dipun maknani, bilih tujuan manungsa gesang ing dunya punika, sejatosipun kangge mlampah tumuju marang kamuliaan angsal ridhane Gusti. Lan kathah sanget lelampahan nalika ibadah haji ingkang anggadahi falsafah ingkang sahe.
 

Akhiripun, ibadah haji kang dilampahi kanthi syarat rukune saha dipun sartani ikhlas, mangka bakal pikantuk predikat haji mabrur utawi haji ingkang maqbul, ditampi marang Gusti Allah lan bakal dipun ganjar swarga. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

اَلْحَجُّ الْمَبْرُورُ لَيْسَ لَهُ جَزَاءٌ إِلَّا الْجَنَّةُ
 

Artosipun, "Haji ingkang mabrur, ora ana liyane walesan kanggone wong kang haji mabrur kajaba swarga," (HR An-Nasa'i).
 

Setengah saking pratandhane haji ingkang mabrur inggih punika, saget ditingali saking tambahe ing kesahenan. Tegese piyambake laku uripe langkung sahe tinimbang sak derengipun nglampahi haji lan mboten mbaleni maksiat utawa dosa kang wis tau dilakoni.
 

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
 

Jamaah shalat Idul Adha ingkang minulya

Menikalah ibadah kurban lan haji, ingkang sedaya ibadah wau gadahi tujuan supados kita ing dalem nglampahi gesang ing dunya punika, kedah dipun lampahi kanthi niat ibadah lan dipun sartani pasrah lan ikhlas, supados kita pikantuk ridha saking Gusti.
 

Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, pinaringan rezeki ingkang gampil, kathah, lan barokah. Mugi-mugi Gusti Allah maringi kita kesempatan saha kekiyatan, supados kita saget ninda'ake ibadah umroh lan haji wonten ing Tanah Suci. Lan kita dungaaken, mugi-mugi sedherek kita, sedaya umat Islam ingkang nembe nglampahi haji pinaringan sehat, lancar, slamet, lan dipun tampi kalian Gusti. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ فِى اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، اِنَّهُ هُوَ الْبَرُّ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ
 


Khutbah II
 

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ. اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ. اَللّٰهُ أَكْبَرُ ... كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللّٰهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِذَبْحِ الْأُضْحِيَّةِ. وَبَلَغَنَا إِلَى هٰذَا الْيَوْمِ مِنْ عَشْرِ ذِي الْحِجَّةِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ ذُوْ رَحْمَةٍ وَاسِعَةٍ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ تُرْجَى مِنْهُ الشَّفَاعَةُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الرَّحْمَةِ، وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ ذَوِي الْعُقُوْلِ السَّلِيْمَةِ، صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ، أَمَّا بَعْدُ

فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهْ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللّٰهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللّٰهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
 

عِبَادَاللّٰهِ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
 


Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali