Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: ​​​​​​​Nguri-uri Kamulyaning Wulan Muharram

NU Online  ·  Jumat, 19 Juni 2026 | 00:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: ​​​​​​​Nguri-uri Kamulyaning Wulan Muharram

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang bulan Muharram (NUO)

Bulan Muharram merupakan salah satu dari empat bulan haram yang dimuliakan oleh Allah Ta'ala. Kemuliaannya telah disebutkan secara umum dalam Al-Qur'an dan dijelaskan lebih rinci dalam hadits Rasulullah saw. Namun, bagaimana cara menghormati dan memuliakan bulan Muharram sesuai dengan tuntunan Al-Qur'an dan Sunnah? Inilah yang akan kita bahas dan jelaskan dalam khutbah ini.
 

Teks khutbah berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nguri-uri Kamulyaning Wulan Muharram”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silahkan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
 


Khutbah I 
 

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهٰذَا الدِّينِ، وَجَعَلَنَا مُسْلِمِينَ، وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، أَمَرَ أَنْ نَعْبُدَهُ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حُنَفَاءَ، وَنُقِيمَ الصَّلَاةَ وَنُؤْتِيَ الزَّكَاةَ، وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، وَصَفِيُّهُ مِنْ خَلْقِهِ وَخَلِيلُهُ، فَاللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَآلِهِ، وَكُلِّ مَنْ سَارَ سِيرَتَهُمْ وَنَهَجَ نَهْجَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ 

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Monggo kita sedaya sami ningkataken takwa lan ketaatan dhumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kita dumunung, ing kahanan rame utawi sepi. Kanthi tansah nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun, mugi kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah.
 

Poro Jamaah Jumat rahimakumullah

Sakmenika kita sampun mlebet taun enggal Hijriyah. Kita nyuwun dhumateng Allah Ta'ala mugi kito tansah diparingi pitedah, ketakwaan, lan kecukupan rezeki wonten ing taun punika. Mugi taun enggal punika dados taun ingkang kebak kabecikan lan pitedah tumrap kita sedaya lan umumipun tumrap sedaya umat Islam.
 

Dene taun Hijriyah enggal punika, kados ingkang sampun kawuningan, dipunwiwiti kaliyan wulan Muharram. Wulan Muharram menika kalebet salah satunggaling saking sekawan wulan haram ingkang dipunsebat lan dipunmulyakaken dening Allah wonten ing Al-Qur'an Al-Karim kanthi umum, inggih menika wonten ing firmanipun Allah Ta'ala surat At-Taubah ayat 36 :
 

اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ

Artosipun: "Satemene cacahing wulan wonten ing ngarsanipun Allah punika rolas wulan, miturut ketetapan Allah ing Lauhul Mahfuz nalika Panjenenganipun nitahaken langit lan bumi. Saking cacah punika wonten sekawan wulan haram. Menika minangka pranataning agami ingkang lurus, mila aja sira padha nganiaya awakira dhewe ana ing sekawan wulan kasebut." (At-Taubah: 36).
 

Kanjeng Nabi Muhammad lajeng nerangaken langkung rinci babagan ayat punika, bilih sekawan wulan haram punika inggih menika: Rajab, Dzulqa'dah, Dzulhijjah, lan Muharram. Rasulullah ngendika:
 

إِن الزَّمَان قد اسْتَدَارَ كَهَيْئَته يَوْم خلق الله السَّمَوَات وَالْأَرْض مِنْهَا أَرْبَعَة حرم ثَلَاثَة مُتَوَالِيَات وَرَجَبَ مُضَرَ بَين جُمَادَى وَشَعْبَان
 

Artosipun: "Setunggaling taun punika wonten rolas wulan, lan saking punika wonten sekawan wulan haram. Tigang wulan berurutan, yaiku Dzulqa'dah, Dzulhijjah, lan Muharram, saha Rajab Mudhar ingkang mapan antawisipun Jumadal Akhirah lan Sya'ban."
 

