Khutbah

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Idul Fitri Dinten Ganjaran lan Kabingahan

NU Online  ·  Jumat, 20 Maret 2026 | 05:00 WIB

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Idul Fitri Dinten Ganjaran lan Kabingahan

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: tentang hari pahala dan kebahagiaan (NUO)

Setelah sebulan penuh kita menjalankan ibadah puasa, qiyamul lail, dan berbagai amal kebaikan di bulan Ramadhan, kini tibalah saatnya kita meraih kemenangan. Namun demikian, kebahagiaan ini hendaknya tidak hanya dimaknai sebagai kegembiraan lahiriah semata, melainkan sebagai wujud syukur atas karunia iman, Islam, serta diterimanya amal ibadah kita oleh Allah swt. 

Teks khutbah berikut ini berjudul: “Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 2026: Dinten Ganjaran lan Kabingahan”. Untuk mencetak naskah khutbah Idul Fitri ini, silahkan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
 


Khutbah I

 

اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ
 

اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
 

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ وَفَّقَنَا ِلإِتْمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ وَأَعَانَناَ عَلىَ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ وَجَعَلَنَا خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ للِنَّاسِ. نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ قُلْ بِفَضْلِ اللّٰهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوْاۗ هُوَ خَيْرٌ مِمَّا يَجْمَعُوْنَ
 

Hadirin Jamaah Idul Fitri ingkang minulya
Mangga kita sedaya sami ningkataken raos takwa dhumateng Gusti Allah kanthi nglampahi sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun, supados kita pikantuk kabegjan wongtenb ing donya lan akhirat. Ing dinten menika, kita sedaya nglumpuk wonten ing panggenan menika kanthi rasa syukur dhumateng Allah swt, awit kita diparingi nikmat ingkang agung, inggih menika saged ngrampungaken ibadah ing sak lebete wulan Ramadhan lan dumugi ing dinten riyaya Idul Fitri punika.
 

Idul Fitri menika minangka dinten ingkang agung tumrap umat Islam. Dinten menika dados pratanda bilih umat Islam sampun ngrampungaken ibadah puasa sewulan kebak kanthi siyam, qiyamul lail, maos Al-Qur’an, lan nindakaken kathah amal kabecikan sanesipun.
 

Para ulama nerangaken bilih Idul Fitri menika dipun sebat “يَوْمُ الْجَائِزَةِ”, inggih menika dinten paring ganjaran tumrap tiyang-tiyang ingkang sampun siyam ing wulan Ramadhan. Sebab menika, dinten riyaya dipun wastani “عِيْد”, kados ingkang dipun terangaken dening Imam Ibnu ‘Abidin wonten ing kitabipun Hasyiyah Darul Mukhtar, juz II kaca 165:
 

سُمِّيَ الْعِيْدُ بِهٰذَا الِاسْمِ لِأَنَّ لِلّٰهِ تَعَالَى فِيْهِ عَوَائِدَ الْإِحْسَانِ، أَيْ أَنْوَاعَ الْإِحْسَانِ الْعَائِدَةِ عَلَى عِبَادِهِ فِيْ كُلِّ يَوْمٍ
 

Artosipun: “Dinten riyaya dipun wastani ‘Id awit ing dinten menika Allah maringi malih maneka warna kabecikan lan kanugrahan dhumateng para kawulanipun.”
 

Mila Idul Fitri boten namung dinten bungah-bungah biasa, nanging dinten ingkang kebak ganjaran lan kanugrahan saking Allah swt tumrap tiyang ingkang sampun nglampahi ibadah Ramadhan kanthi leres lan ikhlas.
 

Para ulama ugi ngendika, kados kasebat wonten ing kitab Lathaiful Ma’arif kaca 342:
 

إِنَّمَا سُمِّيَ الْعِيْدُ عِيْدًا لِأَنَّ اللّٰهَ تَعَالَى يُعِيْدُ فِيْهِ عَلَى عِبَادِهِ أَنْوَاعَ الْكَرَامَاتِ وَالْمِنَحِ وَالْجَوَائِزِ، كَمَا يُعِيْدُوْنَ فِيْهِ الْفَرَحَ وَالسُّرُوْرَ
 

Artosipun: “Dinten riyaya dipun wastani ‘Id awit ing dinten menika Allah paring malih dhumateng para kawulanipun maneka warna kemuliaan, kanugrahan lan ganjaran, kados dene para kawula ugi mbaleni rasa bungah lan kabingahan.”
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 
Rasa bungah ing dinten Idul Fitri menika dudu bungah amargi bandha donya, nanging bungah amargi kita pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Allah swt. Allah Ta’ala sampun dhawuh wonten ing Al-Qur’an surat Yunus ayat 58:
 

قُلْ بِفَضْلِ اللّٰهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوْاۗ هُوَ خَيْرٌ مِمَّا يَجْمَعُوْنَ
 

Artosipun: “Ngendikoo (Muhammad): Kanthi kanugrahanne Allah lan rahmatipun, prayoginipun padha bungah. Iku langkung sae tinimbang apa wae sing padha kumpulake.”

 

Imam Al-Qurthubi nerangaken tafsir ayat menika bilih sebagian sahabat ngendika:
 

فَضْلُ اللّٰهِ الْقُرْآنُ، وَرَحْمَتُهُ الْإِسْلَامُ
 

Artosipun: “Kanugrahan Allah punika Al-Qur’an, lan rahmatipun punika agama Islam.”
 

