Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Maos Al-Quran ing Wulan Ramadhan
Jumat, 14 Maret 2025 | 07:30 WIB
Ajie Najmuddin
Kontributor
Di Bulan Ramadhan, kita banyak menjumpai kegiatan membaca Al-Qur'an secara berkelompok, baik di masjid, mushola, dan rumah-rumah. Orang-orang sering menyebut kegiatan tersebut dengan istilah tadarusan. Selain karena ingin mengharapkan keberkahan pahala di Bulan Ramadhan, tadarusan memiliki banyak keutamaan. Apa saja keutamaannya?
Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini berjudul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Maos Al-Quran ing Wulan Ramadhan". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُۗ وَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَۗ يُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَۖ وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197).
Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Alhamdulillah, wonten ing wekdal menika kita taksih pinaringan kenikmatan saking Gusti, saget kepanggih kalian wulan Ramadhan. Mugi-mugi ing wulan punika kita pinaringan sehat wal afiat saget nglampahi sedaya amal ibadah kanthi raos bungah lan istiqamah.
Salah setunggale amal ibadah ingkang kathah ketingal ing wulan Ramadhan, inggih punika tadarus Al-Qur'an, utawi kegiatan maos Al-Qur'an, sahe niku dilampahi piyambakan utawi sesarengan kalian para warga. Wonten ing masjid, langgar, lan mushala, ten pundi-pundi sami ngawontenaken tadarus Al-Qur'an.
Sedaya punika, kajaba kepengin angsal berkah lan ganjaran ing wulan Ramadhan, pancen antarane Al-Qur'an lan Ramadhan punika dados perkawis ingkang sampun gathuk. Sampun kita mangertosi, bilih Nabi kita, Kanjeng Nabi Muhammad saw, pikantuk mu’jizat ingkang ageng saking Allah ta’ala, inggih punika kitab suci Al-Qur’an.
Kitab Al-Qur’an dipunturunaken Allah ta’ala datheng Kanjeng Nabi, kanthi perantara Malaikat Jibril, nalika Kanjeng Nabi khalwat ten Gua Hira, wonten ing Wulan Ramadhan. Pramila Wulan Ramadhan punika dipunsebutaken dados wulan ingkang dipunwajibaken ibadah pasa, ugi dados wulan tumurune Al-Qur’an. Gusti Allah sampun paring dhawuh ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 185:
Baca Juga
Rukun-Rukun Khutbah dan Penjelasannya
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ
Artosipun, “Ibadah pasa iku ana ing wulan Ramadhan, ingkang sakjerone wulan mau Al-Qur’an diturunaken (saking Lauhil Mahfudh). Kanggo nudhuhaken marang menungsa, lan dadi tandha terang saking pitudhuhe Allah ta’ala. Lan saking kang ambeda’ake (antarane haq lan bathil). Mangka sapa wonge hadlir (tinemu) ana ing wulan Ramadhan, dheweke kudu pasa …” (QS Al-Baqarah: 185).
Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Kegiatan tadarusan punika kathah sanget kautamanipun. Dipun terangaken Kanjeng Nabi Muhammad saw ing salah setunggale hadits ingkang dipun riwayataken saking sahabat Abu Hurairah ra:
وَمَا اجْتَمَعَ قَوْمٌ فِي بَيْتٍ مِنْ بُيُوْتِ اللهِ يَتْلُوْنَ كِتَابَ اللهِ وَيتَدَارَسُوْنَهَ بَيْنَهُمْ إِلاَّ نَزَلَتْ عَلَيْهِمُ السَّكِيْنَةُ وَغَشِيَتْهُمُ الرَّحْمَةُ
Artosipun, “Ora ana (ganjaran liya) kanggo wong kang padha kumpul ana ing omah-omahe Gusti Allah kanthi maca utawi nyinauni Al-Qur’an, kejaba bakal dipunturunaken katentreman lan rahmat.” (HR Muslim).
Saking hadits punika, kautaman tumrape kaum kang padha tadarus Al-Qur'an inggih punika, ingkang pertama Gusti Allah bakal maringi sakinah (rasa tentrem) saha rahmat. Bilih rahmat utawi welas asihipun Gusti menika jembar sanget.
Contonipun saking penjelasan sifat welas asihe Gusti Allah inggih punika Ar-Rahman lan Ar-Rahim. Wonten ing Tafsir Al-Ibriz dipun terangake ana ing surat Al-Fatihah ayat 3, bilih Gusti Allah iku persifatan welas asih maring sekabehane makhluk, luwih-luwih marang menungsa kang wis nyata diparingi nikmat wujud kanthi akal lan anggota badan kang sampurna lan nikmat liya-liyane meneh kang gedhe lan lembut.
الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِۙ
Artosipun, "Kang Maha Welas ana ing (dunya lan akhirat) tur Maha Asih (ana ing akhirat blaka)," (QS Al-Fatihah: 3).
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah
Lajeng kautaman tumrape kaum kang kersa tadarus Al-Qur'an, saking hadist riwayat Imam Muslim, inggih punika:
وَحَفَّتْهُمُ الْمَلاَئِكَةُ وَذَكَرَهُمُ اللهُ فِيْمَنْ عِنْدَهُ
Artosipun, "Lan bakal padha dikepung dening para malaikat lan Gusti Allah bakal ngalembana marang dhéwéké ana satengahé para malaikat kang mapan ing sakiwa tengené."
Pramila, mangga kita sedaya ampun nilar ngamalke tadarus Al-Qur'an, langkung-langkung ing wulan Ramadhan punika, sedaya amal ibadah bakal diganjar kanthi matikel-tikel.
Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, saget nglampahi ibadah ing wulan Ramadhan kanthi iman kang jejeg, awak kang sehat wal afiat, saha raos bungah lan istiqamah. Amin ya Rabbal Alamin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عٍبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali
Terpopuler
1
Khutbah Idul Fitri 1446 H: Kembali Suci dengan Ampunan Ilahi dan Silaturahmi
2
Niat Zakat Fitrah untuk Diri Sendiri, Istri, Anak, Keluarga, hingga Orang Lain, Dilengkapi Latin dan Terjemah
3
Habis RUU TNI Terbitlah RUU Polri, Gerakan Rakyat Diprediksi akan Makin Masif
4
Kultum Ramadhan: Mari Perbanyak Istighfar dan Memohon Ampun
5
Fatwa Larangan Buku Ahmet T. Kuru di Malaysia, Bukti Nyata Otoritarianisme Ulama-Negara?
6
Gus Dur Berhasil Perkuat Supremasi Sipil, Kini TNI/Polri Bebas di Ranah Sipil
Terkini
Lihat Semua