Imam Ibnu Katsir wonten kitab Tafsiripun juz 4 koco 131 nalika nerangaken firman Allah Ta'ala " فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ" nukil pengendikanipun Imam Qatadah:
 

إِنَّ الظُّلْمَ فِي الْأَشْهُرِ الْحُرُمِ أَعْظَمُ خَطِيئَةً وَوِزْرًا مِنَ الظُّلْمِ فِيمَا سِوَاهَا، وَإِنْ كَانَ الظُّلْمُ عَلَى كُلِّ حَالٍ عَظِيمًا، وَلَكِنَّ اللَّهَ يُعَظِّمُ مِنْ أَمْرِهِ مَا يَشَاءُ
 

Artosipun: "Satemene tumindak dzalim (aniaya) ing wulan-wulan haram iku luwih gedhe dosane tinimbang tumindak dzalim ing wulan-wulan liyane. Sanadyan tumindak dzalim ing saben kahanan tetep kalebu dosa gedhe, nanging Allah Ta‘ala ngagungaken lan mulyakaken perkara-perkara ingkang dipun kersaaken.”

 

Jamaah Jumat rahimakumullah

Saktemene ngurmati lan ngagungake wulan Muharram iki ora mung kanthi nyingkiri maksiat wae. Nanging uga kanthi nglakoni maneka warna amal ketaatan ing njero wulan iki kanti luwih akeh tinimbang mung nglakoni perkara fardhu lan wajib.
 

Lan ibadah sing wis ditentokake ing wulan iki minangka sarana kanggo nyedhak memerek marang Allah yaiku puasa. Mula, pasa ing wulan Muharram kalebu pasa sing paling utama sakwise pasa Ramadhan, kaya kang kasebut ing hadits saka Abu Hurairah radhiyallahu 'anhu, dheweke matur: Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam ngendika:
 

أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ شَهْرِ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ وَأَفْضَلُ الصَّلَاةِ بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلَاةُ اللَّيْلِ
 

Artosipun: "Pasa sing paling utama sawisé wulan Ramadhan yaiku pasa ing wulane Allah, yaiku Muharram. Lan salat sing paling utama sawisé salat fardhu yaiku salat wengi." (HR: Muslim). 

 

Jamaah Jumat rahimakumullah

Kita ugi boten kenging kesupen, bilih dinten 'Asyura' menika kalebet salah satunggaling dinten ingkang agung wonten ing wulan Muharram. Kanjeng Nabi sampun maringi tuntunan supados kita nindakaken pasa ing dinten menika, lan piyambakipun ugi ngendiakakaken bilih pasa 'Asyura' saged dados sebab dipun ngapura dosa-dosa setaun ingkang sampun kepengker. Rasulullah ngendika:
 

صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِي قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِي بَعْدَهُ وَصِيَامُ يَوْمِ عَاشُورَاءَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِي قَبْلَهُ
 

Artosipun: “Pasa dinten Arafah, kula ngarep-arep dhateng Allah saged ngilangaken dosa setaun sadèrèngipun lan setaun sasampunipun. Dene pasa dinten 'Asyura', kula ngarep-arep dhateng Allah saged ngilangaken dosa setaun ingkang sampun kepengker.” (HR. Muslim)

 

Para jamaah jumat rahimakumullah

Dinten 'Asyura' menika minangka dinten ingkang agung sanget, amargi ing dinten punika Allah Ta'ala sampun numpes rojo Fir'aun ingkang dzalim saha bala tentarane, lan Allah ugi sampun nylametaken Nabi Musa kaliyan para pendereke saking kezalimanipun Fir'aun.
 

Amargi agungipun kedudukan dinten punika wonten ing ngarsanipun Allah, mila Allah maringi wahyu dhateng Nabi Muhammad supados ngurmati lan ngagungaken dinten punika. Malah umat Islam langkung berhak tinimbang kaum Yahudi ingkang sampun nglanggar janji-janji lan ngowahi syariat Allah. Mila Rasulullah piyambak nindakaken pasa 'Asyura' lan mrentahaken umatipun supados pasa ing dinten punika.Kados dene riwayat saking Ibnu Abbas radhiyallahu 'anhuma:
 

