Khutbah

Khutbah Bahasa Jawa: Kautaman 10 Dinten Terakhir Wulan Ramadhan lan Mapag Lailatul Qadar

NU Online  ·  Jumat, 13 Maret 2026 | 05:30 WIB

Khutbah Bahasa Jawa: Kautaman 10 Dinten Terakhir Wulan Ramadhan lan Mapag Lailatul Qadar

Khutbah Bahasa Jawa tentang keutaman 10 hari terakhir Ramadhan lan Lailatul Qadar (Wates Minimal )

Salah satu momen yang istimewa di bulan Ramadhan adalah Lailatul Qadar, yang bila kita beribadah pada kesempatan tersebut, akan mendapatkan pahala yang lebih baik dibandingkan ibadah selama 1000 bulan. Meskipun waktu Lailatul Qadar bersifat rahasia, namun dikatakan dalam sebuah riwayat hadits, Lailatul Qadar akan datang pada 10 malam terakhir di bulan Ramadhan. Karena itu, mari kita hidupkan malam-malam terakhir ini, agar kita mendapatkan keutamaan dan keberkahannya.
 

Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini berjudul: “Khutbah Bahasa Jawa: Kautaman 10 Dinten Terakhir Wulan Ramadhan lan Mapag Lailatul Qadar". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
 

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ  قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ:  اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ. وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalan kang sahe.
 

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah Ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al-Baqarah: 197).
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Alhamdulillah, wonten ing wekdal menika kita taksih pinaringan kenikmatan saking Gusti, saget kepanggih kalian wulan Ramadhan. Mugi-mugi ing wulan punika kita pinaringan sehat wal afiat saget nglampahi sedaya amal ibadah kanthi raos bungah lan istiqamah.
 

Langkung-langkung menawi sampun mlebet wekdal 10 dinten kang akhir saking wulan Ramadhan punika, mangga kita tambah semangat anggene kita ngibadah. Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi sampun paring tuladha dhumateng kita sedaya.
 

Piyambakipun menawi sampun mlebet wekdal 10 dinten kang akhir saking wulan Ramadhan langkung kenceng ing dalem ibadah lan nyerak marang Gusti Allah swt. Wonten ing salah setunggalipun hadits ingkang dipun riwayataken Sayyidah Aisyah ra:
 

​​​​​كَانَ رَسُوْلُ اللّٰهِ يَجْتَهِدُ فِيْ العَشْرِ الأَوَاخِرِ مَا لاَ يَجْتَهِدُ فِيْ غَيْرِهِ
 

Artosipun, “Kanjeng Rasulullah saw iku (langkung) temenan ing dalem wanci sepuluh (dinten) akhir ing wulan Ramadhan. Kang mboten den lampahi (Kanjeng Nabi) ing wanci sanese." (HR Muslim)ز
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Kajaba kita nuladhani lelampahanipun Kanjeng Nabi saw ingkang sampun kasebat, wonten ing wekdal 10 dinten kang akhir saking wulan Ramadhan punika ugi dados wekdal Lailatul Qadar. Dipunriwayataken malih saking Sayyidah Aisyah:
 

تَحَرَّوْا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِى الْوِتْرِ مِنَ الْعَشْرِ الأَوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ
 

Artosipun, "Sliramu padha ngluru lailatul qadar ing dalem itungan (tanggal) ganjil saking sepuluh kang akhire wulan Ramadhan." (HR Al-Bukhari).
 

Menawi istilah Lailatul Qadar punika ugi sampun kasebat wonten ing Al-Qur'an, ing salah setunggalipun surat ingkang dipunasmani Surat Al-Qadr. Surat punika ingkang nerangaken tumurune Al-Qur'an nalika wengi kang diarani Lailatul Qadar.
 

Dipun terangaken babagan Lailatul Qadar, yaiku wengi kang mulya, kang luwih bagus katimbang sewu wulan. Gusti Allah swt. paring dhawuh:
 

إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ. وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ. لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ
 

Artosipun, "Setuhune Ingsun (Allah) iku nurunake Al-Qur'an ing dalem wengi kang mulya. Utawi apa iku lailatul qadar mungguh keagungane. Lailatul qadar iku luwih bagus katimbang sewu wulan." (QS Al-Qadr: 1-3).
 

Ingkang den maksud luwih bagus katimbang sewu wulan, yaiku amal ana ing wengi lailatul qadar iku luwih bagus katimbang amal sewu wulan ing liyane wengi Lailatul Qadar. Ana ing wanci lailatul qadar Malaikat Jibril ugi para malaikat sanese padha tumurun kanthi izin saking Gusti Allah saperlu padha uluk salam marang wong-wong mukmin ngantos dumugi wekdal mlethèke fajar. (Tafsir Al-Ibriz, juz 30, kaca 2250-2251).
 

