Khutbah

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 2026: Prakawis-prakawis kang Nuwuhake Raos Takwa

Jumat, 20 Maret 2026 | 16:00 WIB

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 2026: Prakawis-prakawis kang Nuwuhake Raos Takwa

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 2026 tentang hal-hal yang menumbuhkan ketakwaan

Membentuk pribadi yang bertakwa sebagai tujuan utama berpuasa yang kemudian diakhiri dengan simbol momentum Idul Fitri. Ketakwaan dapat disebabkan atau ditumbuhkan dengan berbagai cara. Semisal dengan mengingat kebaikan-kebaikan yang telah diberikan oleh Allah swt kepada kita. Selain itu apa lagi hal yang dapat menyebabkan atau menumbuhkan ketakwaan?
 

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa kali ini berjudul: “Khutbah Idul Fitri 1447 H Bahasa Jawa: Prakawis-prakawis kang Saget Nuwuhake Raos Takwa". Untuk mengunduh dan mencetak naskah khutbah Idul Fitri ini silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
 

 

Khutbah I
 

اَللّٰهُ أَكْبَرُ (×٣) اَللّٰهُ أَكْبَرُ (×٣) اَللّٰهُ أَكْبَرُ (×٣) وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللّٰهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا. لاَ إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ لَاإِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَرَّمَ الصِّياَمَ أَيّاَمَ الأَعْياَدِ ضِيَافَةً لِعِباَدِهِ الصَّالِحِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الْجَنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إِلىَ الصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنَ

 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَآ أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وَاتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقاَتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰه تَعَالى: وَسَارِعُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُۙ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَۙ الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَّۤاءِ وَالضَّرَّۤاءِ وَالْكٰظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَۚ
 

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang dipunrahmati Allah Sedaya puji namung kagunganipun Allah Ta’ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos kita mboten saget ngetung sedaya peparing saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita saget makempal sareng-sareng keluarga, sedherek, ugi umat Muslim kanthi badan ingkang sehat wal afiat lan raos manah kang bungah.
 

Sebab dinten menika kita sedaya sami ngrayaaké Idul Fitri utawi dinten riyaya, dinten ingkang kebak berkah saha raos bungah. Sedaya nikmat punika mangga tansah kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet ing dalem golongané tiyang ingkang syukur dhateng Allah Ta’ala.
 

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepéling kagem kita sedaya. Wonten ing Al-Qur'an Gusti Allah swt sampun paring dhawuh:
 

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَابْتَغُوْٓا اِلَيْهِ الْوَسِيْلَةَ وَجَاهِدُوْا فِيْ سَبِيْلِهٖ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
 

Artosipun, "Héi wong-wong kang padha iman, sira kabeh padha takwa marang Allah. Lan padha nuprih lantaran tumuju marang ridhané, lan padha jihad ing dalem dalan ngagungake agamané Allah, supaya sira kabeh dadi wong kang begja."  (QS Al Ma'idah ayat 35).
 

KH Bisri Musthofa wonten ing Tafsir Al-Ibriz, juz VI kaca 288, maringi keterangan bilih kita saget angsal ridhanipun Gusti Allah kelawan ngelampahi taat lan amal shalih. Pramila, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaaké perintahipun Gusti saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah Ta’ala.
 

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ، لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
 

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulya Sifat takwa punika ugi dados tujuan lan pratandhané sukses kanggoné tiyang ingkang nglampahi ibadah pasa ing wulan Ramadhan. Kados déné dhawuhé Gusti Allah swt wonten ing surat Al Baqarah ayat 183:
 

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
 

Artosipun: "Héi éling-éling wong-wong kang padha iman, den fardhuaké ingatasé sira kabeh apa pasa. Kaya olehé difardhuaké pasa mau ingatasé umat-umat sakdurungé (umat Nabi Muhammad Saw.) Supaya (wong-wong mukmin) padha takwa marang Allah ta’ala."
 

Ibadah pasa punika mesti bakal selaras kalian tujuan ing takwa. Sebab, saking ibadah pasa ingkang sampun kita lampahi punika, saget dados cara kanggo ngendoaken syahwat kang dadi sumberé maksiat. Kanthi ngeker saking perkawis-perkawis kang saget mbatalaké pasa kados déné dhahar, ngunjuk, lan liya-liyané.
 

Pasa ugi saget gawé sempit dalan mlebuné para setan ing awaké manungsa. Kanjeng Nabi Muhammad saw paring dhawuh:
 

إِنَّ الشَّيْطَانَ يَجْرِي مِنَ ابْنِ آدَمَ مَجْرَى الدَّمِ ، فَضَيِّقُوا مَجَارِيَهُ بِالْجُوع
 

Artosipun, “Saktemené setan iku mlebu/mili saking dalan aliran getihé anak Adam, kamangka gawé sempit dalan mlebuné (setan) mau, kelawan rasa luwé (pasa).” (HR Al-Bukhari).
 