قَدِمَ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ الْمَدِينَةَ فَرَأَى الْيَهُودَ تَصُومُ يَوْمَ عَاشُورَاءَ، فَقَالَ: مَا هَذَا، قَالُوا: هَذَا يَوْمٌ صَالِحٌ، هَذَا يَوْمُ نَجَّى اللهُ بَنِي إِسْرَائِيلَ مِنْ عَدُوِّهِمْ، فَصَامَهُ مُوسَى. فَقَالَ: فَأَنَا أَحَقُّ بِمُوسَى مِنْكُمْ، فَصَامَهُ وَأَمَرَ بِصِيَامِهِ
 

Artosipun: “Nalika Kanjeng Nabi rawuh ing Madinah, piyambakipun ningali kaum Yahudi padha pasa ing dinten 'Asyura'. Banjur piyambakipun takon babagan punika. Wong-wong Yahudi mangsuli: ‘Menika dinten ingkang sae, dinten nalika Allah nylametaken Bani Israil saking mungsuhipun, mila Nabi Musa nindakaken pasa ing dinten punika.’ Rasulullah lajeng ngendika: ‘Aku langkung berhak marang Musa tinimbang kowe kabeh.’ Banjur Rasulullah nindakaken pasa lan mrentahaken umatipun supados pasa.” (HR. Bukhari)

 

Para jamaah rahimakumullah

Amargi umat Islam menika umat ingkang dipun istimewakaken dening Allah ing babagan agama lan ibadah, Rasulullah kagungan kersa supados beda kaliyan umat-umat sanesipun nalika ngagungaken dinten 'Asyura', yaiku kanthi nambah pasa sedinten sadèrèngipun, inggih punika tanggal sanga Muharram.
 

Nalika wonten ingkang matur dhateng Kamjeng Nabi bilih dinten 'Asyura' ugi dipun agungaken dening kaum Yahudi lan Nasrani, Rasulullah ngendika:
 

فَإِذَا كَانَ الْعَامُ الْمُقْبِلُ إِنْ شَاءَ اللَّهُ صُمْنَا الْيَوْمَ التَّاسِعَ
 

Lan wonten riwayat sanes:
 

لَئِنْ بَقِيتُ إِلَى قَابِلٍ لَأَصُومَنَّ التَّاسِعَ
 

Artosipun: “Menawi kula taksih dipun paringi umur dumugi taun ngajeng, insya Allah kula badhe pasa tanggal sanga.” (HR. Muslim)

 

Nanging dereng dumugi taun salajengipun, Rasulullah sampun sedo. Mila para ulama nyebataken sunahipun pasa tanggal sanga lan sepuluh Muharram, supados beda kaliyan kebiasaan kaum Yahudi lan langkung sampurna anggenipun ngurmati dinten 'Asyura'.

 

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah

saking katrangan meniko sumangga kawula ngajak kawulo pribadi ugi panjenengan sedoyo monggo kita ngagungaken lan ngurmati wulan Muharram kanthi ningkataken takwa, nyingkiri sedaya maksiat lan tumindak dzalim, sarta ngrembakakaken amal-amal saleh, mliginipun pasa sunnah ing wulan Muharram lan pasa 'Asyura' saha Tasu'a. Wulan Muharram menika kalebet wulan ingkang dipun mulyakaken dening Allah, mila prayoginipun kita ngginakaken kesempatan punika kangge muhasabah, ndandosi diri, lan memerek dhateng Allah Ta'ala.
 

Mugi kanthi berkahipun wulan Muharram lan amal ibadah ingkang kita lampahi, Allah paring pangapunten tumrap dosa-dosa kita, ngiyataken iman lan takwa kita, sarta maringi kabecikan lan kaslametan wonten ing donya lan akhirat. Amin ya Rabbal 'alamin.

 

Khutbah II
 

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ، وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ، وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ. اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيآأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اتَّقُوا اللهَ، اتَّقُوااللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ، فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ، فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى
 

وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ، وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ، فَإِنَّ يَدَ اللهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ، وَمَنْ شَذَّ شَذَّ فِيْ النَّارِ 
 

اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَقُرَّةِ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ بِرَحْمَتِكَ يَآأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
 

اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ؛ اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا، رَخَاءً، سَخَاءً، وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ؛ اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ، اللهم اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ 

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً ، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 

عِبَادَ اللهِ ... إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ، وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ 

 

Ustadz Muhamad Hanif Rahman, Dosen Ma'had Aly Al-Iman Bulus dan Pengurus LBM NU Purworejo