Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Shalat, Nentremake Ati lan Pikiran
Kamis, 16 Januari 2025 | 21:30 WIB
Ajie Najmuddin
Kolomnis
Pada bulan Rajab kita mengingat peristiwa Isra' Mi'raj. Setelah mengalami peristiwa tersebut, Nabi Muhammad saw membawa 'oleh-oleh' berupa perintah shalat wajib lima waktu: Isya', Subuh, Zuhur, Ashar, dan Maghrib. Shalat sebagai salah satu pilar utama dalam Islam, memiliki berbagai fungsi dan manfaat yang luas. Shalat juga bisa membantu memperdalam rasa syukur, ketenangan batin, dan keikhlasan dalam menjalani kehidupan sehari-hari.
Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini dengan judul “Kautaman Shalat, Nêntremake Ati lan Pikiran". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: اِنَّنِيْٓ اَنَا اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدْنِيْۙ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ لِذِكْرِيْ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah Ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)
Sidang Jumat rahimakumullah,
Salah setunggalipun perintah saking Gusti, inggih punika ibadah shalat fardhu utawi shalat limang waktu. Ibadah shalat punika dados lelampahane tiyang mukmin, tegese dados tandane tiyang ingkang takwa marang Allah. Dhawuhipun Allah ing Al-Qur'an:
اَلَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَۙ
Artosipun: "(Wong kang takwa) yaiku wong-wong kang padha percaya marang perkara ghaib (kaya Swarga lan liya-liyane), lan nglakoni shalat, lan nyokongake sebagian saking bandhane." (QS Al-Baqarah ayat 3)
Ibadah shalat punika ugi dados rukun Islam ingkang angka kalih saha dados cagake agama. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw ingkang dipun diriwayataken Sahabat Umar bin Khattab RA:
اَلْإِسِلاَمُ أَنْ تَشْهَدَ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ وَتُقِيْمَ الصَّلاَةَ وَتُؤْتِيَ الزَّكاَةَ وَتَصُوْمَ رَمَضَانَ وَتَحُجَّ الْبَيْتَ إِنِ اسْتَطَعْتَ إِلَيْهِ سَبِيْلاً
Artosipun: "Islam iku ing yinto sira nyekseni, bilih mboten wonten Pengeran kajaba namung Gusti Allah, lan nyekseni bilih Kanjeng Nabi Muhammad iku utusane Allah. Sira ngadegake shalat, ngedalake zakat, pasa ana ing wulan Ramadhan, lan ngibadah haji ing Baitullah lamun sira wus mampu nindakake." (HR Muslim)
Dhawuh sanesipun:
اَلصَّلَاةُ عِمَادُ الدِّيْنَ، فَمَنْ أَقَامَهَا فَقَدْ أَقَامَ الدِّيْنَ وَمَنْ تَرَكَهَا فَقَدْ هَدَمَ الدِّيْنَ
Artosipun: "Utawi shalat iku dados cagake agama, sapa wonge kang ngadêgake shalat, mangka temen-temen wis ngadêgake agama. Lan sapa wonge kang ninggalake shalat, mangka temen-temen wis ngrubuhake agama." (HR Al-Baihaqi)
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah
Kajaba dados cagake agama, shalat ugi gadah kathah kautaman. Kanggene tiyang ingkang nglampahi shalat, mboten namung kangge nggugurake kewajiban, ananging shalat ugi saget dados wasilah kangge dzikir (pangeling-eling) marang Gusti Allah. Dhawuhipun Gusti Allah wonten ing Al-Qur'an:
وَأَقِمِ الصَّلَاةَ لِذِكْرِي
Artosipun: "Sliramu padha ngadegake shalat, kangge pangeling-eling marang Ingsun (Allah)." (QS Thaha ayat 14)
Ngeling-eling marang Allah punika saget ndadosake padhang lan nentremake ati lan pikiran. Dhawuhipun Gusti Allah:
اَلَا بِذِكْرِ اللّٰهِ تَطْمَىِٕنُّ الْقُلُوْبُۗ
Artosipun: "Eling-eling. Kanthi eling marang Allah, penggalihe wong-wong mukmin padha bisa anteng, ora sebab liya-liyane." (QS Ar-Ra'd ayat 28)
Sakbibaripun shalat, sahenipun dipun kulinaake maos dzikir lan doa. Laku punika saget dados pangeling-eling ugi pangarep-arep. Namung dumatheng Gusti Allah kita nyumelehake ati lan pikiran. Saksampunipun ikhtiar lan ngadepi kerupekane dunyo, kita tansah nyuwun pinaringan sedaya kesahenan marang Gusti.
Kanthi ati saha pikiran kang sumeleh, wohe saking nindaake shalat, ing dalem nglampahi gesang ing dunyo kita saget enteng lan anteng. Kita yakin, senajan menawa taksih ngadepi ujian ing dunya, kita yakin bilih wonten Gusti Allah ing ngarsane kita sedaya, ingkang bakal maringi pitulungan. Gusti Allah sampun paring dhawuh:
لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۗ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْۗ
Artosipun: "Gusti Allah ora bakal merdi manungsa, kajaba kang dikuwasani dening manungsa mau. Lakon bagus ana ganjarane. Lakon ala ana siksane." (QS Al-Baqarah ayat 286)
Jamaah Jumat ingkang minulya
Kangge mungkasi khutbah menika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, kalebet ing golonganipun tiyang kang ahli shalat, saget nglampahi shalat kanthi istiqamah lan leres. Shalat kita ditampi marang Allah. Lan mugi-mugi kita sedaya angsal keberkahan ing wulan Rajab menika. Amin ya Rabbal Alamin
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عٍبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali.
Terpopuler
1
Pramoedya Ananta Toer, Ayahnya, dan NU Blora
2
Khutbah Jumat: Cara Meraih Ketenangan Hidup
3
Munas NU 2025 Putuskan 3 Hal tentang Penyembelihan dan Distribusi Dam Haji Tamattu
4
Gus Baha: Jangan Berkecil Hati Jadi Umat Islam Indonesia
5
Khutbah Jumat: Etika Saat Melihat Orang yang Terkena Musibah
6
Munas NU 2025: Hukum Kekerasan di Lembaga Pendidikan adalah Haram
Terkini
Lihat Semua