Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tigo Kesalehan​​​​​​​ wo​​​​​​​nten Wulan Ramadhan

Kam, 23 Maret 2023 | 18:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tigo Kesalehan​​​​​​​ wo​​​​​​​nten Wulan Ramadhan

Ilustrasi: Khutbah (NU Online, Mahbib).

Naskah Khutbah kali ini, mengajak jamaah untuk meraih segala kebaikan dan keutamaan di bulan Ramadhan. Salah satu tujuannya, agar di akhir Ramadhan nanti, kita menjadi hamba yang bertakwa kepada Allah swt. Buah dari ketakwaan tersebut, tercermin pada kesalehan kita terhadap Allah, sosial (sesama), dan alam.

 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tigo Kesalehan wonten Wulan Ramadhan”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat. 

 

Khutbah I
 

 اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُه. اَللّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين
 

أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الْإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ. قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ، وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. وَقَالَ تَعَالَى: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ  

 

Jamaah Jumat hafidhakumullâh.

Sedaya puji namung kagungan Allah ta’ala. Dzat ingkang Maha Kuwoso. Dzat ingkang maringi kita kathah kanugrahan. Salah setunggale kito saget kepanggih kalian Wulan Ramadhan.

 

Sedaya kanugrahan punika monggo tansah kita syukuri, kanthi mindakaken takwa kita dhateng Allah ta’ala. Takwa kelawan nindakake perintah lan nilar sedoyo larangan saking Allah ta’ala. Mugi-mugi kita dados tiyang ingkang bejo wonten ing dunyo lan akhirot. 

 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing Wulan Ramadhan, kita dipunwajibake ibadah poso, ingkang ugi dados salah setunggale rukun Islam. Perintah poso dipunmaksudake supados kito dados tiyang ingkang takwa datheng Allah ta’ala.
 

Kados ingkang sampun kasebat wonten Al-Qur’an, surat Al Baqarah ayat 183 (terjemah saking Kitab Tafsir Al Ibriz): 

 

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ  

 

Artosipun: "Wong-wong mukmin difardhuake poso. Koyo olehe poso mau difardhuake ingatase umat-umat sakdurunge umat Nabi Muhammad Saw. Supoyo wong-wong mukmin podho takwa marang Allah ta’ala," 

 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 

Ibadah poso menawi dipuntindhakake kanthi leres, bakal ngasilake tigo tumindhak saleh, ingkang dados woh saking ketakwaan datheng Allah ta’ala. Tigo tumindhak saleh inggih puniko: 

 

Sepindhah, kesalehan pribadi. Kesalehan pribadi kados dene nglampahi ibadah sholat, poso, dzikir, nderes Al-Qur’an lan liya-liyane, ingkang ateges hubungane langsung kalian Allah ta’ala. Kesalehan ingkang kados mekaten, kathah lan gampil sanget kita lampahi wonten ing Wulan Poso, sebab naliko Wulan Ramadhan, kathah rahmat soho ganjaran ingkang dipunparingaken Allah datheng kito.

 

Ugi, Gusti Allah sampun maringi janji bakal ngapuro doso-doso ana ing wekdal kepengker. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw:

 

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ  

 

Artosipun: “Sopo wonge kang poso ono ing Wulan Ramadhan, kanthi iman lan ngarep-arep (ganjaran), mongko Gusti Allah bakal ngapuro doso-doso ono ing wekdal kepengker,” 

 

Pramila, bejo kemayangan, menawi wonten tiyang ingkang saget nglampahi ibadah poso, lan saking nglampahi pasa punika dados lantaran dingapuro sedoyo dosane. 

 

Kaping kalih, kesalehan sosial. Kesalehan sosial inggih puniko tumindhak ibadah, ingkang wonten hubunganipun kalian tiyang sanes. Kados dene, ibadah poso menika saget ndadosaken watak tiyang ingkang gadhah roso welas datheng tiyang sanese. Paling mboten, menawi kito nglampahi poso, kito ugi saget ngrasaake rekasane rasa luwe lan ngelak, ing akhire kita saget ngrasaake rekasane sedherek kito ingkang nembe nandhang kesusahan. Angel golek pangan lan kahanan liya-liyane. 

 

Kaping tigo, kesalehan lingkungan. Kesalehan lingkungan inggih punika kesalehan ing dalem hubungan kito datheng alam utawi lingkungan. Sampun dipunsebataken ing Al-Qur’an surat Ar-Rum ayat 41 (kados keterangan ana ing Kitab Tafsir Al-Ibriz):

 

ظَهَرَ الفَسَادُ فِي البَرِّ وَ البَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِي النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الذِيْ عَمِلُوا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ  

 

Artose: “Wis cetha pertela kerusakan ono ing daratan lan segoro, sebab tindakane tangane menungso (iya iku maksiat), supaya wong-wong iku podho bisa ngrasaake akibate sebagian saking amal perbuatane. Mbok menawa dhewe’eke iku podho bisa bali (taubat).” 

 

Kanthi ibadah poso punika, mbok menawi saget ndadosaken kita, nglonggaraken wekdal kagem muhasabah datheng kito piyambak, supados mboten ngrusak alam lan lingkungan. 

 

Mekaten khutbah ingkang saged kula aturaken, mugi dados manfaat dhateng kito sedoyo. Lan mugi Gusti Allah, maringi kito gampil lan kekiyatan, soho hidayah supados kita saget nglampahi ibadah wonten ing Wulan Ramadhan kanthi sae. Amin, ya rabbal ‘alamin

 

أَعُوذُ بِاللهِ مِن الشَّيْطانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحمن الرّحيم: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ، أَيَّامًا مَّعْدُودَاتٍ، فَمَن كَانَ مِنكُم مَّرِيضًا أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ أَيَّامٍ أُخَرَ، وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِينٍ، فَمَن تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهُ، وَأَن تَصُومُواْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ 
 

بارَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، إِنَّهُ تَعاَلَى جَوَّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ    

 

Khutbah II

 

   اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلدَّاعِي اِلىَ رِضْوَانِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
 

اَمَّا بَعْدُ، فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ رَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى: اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى، يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 
 

اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ، وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ، وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ، وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتْنَةِ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
 

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ 

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Sekretaris ing MWCNU Banyudono, Khadim ing Majelis Ta’lim Al Hakami Boyolali.