Khutbah

Khutbah Bahasa Jawa: Kautaman Ngathahaken Maos Istighfar ing Wulan Rajab

Kamis, 9 Januari 2025 | 15:00 WIB

Khutbah Bahasa Jawa: Kautaman Ngathahaken Maos Istighfar ing Wulan Rajab

Khutbah Bahasa Jawa tentang keutamaan memperbanyak bacaan istighfar di bulan Rajab (NU Online)

Selamat datang Bulan Rajab. Bulan yang termasuk dalam empat bulan yang dimuliakan, seperti yang disebutkan dalam Al-Quran. Berbagai keutamaan juga terdapat dalam bulan tersebut. Pada bulan ini pula, Rasulullah saw telah mengajarkan kita, untuk mulai mempersiapkan diri, menghadapi datangnya bulan suci Ramadhan, termasuk dengan cara memperbanyak istighfar.
 

Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Ngathahaken Maos Istighfar ing Wulan Rajab." Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! 
 

 

Khutbah I


اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 

 قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: وَّاسْتَغْفِرِ اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًاۚ
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al-Baqarah ayat 197).  
 

Sidang Jum’ah rahimakumullah

Sampun kasebat wonten ing Al-Quran, sekawan wulan kang dimulyaake Gusti Allah Swt. Wondene, sekawan wulan kang dimulyaake ana ing ayat kasebat, inggih punika Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharrram, lan Rajab. Gusti Allah ta'ala paring pangandikan wonten ing Surat At-Taubah ayat 36:
 

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ 
 

Artosipun: “Saktemene wilangan wulan mungguhe Gusti Allah iku rolas, ing dalem kepastiane Gusti Allah nalikane nyiptaaken langit lan bumi, setengah saking rolas wulan niku sekawan wulan ingkang haram." (QS At-Taubah ayat 36).
 

Para jamaah ingkang minulya

Salah setunggalipun wulan ingkang minulya wau inggih punika wulan Rajab. Bukti kamulyane wulan Rajab, ngantos Kanjeng Nabi nyambut wulan punika kanthi maos dunga khusus. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun maringi tuladha, kanthi maos dunga, kados dene ingkang kasebat wonten ing kitab Al-Adzkâr An-Nawawiyah ingkang dipun anggit Imam Muhyiddin Abi Zakariya Yahya bin Syaraf An-Nawawi:
 

اَللّٰهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ
 

Artosipun: “Duh Gusti Allah, mugi Panjenengan paring kanugerahan keberkahan dateng kita, ana ing wulan Rajab lan Sya'ban, lan mugi-mugi Panjenengan ndugiaken kita ngantos dumugi wulan Ramadhan.”
 

Dunga ingkang dipun contoaken saking Kanjeng Nabi menika, nuduhake kautaman wonten ing wulan Rajab. Saget ugi, kita pendhet tuladha, sak derengipun kerawuhan wulan Ramadhan, awak saha manah kita siapke, kanthi nglampahi pirang-pirang amalan, kaya dene pasa lan ngathahi maos istighfar.
 

Maos istighfar inggih punika nyuwun pangapura dhumateng Gusti Allah, saking sedaya dosa ingkang sampun kita lampahi. Gusti Allah sampun paring dhawuh wonten ing Al-Quran:
 

وَّاسْتَغْفِرِ اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًاۚ
 

Artosipun: "Padha nyuwun ngapura sliramu kabeh marang Gusti Allah. Setuhune Gusti Allah iku Dzat kang Maha Pangapura lan Welas Asih." (QS An-Nisa' ayat 106).
 

Wondene, maos istighfar punika, dados pengakuan bilih kita sedaya namung manungsa ingkang kathah dosa. Kanjeng Nabi Muhammad saw, sampun paring dhawuh:
 

كُلُّ بَنِي آدَمَ خَطَّاءٌ، وَخَيْرُ الْخَطَّائِينَ التَّوَّابُونَ
 

Artosipun: “Saben-saben Bani Adam iku nggadhahi dosa, lan luwih apik-apike wong kang nduweni dosa yaiku wong sing gelem taubat.” (HR Ibnu Majah).
 

Kanjeng Nabi Muhammad saw, ingkang pinaringan sifat maksum, menika piyambakipun taksih ngathahi maos istighfar, paling mboten saben dinten maos istighfar langkung saking 70 waosan. Napa malih awak dewe ingkang gadah dosa ingkang katah menika.
 

Ma'asyiral muslimin rahimakumullah

Maos istighfar ugi kedah dipun sarengi kanthi niat ingkang ikhlas, keranten saking istighfar dados tetenger kita sedaya bali marang Allah. Gusti Allah paring dawuh:
 

وَأَنِ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُمَتِّعْكُمْ مَتَاعًا حَسَنًا إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى وَيُؤْتِ كُلَّ ذِي فَضْلٍ فَضْلَهُ ۖ وَإِنْ تَوَلَّوْا فَإِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيرٍ 
 

Artosipun: "Lan nyuwuna pangapura sira kabeh marang Gusti Allah lan padha bali (taubat) marang Gusti Allah, mangka Allah bakal maringi nikmat ingkang sahe marang sira kabeh ngantos dumugi waktu kang ditentuaken, lan Allah bakal maringi kawulane ingkang mulya kaliyan kamulyane. Lamun sira kabeh mengo (berpaling), mangka saktemene ingsun kuwatir sira kabeh bakal disiksa ing dina Kiamat." (QS Hud ayat 3).
 

Umur manungsa, kita sedaya mboten pirsa. Pramila, ngathahi maos istighfar utawi nyuwun pangapura menika, ugi dados persiapan kita ingdalem kita bakal sowan marang Gusti Allah. Ampun ngantos, mangke nalika kita ditimbali kalian Gusti Allah, taksih gawa dosa, sahe niku dosa kalian Gusti Allah utawi kalian sapadha-padha makhluk.
 

Jamaah Jumat ingkang minulya

Kangge mungkasi khutbah menika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya kalebet ing golonganipun tiyang kang remen maos istighfar lan mugi taubat kita ditampi kalian Allah. Lan mugi-mugi kita sedaya angsal keberkahan ing wulan Rajab menika. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ  
 

 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
 

اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ. عٍبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali.