Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Puncak Riyoyo Tiyang Mukmin

Kam, 4 Mei 2023 | 01:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Puncak Riyoyo Tiyang Mukmin

Ilustrasi: Iman (NU Online)

Naskah Khutbah kali ini mengajak jamaah untuk mengenal hakikat hari raya dan puncaknya dalam agama Islam selain. Selain Idul Fitri dan Idul Adha juga ada lima (5) hari raya lainnya yang harus diperhatikan oleh seorang muslim. 
 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Puncak Riyoyo Tiyang Mukmin”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
 

 

Khutbah I



اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْاَعْيَادَ فَرْحًا لِعِباَدِهِ الْمُؤْمِنِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، اَلَّذِيْ جَعَلَ الْجَنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إِلىَ الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنَ. أَمَّا بَعْدُ
 

.فَيَآ أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. وَاتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاَتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 

قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرّحْمنِ الرّحِيمِ : فَمَنْ كَانَ يَرْجُو لِقَاءَ رَبِّهِ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهِ أَحَدًا

 

Hadirin jamaah sholat Jumat rohimakumulloh

Wonten ing pepanggihan sholat Jumat puniko, monggo kita tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarso dalem Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun paring kesempatan dumateng kita sedoyo meningi wulan riyoyo meniko kanti waget ngelampahi ngibadah sewulan nuthuk wonten ing Romadhon kapungkur.
 

Mboten kesupen kawulo ngajak dumateng awak kulo khususipun lan dumateng poro jamaah Jumat umumipun, monggo kito tansah ningkataken taqwa kito dumateng Allah kanti nindakaken sedoyo perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun, supados kito dados tiyang ingkang begjo lan mulyo wonten ing dunya ugi akhiratipun. 
 

Jamaah Jum'at rohimakumulloh

Sampun kita mangertosi, bilih riyoyo utawi hari raya agami Islam meniko ingkang dipun syari'ataken selami setunggal tahun, wonten kalih riyoyo. Ingkang sepindah inggih riyoyo Idul Fitri. Riyoyo Idul Fitri meniko riyoyo ingkang dipun syariataken saksampunipun wulan Romadhon kagem nyempurnaaken ngibadah siyam ing wulan Romadhon. Ingkang kaping kaleh inggih riyoyo Idul Adha utawi riyoyo kurban. Riyoyo Idul Adha meniko dipun syariataken sesarengan kelawan nindaaken ibadah haji wonten ing wulan Dzulhijah.
 

Gusti Allah dawuh wonten ing Al-Qur'an surat Al-Hajj ayat 34:
 

  وَلِكُلِّ اُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا

 

Ingkang artosipun, “Lan sekabehane umat iku podo ingsun paringi dino riyoyo.”
 

Wonten ing Kitab Tafsir Al-Baghowi dipun ngendikaaken, miderek Ibnu Abbas bilih lafal mansakan” ing ayat puniko angadahi arti Id utawi riyoyo.

Dados dinten riyoyo meniko mboten namung diparingaken dateng umat Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ’alaihi wasallam kemawon, ananging ugi dipun paringaken dateng sedoyo umat menungso saking sakderengipun umat Nabi Muhammad shallallahu ’alaihi wasallam.

 

Hadirin jamaah Jumat ingkang dipun mulyaaken Allah

Nderek artos mungguhipun boso Arab, Id dipun pendet saking Al-'Aud, ingkang artosipun wangsul. Dipun ngendikaaken wonten Kitab Mir'atul Mafatih Syarhu Misykatul Mashobih juz VII koco 75, mekaten:
 

إِنَّ الْعِيْدَ يَشْعُرُ بِالْفَرْحِ وَاسْتِيْفَاءِ اللَّذَّةِ
 

Ingkang artosipun, “Saktemene Id utawi riyoyo nedahaken kebahagiaan lan sempurnonipun kenikmatan.”
 

Saking pangertosan meniko waget kita simpulaken bilih naliko tiyang-tiyang mukmin wangsul dumateng ngersanipun Gusti Allah subhanahu wata’ala  kanti ngraosaken kebahagiaan dipun sarengi kanti nampi kenikmatan ingkang luar biasa, menikolah sakyektosipun ingkang dipun wastani Id utawi riyoyo. 
 

