Khutbah Bahasa Jawa: Bungaha kelawan Rahmat Paling Agung — Kanjeng Nabi Muhammad saw
NU Online · Selasa, 26 Agustus 2025 | 20:00 WIB
Ajie Najmuddin
Kontributor
Allah swt memberikan anugerah dan rahmat-Nya kepada kita tak terhitung banyaknya, dan wajib bagi kita untuk bergembira serta bersyukur atas segala anugerah tersebut. Salah satu wujud anugerah dan rahmat Allah, yakni dengan lahirnya Nabi Muhammad saw, yang menuntun umatnya dari kegelapan menuju cahaya kebenaran. Maka, patutlah untuk kita bergembira, akan datangnya bulan kelahiran Nabi Muhammad saw.
Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini dengan judul “Khutbah Bahasa Jawa: Bungaha kelawan Rahmat Paling Agung — Kanjeng Nabi Muhammad saw". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197).
Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Saben wulan Rabiul Awwal utawi Mulid, umat Islam sak donya padha mèngeti wulan miyose Kanjeng Nabi Muhammad saw. Carané mèngeti, wonten ingkang ngawontenaken pengaosan, maos kitab maulid nabi, sekatènan, grebeb mulud, lan sanesipun. Menika sedaya, dados wujud raos bungah mèngeti wulan miyosipun Kanjeng Nabi ingkang dipun utus, dados rahmat kagem sedaya alam. Dhawuhipun Gusti Allah swt:
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ
Artosipun, "Lan ora ngutus Ingsun (Allah) ing sira (Muhammad), kajaba kerana dadi rahmat tumerap wong alam kabeh," (QS Al-Anbiya' ayat 107).
Wonten ing kitab Tafsir Al-ibriz Juz 11-20 kaca 1052-1053, dipun terangake, bilih ingkang nampa rahmat sebab wujude Kanjeng Nabi punika mboten namung wong-wong mukmin kang salih, nanging ugi wong-wong kafir lan fajir (tukang ngelampahi doso).
Jalaran, nalika Kanjeng Nabi disawati watu, ditekak, disoki tletong dening kaume, lan liya-liyane meneh, upama nalika iku Kanjeng Nabi mboten nyuwun kalian Gusti Allah supados kaum punika dipun paringi pitedah sebab kalebet tiyang ingkang dereng mangertos, mesti sampun ditumpes kabeh.
Kaya dene para kaum ing zaman nabi sak derenge Kanjeng Nabi Muhammad saw, wonten ingkang dipun sirnaake, wonten ingkang malih rupa dadi kethek utawa babi, lan liya-liyane. Mula begja kemayangan, kita sedaya dipun takdir dados umatipun Kanjeng Nabi Muhammad saw.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Gusti Allah subhanahu wata'ala ugi sampun paring dhawuh ingkang kasebat wonten Al-Qur'an:
قُلْ بِفَضْلِ اللّٰهِ وَبِرَحْمَتِهٖ فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوْاۗ هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ
Artosipun, "Dhawuha sira (Muhammad), padha bungaho kelawan Kanugrahan lan Rahmate Allah. Sebab Rahmat lan Kanugrahan wau, mangka padha bungaho wong-wong mukmin. Kang mengkunu iku, luwih bagus tinimbang dunya kang dikumpul-kumpulake." (Surat Yunus ayat 58).
Salah setunggale rahmat ingkang ageng, inggih punika, Kanjeng Nabi Muhammad saw ingkang dados panutan kita sedaya lan kanthi wasilahipun, kita saget mengenal agami Islam lan kitab suci Al-Qur'an. Kita sedaya saget urip ing dunya kanthi netepi iman lan islam menika, ugi minangka saking kanugrahan lan rahmat utawi welas asihipun Gusti Allah swt. Pramila kita kedah tansah bungah awit saking rahmat punika.
Ngedalaken raos bungah kaliyan Kanjeng Nabi Muhammad saw punika, saget kita wujudaken kanthi ngathah-ngathahaken maos shalawat kagem Kanjeng Nabi. Gusti Allah swt sampun paring dhawuh ing Al-Qur'an:
اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
Artosipun, "Saktemene Allah lan para malaikate Allah, iku tansah padha macaake shalawat ingatase Kanjeng Nabi Muhammad. Hei eling-eling wong kang iman, padha maos shalawat sira kabeh ingatase Kanjeng Nabi lan padha nyuwuna salam sira kabeh, kelawan nyuwun salam kang temenan." (Surat Al-Ahzab ayat 56).
Gusti Allah lan para malaikat mawon maos shalawat, napa malih awak dhewe ingkang kepengin nyadong syafaat. Pramila, menawi kita pengin angsal keslametan ing dunya lan akhirat, mangga padha ngathah-ngathahake maca shalawat kagem Kanjeng Nabi Muhammad saw.
Sayyid Bakri bin Sayyid Muhammad Syatha Ad-Dimyathi ing dalem kitab Kifayatul Atqiya kaca 48 ugi sampun maringi keterangan ing babagan kautaman maos shalawat punika:
وَأَنَّ جَمِيعَ الْأَعْمَالِ مِنْهَا الْمَقْبُولُ وَمِنْهَا الْمَرْدُودُ إِلَّا الصَّلَاةَ عَلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَإِنَّهَا مَقْطُوعٌ بِقَبُولِهَا إِكْرَامًا لَهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
Artosipun, “Sedaya amal ibadah iku gadahi kemungkinan: bakal ditampi utawi ditolak kalian Allah, kajaba shalawat maring Kanjeng Nabi saw. Karana ibadah shalawat punika, mesti bakal ditampi, kanggo wujud mulyaake dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad saw."
Pramila, mangga ing wulan Rabiul Awwal utawi wulan miyose Kanjeng Nabi punika, kita ngathah-ngathahaken maos shalawat kagem Kanjeng Nabi, sahe niku piyambakan utawi kanthi sami berjamaah.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya, keluarga kita, lan bangsa Indonesia angsal keberkahan lan rahmat saking Gusti Allah ta'ala berkah wulan maulidipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. Dipun tebihaken saking sedaya fitnah lan bebaya. Lan kita sedaya angsal syafaat saking Kanjeng Nabi Muhammad saw. Amin ya Rabbal 'alamin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ
فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali
Terpopuler
1
LF PBNU Rilis Data Hilal Jelang Rabiul Awal 1447 H
2
Rais Aam PBNU dan Sejumlah Kiai Terima Penghargaan dari Presiden Prabowo
3
Istikmal, LF PBNU: 1 Rabiul Awal 1447 Jatuh pada Senin, Maulid Nabi 5 September
4
NU Banten Membangkitkan Akar Rumput
5
IPNU-IPPNU dan PCINU Arab Saudi Dorong Tumbuhnya Tradisi Intelektual di Kalangan Pelajar
6
Dirut NU Online Dorong PCNU Kota Bekasi Perkuat Media dengan Ilmu Pengetahuan
Terkini
Lihat Semua