Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tiga Wasiat ingkang Mulia Sakbibare Ramadhan

Kam, 4 Mei 2023 | 10:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tiga Wasiat ingkang Mulia Sakbibare Ramadhan

Ilustrasi: khutbah (NU Online, Mahbib).

Naskah khutbah Jumat ini menjelaskan tentang salah satu hadist nabi yang berkaitan dengan takwa, yang perlu kita jaga dalam keadaan apapun. Dalam konteks setelah Ramadhan berlalu, penting bagi kita untuk senantiasa berupaya untuk memperoleh predikat sebagai orang yang bertakwa. 
 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tiga Wasiat ingkang Mulia Sakbibare Ramadhan". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! (Redaksi) 

 

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِتَرْك الْمَنَاهِيْ وَفِعْلِ الطَّاعَاتِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى الرَّشَادِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْهَادِيْنَ لِلصَّوَابِ وَعَلَى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْمَآبِ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلَاتَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْـتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَتَّقُوا اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقَانًا وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ

 

Alhamdulillah sedaya puji namung kagunganipun Allah Ta’ala, Dzat ingkang gadhah sifat Maha Welas Asih marang sedaya makhlukipun. Ingkang maringi rahmat lan kenikmatan, rina lan wengi tanpa pitungan. 

 

Kanthi sedaya nikmat lan peparing Allah ta’ala punika, mangga kita ginaake kagem perkawis ingkang sahe. Nglampahi sedaya perintah Allah saha nebihi awisanipun. Kanthi tumindhak mekaten, mugi-mugi kita dados tiyang ingkang takwa dhateng Allah ta’ala.

 

Bilih salah sijine saking ganjarane tiyang ingkang takwa punika bakal pinaringan rizki saking Allah ta’ala. 

 

  وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا ۙ ، وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ 

 

Artosipun, “Sapa wonge kang takwa dhateng Allah, yekti Allah bakal mbukakake dalan, lan maringi rizki saking dalan sing ora iso dikira-kira.” (QS ath Thalaq:2-3). 

 

Predikat takwa punika, ugi sampun kita ikhtiarake nalika ing Wulan Ramadhan, kelawan nindhaake ibadah pasa saha amalan sanese, lan kedah kita jaga ana ing sakbibare Wulan Ramadhan.

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Wonten salah setunggal hadits, ingkang pas kita trapaken sakbibare Wulan Ramadhan, hubunganipun kalian wasiat supaya jaga takwa ugi srawung marang sapadha kanthi tumindhak (akhlak) kang becik

 

عَنْ أَبِيْ ذَرٍّ جُنْدُبِ بنِ جُنَادَةَ وَأَبِي عَبْدِ الرَّحْمَنِ مُعَاذِ بِنِ جَبَلٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا عَنْ رَسُولِ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ. رَوَاهُ التِّرْمِذِيّ 

 

Artosipun, “Saking Abu Dzar Jundub bin Junadah saha Abu Abdirrahman Mu’adz bin Jabal radhiyallahu anhuma, saking Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam, piyambakipun ngendhika: Takwao marang Allah ana ing ngendi ae. Barengana kaluputanmu kanthi tumindak kang becik. Yekti (kabecikanmu) iku bisa ngilangi kaluputanmu. Lan srawunga marang sapadha padha titah kanthi tumindak (akhlak) kang becik.” (HR At-Tirmidzi)

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Keterangan saking hadits punika, ingkang kapisan Kanjeng Nabi paring dhawuh supaya kita tansah jaga takwa dhumateng Allah ta’ala ana ing ndi panggenan. Sahe ana ing panggonan rame utawa sepi. ana ing kutha utawa desa.

 

Menawi saget dipuntambahi ugi ana ing kahanan apa wae. Nalika seneng utawa susah. Nalika sugih utawa mlarat. Lan nalika Ramadhan utawa wulan sanese.

 

Kaping kalih, Kanjeng Nabi paring dhawuh, menawi kita bacut tumindhak luput, supaya barengi kaluputane kanthi tumindhak kang becik. Yekti (kabecikanmu) iku bisa ngilangi kaluputanmu. Kita, menungsa inggih punika tiyang ingkang mesti katah kaluputan lan dosa.

 

Pramila, supados Gusti Allah, paring ngapura sedaya kaluputan punika, mangga kita tansah kathah maos istighfar, nyuwun pangapura dhateng Allah, saha nyarengi kanthi tumindhak ingkang becik.

 

Lan menawi kita gadahi kaluputan dhateng sapadha, wajib kita nyuwun ngapura dhateng tiyange. Ugi menawi wonten perkawis ingkang kaitanipun kalian utang-piutang kedah kita bayar.

 

Ingkang kaping tiga, dhawuhe Kanjeng Nabi wonten ing hadist punika, supaya kita ing dalem srawung marang sapadha padha, kanthi tumindak (akhlak) kang becik.

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Kanthi tumindhak tiga perkawis wonten ing hadist punika, khususipun ing dalem jaga hubungan kita dhateng Allah saha marang sapadha sampun sahe, insyaallah kita bakal pikantuk urip ingkang ayem lan nikmat. Mugi-mugi kita sedaya kalebet dhateng tiyang ingkang kados mekaten. Amin allahumma amin

 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ
 

فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
 

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ 

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono, Boyolali