Sohabat Anas bin Malik radhiyallahu ’anhu kados dipun aturaken Syekh Ali Jum’ah, salah setuggalipun ulama Ahlussunnah wal Jamaah saking negari Mesir, dawuh bilih riyoyo utawi kebahagiaan lan kenikmatan ingkang luar biasa kagemipun tiyang mukmin wonten gangsal (5):

لِلْمُؤْمِنِ خَمْسَة أَعْيَادٍ: كُلُّ يَوْمٍ يَمُرُّ عَلَى الْمُؤْمِنِ وَلَا يُكْتَبُ عَلَيْهِ ذَنْبٌ فَهُوَ يَوْمُ عِيْدٍ
 

Ingkang sepindah, riyoyone tiyang mukmin meniko inggih saben-saben dinten ingkang dipun lampahi kanti mboten wonten dosonipun, meniko dipun wastani dinten riyoyo. 
 

اَلْيَوْمُ الَّذِيْ يَخْرُجُ فِيْهِ مِنَ الدُّنْيَا بِالْإِيْمَانِ فَهُوَ يَوْمُ عِيْدٍ
 

Kaping kaleh, inggih meniko dintenipun tiyang mukmin pejah kanti mbeto iman sowan dumateng Allah subhanahu wata’la, meniko dipun wastani dinten riyoyo.
 

وَالْيَوْمُ الّذِيْ يُجَاوِزُ فِيْهِ الّصِرَاطُ وَيَأْمَنُ أَهْوَالَ يَوْمِ الْقِيَامَةِ فَهُوَ يَوْمُ عِيْدٍ

 

Ingkang kaping tigo, dintenipun tiyang mukmin waget nglewati wot utawi jembatan Shirotol Mustaqim lan aman saking ngerinipun dinten Kiamat, meniko dipun wastani dinten riyoyo. 
 

وَالْيَوْمُ الَّذِيْ يَدْخُلُ فِيْهِ الْجَنَّةُ فَهُوَ يَوْمُ عِيْدٍ
 

Ingkang kaping sekawan, inggih dinten nalikanipun tiyang mukmin waget mlebet suwargane Gusti Allah, meniko dipun wastani dinten riyoyo.

 

Ingkang pungkasan, ingkang kaping gangsal inggih: 
 

وَالْيَوْمُ الَّذِيْ يَنْظُرُ فِيْهِ إِلَى رَبِّهِ فَهُوَ يَوْمُ عِيْدٍ
 

Riyoyo ingkang terakhir, inggih meniko puncak riyoyone tiyang mukmin, setunggaling dinten nalikanipun tiyang mukmin waget pepanggihan langsung ningali Dzatipun Allah subhanahu wata’ala, menikolah puncak riyoyo kagem tiyang mukmin.
 

 

Jama'ah Jumat ingkang minulyo

Menikolah dinten-dinten riyoyo ingkang kedah kita sesarengan mangertosi kejawi riyoyo Idul Fitri lan Idul Adha. Ananging kedah dipun garis bawahi bilih sedoyo dinten riyoyo kolowau mboten waget kita panggihi tanpo wontenipun usaha arupi ngamal sholeh, kados ngelampahi sholat, poso, shodaqoh, sesrawungan ingkang sae, lan sedoyo kesaenan ingkang arupi kesaenan spiritual utawi kesaenan sosial.
 

Dawuhipun Allah wonten ing Al-Qur'an surat Al-Kahfi ayat 110:
 

فَمَنْ كَانَ يَرْجُو لِقَاءَ رَبِّهِ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهِ أَحَدًا
 

Ingkang artosipun, “Mongko seng sopo wonge duwe arep-arep kepethuk karo pengerane (ono ing dino piwales lan dino tangi saking kubur), wong mau kudu amal kang sholeh lan anggone ibadah marang pengerane, ora nyekutoake kelawan sopo wae.
 

Pramilo, monggo kito sareng-sareng berusaha lan berlomba-lomba ngelampahi amal sholeh, kanti ningkataken ngibadah, jama'ah sholat, anggenipun maos Al-Qur'an, ugi anggenipun pados ilmu. Kanti meniko mugi-mugi kito sedoyo waget manggihi puncak riyoyo ingkang sejati, inggih puniko riyoyone tiyang mukmin waget pepanggihan langsung kaliyan Dzatipun Gusti Allah wonten suwargo. Amin allohumma amin.
 

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ.  وَالْعَصْرِ (1) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (2) إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (3)
 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْاٰنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

 

Khutbah II 

اَلْحَمْدُ لِلهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلَهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمُ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ. إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِيْ العَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ. اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَعَنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

 

Ustadz Zuhad Abdillah, Alumni Pondok Pesantren Tremas Pacitan.