Kados dene ingkang kasebat ing saklajengipun ayat ing Surat Al-Qadr:
 

تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ. سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْر
 

Artosipun, "Padha tumurun para malaikat lan Malaikat Jibril ing dalem lalatul qadar kelawan izine saking Pengeran, saking saben-saben perkara. Iku padha uluk salam (para malaikat) hingga mlethèke fajar." (QS Al-Qadr: 4-5).
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Lajeng amal ibadah napa ingkang saget kita lampahi, supados kita angsal kautamaan lan keberkahan saking Lailatul Qadar punika?
 

Ibnu Rajab Al-Hanbali wonten ing kitab Lathaiful Ma'arif kaca 204 maringi keterangan, kathah sanget amalan kesahenan ingkang saget kita lampahi ing wekdal dalu nalika sampun mlebet 10 dinten kang akhir saking wulan Ramadhan. 
 

Ingkang pertama kita saget ngamalaken shalat wengi, kados dene tarawih, tahajud, lan witir. Lajeng ingkang kaping kalih, kita saget ngurip-ngurip wekdal dalu nalika ing 10 dinten kang akhir saking wulan Ramadhan punika kanthi ngathah-ngathahaken maos Al-Qur'an.
 

Maos Al-Qur'an ing saben-saben dalu ing wulan Ramadhan punika ugi dados tindhak lampahipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

وَكَانَ يَلْقَاهُ فِي كُلِّ لَيْلَةٍ مِنْ رَمَضَانَ فَيُدَارِسُهُ الْقُرْآنَ
 

Artosipun, "Malaikat Jibril as iku pinanggih kalian Kanjeng Nabi saw ing dalem saben-saben dalu saking wulan Ramadhan, (nalikane pinanggih) Malaikat Jibril mulang dhatêng Kanjeng Nabi ing Al-Qur'an." (HR Al-Bukhari).
 

Langkung-langkung menawi maos Al-Qur'an punika, kita lampahi kita berjamaah utawi ndarus sareng-sareng, khususipun wonten ing masjid utawi mushala, mangka bakal dipun paringi kautamaan ingkang langkung kathah. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring keterangan ing salah setunggale hadits, ingkang dipun riwayataken saking sahabat Abu Hurairah ra:
 

وَمَا اجْتَمَعَ قَوْمٌ فِي بَيْتٍ مِنْ بُيُوْتِ اللهِ يَتْلُوْنَ كِتَابَ اللهِ وَيتَدَارَسُوْنَهَ بَيْنَهُمْ إِلاَّ نَزَلَتْ عَلَيْهِمُ السَّكِيْنَةُ وَغَشِيَتْهُمُ الرَّحْمَةُ
 

Artosipun, “Ora ana (ganjaran liya) kanggo wong kang padha kumpul ana ing omah-omahe Gusti Allah kanthi maca utawi nyinauni Al-Qur’an, kajaba bakal dipunturunaken katentreman lan rahmat.” (HR Muslim).
 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah
Lajeng amalan ingkang kaping tiga ingkang saget kita lampahi nalika wekdal dalu ing 10 dinten terakhir wulan Ramadhan inggih punika, ngathah-ngathahake maos dunga. Doa ingkang dipun riwayataken saking Sayyidah Aisyah saking Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

اَللَّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ كَرِيمٌ  تُحِبُّ اَلْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّي
 

Artosipun, "Ya Allah, setuhune Panjenengan iku Dzat kang Maha Pangapura lan remen marang wong kang nyuwun pangapura. Mangka mugi Panjenengan paring pangapura dhatêng kula." (HR At-Tirmidzi).
 

Ingkang terakhir, kita saget ngamalaken tafakur utawi angen-angen sedaya perkawis saking Gusti, sahe niku nikmat lan sanesipun. Syekh Nawawi Al-Bantani wonten ing kitab Kasyifatus Saja kaca 6, sampun maringi keterangan, bilih tafakur punika saget dipunlampahi kanthi 5 jenis:

  1. Tafakur ayat-ayate Gusti Allah
  2. Tafakur sedaya nikmat saking Gusti Allah
  3. Tafakur kelawan janjine Gusti
  4. Tafakur saking pepelinge Gusti Allah
  5. Tafakur saking laline kita marang perintahe Gusti Allah.
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, saget kepanggih lan angsal keberkahan lan ganjaran saking Lailatul Qadar. Mugi kita ugi saget nglampahi ibadah ing wulan Ramadhan kanthi iman kang jejeg, awak kang sehat wal afiat, saha raos bungah lan istiqamah. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
 

Khutbah II
 

لْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
 

  إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ

​​​​​​
 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali