Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Al-Qur’an Pitudhuh lan Tandha ingkang Pertela

Kam, 6 April 2023 | 20:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Al-Qur’an Pitudhuh lan Tandha ingkang Pertela

Ilustrasi: Al-Quran (freepik).

Naskah Khutbah kali ini, mengajak jamaah untuk mengingat kembali turunnya Al-Qur’an di bulan Ramadhan. Al-Qur’an sebagai mukjizat terbesar yang diterima Nabi Muhammad saw, menjadi petunjuk dan dalil yang terang bagi seluruh umat manusia, khususnya bagi orang-orang yang bertakwa.
 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Al-Qur’an Pitudhuh lan Tandha ingkang Pertela”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
 

 

Khutbah I 
 

 
 اَلْحَمْدُ للهِ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ الْقُرْاٰنَ فِيْ شَهْرِ رَمَضَانَ اِلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَامِلِ الْاِنْسَانِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْكَرِيْمِ الْمَنَّانِ. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ وَلَدِ عَدْنَانَ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 


قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُۗ وَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَۗ يُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَۖ وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ

 

Ma’asyiral Muslimin sidang Jum’at rahimakumullah

Wonten ing kesempatan punika, mangga kita sami tansah ngedalaken raos syukur datheng Allah ta’ala, awit saking sedaya kanugrahanipun, salah setunggale kita taksih pinaringan nikmat iman lan islam. Saha ni’mat sehat sehingga kita saget ninda’aken kewajiban-kewajiban kita datheng Allah ta’ala.
 

Jamaah Jumat ingkang minulya

Sampun kita mangertosi, bilih Nabi kita, Kanjeng Nabi Muhammad saw, pikantuk mu’jizat ingkang ageng saking Allah ta’ala, inggih punika kitab suci Al-Qur’an. Kitab Al-Qur’an dipunturunaken Allah ta’ala datheng Kanjeng Nabi, kanthi perantara Malaikat Jibril, nalika Kanjeng Nabi khalwat ten Gua Hira, wonten ing Wulan Ramadhan.
 

Pramila Wulan Ramadhan punika dipunsebutaken dados wulan ingkang dipunwajibaken ibadah pasa, ugi dados wulan tumurune Al-Qur’an. Kados dene dhawuhe Gusti Allah wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 185 (diterangke ugi ana ing Kitab Al-Ibriz juz II):
 

 
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ 
 

Artosipun: “Ibadah pasa iku ana ing wulan Ramadhan, ingkang sakjerone wulan mau Al-Qur’an diturunaken (saking Lauhil Mahfudh). Kanggo nudhuhaken marang menungsa, lan dadi tandha terang saking pitudhuhe Allah ta’ala. Lan saking kang ambeda’ake (antarane haq lan bathil). Mangka sapa wonge hadlir (tinemu) ana ing wulan Ramadhan, dheweke kudu pasa …” (QS Al-Baqarah: 185). 

Wonten keterangan sanese ing Kitab Tafsir Ibnu Katsir, dipunsebutaken bilih Al-Qur’an dados pitudhuh kagem tiyang ingkang iman datheng Allah, saha percaya utawi yakin datheng kebenaran Al-Qur’an. Lajeng, keterangan bayyinat menika bilih Al-Qur’an dados hujjah utawi dalil ingkang cetha, sehingga antarane haq lan bathil, antarane perkawis ingkang halal lan haram, dados perkara ingkang pertela.
 

Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Supados Al-Qur’an dados hudan lan bayyinat kagem kita, mangka sampun sakmestine kita kedah sinau supados paham makna ana ing Al-Qur’an. Kita kedah sinau datheng para ulama ingkang langkung pirsa makna-makna ayat ana ing jerone kitab suci Al-Qur’an.
 

Saking keterangan para ulama menika lah, kita saget angsal pitudhuh saha ilmu saking Al-Qur’an. Ing akhire, kita saget ngamalake kanthi leres. Kados dene dhawuhe Allah ta’ala wonten ing Surat Al-Baqarah ayat 2: 
 

ذٰلِكَ الْكِتٰبُ لَا رَيْبَۛ فِيْهِۛ هُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَۙ  
 

Artosipun, “Kitab (Al-Qur’an), iki kitab kang bener, ora patut dimamangi meneh. Dadi pitudhuh datheng tiyang-tiyang ingkang padha duwe dasar rasa taqwa.” (QS Al-Baqarah: 2). 
 

Jamaah Jum’at ingkang minulya 

Ingkang saget kita amalaken ugi, supados kita angsal keberkahan saking Al-Qur’an punika, mangga kita sami ngatahi anggene kita maos utawi nderes Al-Qur’an. Piyambakan utawi diwaos sesarengan wonten ing masjid. Langkung-langkung wonten ing wulan Ramadhan. 
 

Dhawuhe Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

وَما اجْتَمع قَوْمٌ في بَيْتٍ مِن بُيُوتِ اللهِ، يَتْلُونَ كِتَابَ اللهِ، وَيَتَدَارَسُونَهُ بيْنَهُمْ، إِلَّا نَزَلَتْ عليهمِ السَّكِينَةُ 
 

Artosipun, “Ora ana (ganjaran liya) kanggo wong kang padha kumpul ana ing omah-omahe Gusti Allah kanthi maca utawi nyinauni Al-Qur’an, kejaba bakal dipunturunaken rasa antheng lan tentrem, saha diparingi rahmat …” (HR Muslim). 
 

Mboten naming niku, kanthi maos Al-Qur’an kita ugi bakal dipun paringi syafa’at. Kados dhawuhe Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

 اقْرَءُوا الْقُرْآنَ؛ فَإِنَّهُ يَأْتِي شَفِيعًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ لِصَاحِبِهِ  
 

Artosipun, “Wacanen Al-Qur’an. Sebab, Al-Qur’an bakal teka menehi syafaat nalika dina Kiamat kanggo wong sing kekancan (sing moco lan ngamalke) Al-Qur’an.” (HR Ahmad). 
 

Mugi-mugi kita sedhaya dipunparingi Allah ta’ala pitudhuh saking Al-Qur'an, saha kekiyatan lan gampil, anggene kita saget maos lan sinau Al-Qur’an. Ugi kita kalebet dados kancane Al-Qur’an, lan angsal syafa’ate ana ing dina Kiamat. Amin, allahumma amin
 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ   

 
 

Khutbah II 
 

 اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ أَمَّا بَعْدُ
 

 
 فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ

 

 
 اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


  عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ

Ustadz Ajie Najmuddin