Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Wujud Syukur atas Kemerdekaan Indonesia ke-80, Meneladani Perjuangan Para Pahlawan
NU Online · Kamis, 14 Agustus 2025 | 23:00 WIB
Ajie Najmuddin
Kontributor
Tanggal 17 Agustus diperingati bangsa Indonesia sebagai Hari Proklamasi Kemerdekaan Repubik Indonesia (RI). Tahun 2025 ini, kita memperingati 80 tahun Kemerdekaan RI. Karena itu, wajib bagi kita untuk senantiasa bersyukur atas karunia kemerdekaan ini. Rasa syukur ini kemudian perlu kita wujudkan bersama, dalam berbagai bentuk kebaikan, sehingga negeri ini tetap berdiri kokoh sebagai negeri yang aman, damai, dan makmur.
Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Wujud Syukur atas Karunia Kemerdekaan Bangsa Indonesia". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197).
Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Saben taun ing tanggal 17 Agustus, kita sedaya, rakyat Indonésia mèngeti Dinten Proklamasi Kamardikan Indonesia. Kabèh péranganing masarakat mèlu partisipasi nganggo carané dhéwé-dhéwé. Wiwit saka ngawontenaken acara tirakatan, umbul donga, lomba-lomba, nganti upacara ing saben-saben instansi. Menika sedaya, dados wujud raos bungah mèngeti Dinten Proklamasi Kamardikan Indonesia.
Kajaba raos bungah, kanugrahan kamardikan bangsa Indonesia punika kedah dipun wujudaken kanthi ngedalaken raos syukur. Sebab kanthi, ngedalaken raos syukur punika, insyaallah Gusti Allah swt bakal paring tambahing nikmat. Dhawuhipun Gusti Allah wonten ing Al-Qur'an:
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ
Artosipun, "Lan elinga, nalika Gusti Allah meruhake marang sira kabeh kang surasane: Sayektine yen sira kabeh padha syukur, Ingsun (Allah) mesti paring tambahan nikmat marang sira kabeh. Lan menawa sira kabeh padha kufur. Awas! saktemene siksa Ingsun (Allah) iku banget larane," (QS Ibrahim ayat 7).
Pramila, supados kita angsal tambahe peparing nikmat lan tebih saking siksane Gusti, manggaha kita tansah padha syukur. Bilih nikmat saking Allah menika arupi kathah sanget. Salah setunggale inggih punika nikmat kita sedaya dipun dadosaken tiyang utawi bangsa ingkang merdeka.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Bilih raos syukur punika, saget dipun wujudaken kanthi 4 (sekawan) perkawis. Kados dene ingkang sampun dipun dhawuhaken Syekh Imam Az-Zarnuji wonten ing kitab Ta'limul Muta'allim bilih 4 perkawis punika: As-syukru billisan, bil jinan, bil arkan, lan bil mal.
Ingkang pertama, syukur bil lisan utawi ngedalaken raos syukur dhateng Allah kanthi lisan. Contonipun kita maos kalimat hamdalah utawi kalimat pujian sanesipun, awit saking raos bungah kita sampun nampi nikmat saking Gusti Allah swt.
Utawi saget kita wujudaken kalimat maturnuwun dhateng para tiyang khususipun para pahlawan ingkang sampun berjuang mujudaken kemerdekaan bangsa Indonesia. Ngaturake maturnuwun utawi syukur dhumateng para pahlawan punika, sejatosipun ugi sami kalian kita ngedalaken syukur dhumateng Allah ta'ala, ingatase kita saget menikmati alam kemerdekaan.
Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring dhawuh, wonten ing hadits ingkang dipun riwayatake saking sahabat Abu Hurairah ra:
لاَ يَشْكُرُ اللَّهَ مَنْ لاَ يَشْكُرُ النَّاسَ
Artosipun, "Durung (diarani) syukur marang Allah, sapa wonge kang ora syukur (maturnuwun) marang (sapadha) manungsa," (HR Imam Abu Dawud lan Ahmad).
Lajeng, ingkang nomer kalih, syukur bil jinan utawi bil qalbi, yaiku syukur kanthi bungahing ati utawi gadahi rasa bilih sedaya nikmat peparing punika saking Gusti Allah swt. Dhawuhipun Allah swt:
وَمَا بِكُمْ مِّنْ نِّعْمَةٍ فَمِنَ اللّٰهِ
Artosipun, "Utawi barang kang kelawan sira kabeh, nyatane nikmat, mangka iku kabeh saking Allah ta'ala." (QS An-Nahl ayat 53).
Wonten ing kitab Tafsir Al-ibriz juz 11-20 kaca 799 dipun terangake, bilih sekabehane barang kang ana ing langit lan bumi, iku namung kagungane Allah ta'ala dhewe. Lan uga agama sampun aneges taat selawase iya namung kagungane Allah ta'ala dhewe. Pramila, mboten patut menawi kita wedi marang sakliyane Allah lan mboten gelem syukur marang Allah.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kaping tiga, raos syukur punika dipun wujudaken bil arkan (perbuatan). Kamardikan Indonesia punika kita syukuri kanthi nglampahi perkawis kang sahe kangge kemajengan bangsa lan nagara. Sampun ngantos kita malah dados tiyang kang ngrusak negara punika kanthi tindakan kang awon lan ngrugiake negara, kaya dene korupsi lan sanesipun.
Lan ingkang terakhir, syukur punika saget dipun wujudaken bil mal, utawi ngangge bandha. Semisal, kita dados rakyat angsal kewajiban bayar iuran lan pajak ingkang manfaatipun kangge kemajengan utawi pembangunan nagara. Kosok wangsulipun, ugi ingkang dados pejabat pemerintah, saget manfaatake utawi nggunaake pajak punika kangge kesejahteraan rakyatipun.
Menawi saking elemen kalih punika, saget mlampah kanthi sahe insyaallah nagara Indonesia punika saget dados negara kang maju lan sejahtera. Kosok wangsulipun menawi wonten ingkang mboten amanah, mesti nagara Indonesia punika bakal bubrah, sebab tujuan negara ndadosaken rakyat sejahtera punika mboten saget terwujud.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya, keluarga kita, lan sedaya bangsa Indonesia angsal keberkahan lan rahmat saking Gusti Allah ta'ala. Dipun tebihaken saking sedaya fitnah lan bebaya. Amin ya Rabbal 'alamin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali
Terpopuler
1
Khutbah Jumat HUT Ke-80 RI: 3 Pilar Islami dalam Mewujudkan Indonesia Maju
2
5 Poin Maklumat PCNU Pati Jelang Aksi 13 Agustus 2025 Esok
3
Kantor Bupati Pati Dipenuhi 14 Ribu Kardus Air Mineral, Demo Tak Ditunggangi Pihak Manapun
4
Nusron Wahid Klarifikasi soal Isu Kepemilikan Tanah, Petani Desak Pemerintah Laksanakan Reforma Agraria
5
Badai Perlawanan Rakyat Pati
6
Sri Mulyani Sebut Bayar Pajak Sama Mulianya dengan Zakat dan Wakaf
Terkini
Lihat Semua