Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kunci Kamulyan, Sugih Tanpa Bandha, Digdaya Tanpa Aji
NU Online · Jumat, 11 September 2026 | 09:00 WIB
Ajie Najmuddin
Kolumnis
Dalam falsafah Jawa, ada kalimat yang cukup populer dan bahkan dijadikan syair lagu. Kalimat tersebut yakni sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, lan nglurug tanpa bala. Untuk mendapatkan berbagai perkara tersebut, ternyata kuncinya adalah sama seperti halnya karakter orang-orang bertakwa, yakni dengan cara menjalankan perintah Allah swt dan menjauhi larangan-Nya. Terlihat sederhana, namun hanya orang yang istiqamah yang mampu mendapatkannya.
Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini berjudul: "Kbutbah Bahasa Jawa: Kunci Kamulyan, Sugih Tanpa Bandha, Digdaya Tanpa Aji". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng Khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah: 197)
Sidang Jumat rahimakumullah
Wonten ing Tafsir Al-Ibriz juz II, kaca 71, KH Bisri Mustofa sampun maringi keterangan ing babagan ayat takwa ingkang sampun kasebat. Bilih maknane takwa punika wedi marang Allah swt. Lajeng dalane takwa punika, supaya kita padha ngakeh-akehake nglampahi ing kesaenan. Kebecikan apa wae ingkang kita lampahi, bakal dipirsani kalian Gusti Allah swt.
Keterangan punika ugi selaras kalian pangandikanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw ing babagan takwa. Wonten ing hadits ingkang dipun riwayataken Imam Ahmad:
فَلْيَتَّقِ اللَّهَ وَلْيَأْمُرْ بِالْمَعْرُوفِ وَلْيَنْهَ عَنْ الْمُنْكَرِ
Artosipun, "Mangka padha takwa sira kabeh ing Allah, lan perintah ing kebagusan sarta nyegah saking perkara kang mungkar". (HR Ahmad)
Wonten ing kitab al-Jawahir al-Lu`luiyyah Syarh al-Arba’in an-Nawawiyyah kaca 281, Syekh Muhammad bin Abdillah al-Jurdani nyerat keterangan makna takwa saking sahabat Ali bin Abi Thalib ra, inggih punika:
هِيَ الْخَوْفُ مِنَ الْجَلِيْلِ، وَالْعَمَلُ بِالتَّنْزِيْلِ، وَالْقَنَاعَةُ بِالْقَلِيْلِ، وَالْإِسْتِعْدَادُ لِيَوْمِ الرَّحِيْلِ
Artosipun, "Takwa inggih punika wedi marang (Gusti Allah) Al-Jalil, lan ngamal kelawan (isine) Al-Qur'an, rumaos cukup (qana'ah) kelawan kang sithik, lan nyiapke kanggo sakbibare urip ing dunya,"
Jamaah Jumat ingkang minulya
Tiyang ingkang takwa punika, insyaallah bakal bakal angsal kathah kautaman ing dunya lan akhirat. Babagan kautamane tiyang ingkang takwa punika, ugi dipun terangaake wonten ing kitab Nashaihul Ibad kaca 13. Syekh Nawawi Al-Bantani maringi keterangan bilih tiyang ingkang takwa, tegese nilar maksiat saha nglampahi taat marang Allah, kamangka bakal pinaringan tiga perkara kang mulia lan pinuji:
مَنْ تَرَكَ الْمَعْصِيَةَ الَّتِي تُصَيِّرُهُ ذَلِيلًا وَعَمِلَ الطَّاعَةَ الَّتِي تُصَيِّرُهُ عَزِيزًا أَعْطَاهُ اللَّهُ تَعَالَى ثَلَاثَ صِفَاتٍ مَحْمُودَةٍ
Artosipun, "Sapa wonge kang nilar maksiat kang ndadekake ina lan nglakoni keta'atan kang iso ndadekake mulia maka, Gusti Allah bakal maringi wong mau, ing tiga sifat kang pinuji."
أَغْنَاهُ اللَّهُ تَعَالَى مِنْ غَيْرِ مَالٍ) يُنْفِقُهُ بَلْ بِسُكُونِ قَلْبِهِ (وَأَيَّدَهُ) أَيْ قَوَّاهُ (مِنْ غَيْرِ جُنْدٍ) أَيْ عَسَاكِرَ يُعِينُونَهُ بَلْ بِقُوَّةِ اللَّهِ تَعَالَى (وَأَعَزَّهُ) أَيْ غَلَبَهُ عَلَى عَدُوِّهِ (مِنْ غَيْرِ عَشِيرَةٍ) أَيْ جَمَاعَةٍ يُعَاشِرُونَهُ بَلْ بِنَصْرِ اللَّهِ تَعَالَى
Ingkang pertama, inggih punika sugih tanpa bandha. Tegese Gusti Allah bakal maringi tenang atine, sehingga tiyange wau tansah gadahi raos syukur marang sedaya peparinge saking Gusti Allah swt. Tiyang ingkang syukur lan qana'ah punika, kathah utawa sithike rezeki dipun tampi kanthi ati kang seneng.
Kaping kalih, inggih punika digdaya tanpa aji lan nglurug tanpa bala. Tegese piyambake tansah rumaos bilih sedaya kekuatan, pitulungan, kesaktian, lan sanesipun, niku namung saking Gusti Allah swt. Pramila, tiyang ingkang takwa punika ugi bakal gadahi sifat syajaah utawi wani ing dalem nindakake utawa mbela perkawis ingkang bener.
Ing akhiriipun tiyang ingkang takwa punika bakal angsal kautaman Ingkang angka tiga, inggih punika kamulyan. Tegese, piyambake bakal diparingi menang ingatase musuh-musuhe, sebab angsal pitulungan saking Gusti Allah swt.
Jamaah Jumat ingkang minulya
Menikalah kautaman kanggone tiyang ingkang takwa marang Allah swt. Piyambake bakal angsal kamulyan lan kabegjan ing dunya lan akhirat. Kangge mungkasi khutbah menika, mangga kita tansah dedunga mugi Gusti Allah, tansah ndadosaken masyarakat ing kampung kita, saha negara Indonesia pinaringan rukun aman lan tentrem. Mugi-mugi kita sedaya angsal keberkahan ing wulan kamardikan menika. Amin ya Rabbal 'Alamin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali.
Terpopuler
1
Khutbah Jumat: Beberapa Amalan yang Pahalanya Terus Mengalir Setelah Kematian
2
Khutbah Istisqa: Saat Kekeringan Melanda Saatnya Muhasabah dan Berbenah Diri
3
Khutbah Jumat: Hati Merasa Jauh dari Allah, Apa yang Harus Dilakukan?
4
Jadi Ketua Umum PBNU, Gus Kikin Komitmen Tak Lupakan PWNU Jatim
5
Khutbah Jumat: Musim Kemarau dan Anjuran Hemat Air dalam Islam
6
KH Miftachul Akhyar: Muktamar Ke-35 Jadi Pelajaran NU untuk Berani Keluar dari Kebiasaan
Terkini
Lihat Semua