Tiyang ingkang saget ngeker hawa nafsuné, ing akhiripun bakal pinaringan maqam utawi tingkatan derajat ingkang saget ngluwihi para malaikat. Sebab manungsa punika dipun ciptaaké Gusti Allah, kanthi bekal akal lan hawa nafsu. Bèntên kalian para malaikat ingkang mboten kagungan hawa nafsu.
 

Kajaba nglampahi pasa, pratandhané muttaqin utawi tiyang-tiyang ingkang takwa punika ugi saget dipun tingali saking tandha lan amalan sanesipun. Wonten ing awal Surat Al-Baqarah ingkang asring kita waos, ugi sampun dipun terangaké tanda-tandané muttaqin utawi tiyang-tiyang ingkang takwa marang Gusti Allah swt:
 

الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَۙ وَالَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَۚ وَبِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَۗ
 

Artosipun, "(Utawi wong-wong kang padha takwa) yaiku kang padha percaya kang ghaib utawa ora katon mata (kaya Swarga, neraka, lan liya-liyané), ngelakoni shalat, lan nyokongaké sebagian saking bandane, lan iya wong kang padha percaya marang kebenarané kitab Al-Qur'an lan kitab-kitab kang diturunaké sakdurungé Al-Qur'an lan percaya marang akhirat," (QS Al-Baqarah ayat 3-4).
 

Wonten ing ayat saklajengipun dipun terangaken, bilih tiyang-tiyang ingkang takwa mau kalebet tiyang ingkang angsal pituduh saking Gusti Allah lan ingkang mengkunu iku kalebet muflihun utawi wong-wong kang angsal begja kemayangan.
 

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ, لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
 

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulya Bilih raos takwa punika ugi saget dipun tuwuhaké kanthi pinten-pinten prakawis. Syekh Hasan Mas'udi ing kitab Taisirul Khalaq fi ‘Ilmil Akhlak kaca 3-4, sampun maringi keterangan gegandengan kalian prakawis-prakawis ingkang saget dados sebab utawi nuwuhaké raos takwa:
 

Ingkang pertama, inggih punika Ngagungaké Gusti Allah ingkang gadahi sifat ingkang paling kuat lan mulya. Kosok wangsulipun, wondené manungsa iku namung makhluk ingkang duwéni sifat kang apes lan asor. Pramila, ing momen Idul Fitri punika, saget dados wekdal ingkang sahe kanggé kita, ngakeni asoripun awak dhewe, anggené kita kanthi tansah nyuwun rahmat lan pangapura saking Gusti, ugi nyuwun pangapura marang sepadha.
 

Lajeng ingkang kaping kalih, takwa punika saget dipun tuwuhaké kanthi ngéling-eling sedaya Dzat Maha Sahéne Gusti Allah. Saha sedaya peparing lan kanugrahanipun. Kamangka kita saget tambah raos syukur lan takwa kita dhateng Gusti. Kados déné keterangan ingkang sampun kasebat ing awal khutbah.
 

Lan ingkang kaping tiga, takwa punika saget dipun tuwuhaké kanthi ngéling-eling, bilih kita sedaya mesti bakal padha mati. Lan sakbibare kita mati, mesti bakalé wonten alam barzah, alam akhirat, lan prakawis sanesipun ingkang kedahipun saget dados pepéling kita nalika ing dunya. Gusti Allah swt sampun paring dhawuh:
 

وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَعِبٌ وَّلَهْوٌۗ وَلَلدَّارُ الْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ
 

Artosipun, "Sejatine ketungkul kelawan dunya iku namung dolanan lan lelahanan (sebab énaké namung sedhéla banget). Lan sayektine desa akhirat iku luwih bagus tumerap wong-wong kang padha takwa. Apa sira ora padha bisa mikir?" (QS Al-An'am ayat 32).

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulya Mekaten atur khutbah wonten ing kesempatan menika. Mugi-mugi kita sedaya dipun dadosaken Allah ta’ala, kalebet tiyang ingkang takwa, begja dunya lan akhirat. Dipun paringi pangapura sedaya dosa kita. Dipun tampi sedaya amal ibadah kita. Lan mugi-mugi kita dipun kempalaké sareng keluarga, guru-guru kita, langkung-langkung sartané Kanjeng Nabi Muhammad saw wonten ing Suwarganipun Allah Ta’ala. Amin. Allahumma amin.
 

جَعَلَنَا اللّٰهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَالْمَقْبُوْلِيْنَ، وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ، اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِى وَلَكُمْ، وَلِوَالِدَيْنَا وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

Khutbah II


اَللّٰهُ اَكْبَرُ (٣×) اَللّٰهُ اَكْبَرُ (٤×) اَللّٰهُ اَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللّٰهُ بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً. لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللّٰهُ وَاللّٰهُ اَكْبَرْ اللّٰهُ اَكْبَرْ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ.
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذي وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدْقِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
 

عِبَادَ اللّٰهِ، إنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Wakil Ketua PC GP Ansor Boyolali