Lan wonten ugi ingkang ngendika:
 

فَضْلُ اللّٰهِ الْإِيْمَانُ، وَرَحْمَتُهُ الْقُرْآنُ
 

Artosipun: “Kanugrahan Allah punika iman, lan rahmatipun punika Al-Qur’an.”

 

Sak lajengipun tembung: "فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوْا"punika dados isyarat dhumateng kanugrahan lan rahmat. Dene bangsa Arab ngginakaken tembung “بِذٰلِكَ” saged kangge nuduhaken perkawis siji, kalih, utawi kathah.
 

Mila meniko kabingahan sejati ing dinten Idul Fitri menika inggih menika kabingahan amargi kita tasih dipun paringi nikmat iman, nikmat Islam, lan saged nindakaken ibadah ing wulan Ramadhan. Mugi-mugi sedaya amal ibadah kita dipun tampi dening Allah lan kita kalebet tiyang ingkang pikantuk pangapunten lan rahmatipun. Amin.
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Perlu ugi dipun mangertosi bilih sejatine dinten riyaya Idul Fitri punika boten namung kagunganipun tiyang ingkang ngagem sandhangan enggal utawi numpak kendaraan ingkang sae, nanging kagunganipun tiyang ingkang tambah ketaatanipun lan dipun ngapura dosa-dosanipun. Kados ingkang kasebat wonten ing kitab Hasyiyah al-Bujairimi 'alal Khatib juz II kaca 218:
 

وَلَيْسَ الْعِيْدُ لِمَنْ لَبِسَ الْجَدِيْدَ، بَلْ هُوَ لِمَنْ طَاعَتُهُ تَزِيْدُ، وَلَا لِمَنْ تَجَمَّلَ بِاللُّبْسِ وَالرُّكُوْبِ، بَلْ لِمَنْ غُفِرَتْ لَهُ الذُّنُوْبُ
 

Artosipun: “Dinten riyaya dudu kagunganipun tiyang ingkang ngagem sandhangan enggal, nanging kagunganipun tiyang ingkang tambah ketaatanipun. Lan dudu kagunganipun tiyang ingkang endah sandhangipun lan kendaraane, nanging kagunganipun tiyang ingkang dipun ngapura dosa-dosanipun.”
 

Kanti mekaten milo sawise kita nglampahi werni-werni ibadah wonten wulan Ramadhan, kita kedah njagi supados nilai-nilai takwa lan kabecikan ingkang sampun kita sinaoni lan lampahi tetep saged lestari ing wulan-wulan salajengipun. Aja nganti saksampunipun Ramadhan rampung, ibadah kita dados kendor, semangat amal sae dados suda, lan malah kita wangsul malih dhateng kebiasaan ingkang kirang sae. Naudzubillah min dzalaik.
 

Mila ing dinten Idul Fitri menika, kejawi kita bungah, kita ugi kedah ngiyataken rasa syukur dhumateng Allah lan tansah njagi dan nambahi ketaatan dhumateng Panjenenganipun. Akhire, kita sedaya nyuwun dhumateng Allah: mugi amal puasa kita dipun tampi, dosa-dosa kita dipun ngapura, lan kita dipun paringi kekiyatan kangge tetep istiqamah ngelampahi ngibadah, amal sae lan umumipun ngelampahi ketaatan. Amin, amin, amin. Ya Rabbal 'alamin. 
 

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بسم الله الرحمن الرحيم: وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. بَارَكَ الله ُلِيْ وَلَكُمْ فِيْ القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنيِ وَاِيّاَكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

 

Khutbah II

 

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
 

اَللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ، اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ مَنَّ عَلَيْنَا بِهَذِهِ الصَّبِيْحَةِ الْمُبَارَكَةِ اللاَّمِعَةِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ ذِي اْلأَنْوَارِ السَّاطِعَةِ وَعَلَى آلِ بَيْتِهِ الطَّاهِرِيْنَ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه . اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وأصْحابِهِ وَمَنْ وَالَاهْ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ تَكُوْنُوْا عِنْدَهُ مِنَ الْمُفْلِحِيْنَ الْفَائِزِيْنَ. وَصَلُّوْا وَسَلِّمُوْا عَلىَ خَاتَمِ النَّبِيّيْنَ وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ ، فَقَدْ أَمَرَكُمْ بِذَلِكَ الرَّبُّ الْكَرِيْمُ فَقَالَ سُبْحَانَهُ قَوْلاً كَرِيْمًا: إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا .وَاْعلَمُوْا يَا إِخْوَانِي رَحِمَكُمُ اللهَ أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ اْلعِيْدِ وَيَوْمُ اْلفَرَحِ وَالسُّرُوْرِ، فَاشْكُرُوا اللهَ تَعَالَى بِالتَّكْبِيْرِ وَالتَّهْلِيْلِ إِنَّهُ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ، فَقَالَ اللهَ تَعَالَى جَلَّ جَلاَلُهُ عَلِيْمًا، إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِى، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ، وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، وَاْلـمُسْلِمِيْنَ وَاْلـمُسْلِمَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَأُمَّتَنَا، وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا، وَفُقَهَاءَنَا وَمَشَايِخَنَا، صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا، وَاجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ
 

اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَاْلـمُنْكَرَ وَاْلبَغْىَ وَالسُّيُوْفَ اْلـمُخْتَلِفَ وَالشَّدَائِدَ وَالفِتَن وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ اْلـمُسْلِمِيْنَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ
 

عِبَادَ الله، اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

 

Ustadz Muhamad Hanif Rahman, Dosen Ma'had Aly Al-Iman Bulus dan Pengurus LBM NU Purworejo