Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nguri-uri Tradisi kang Nuwuhake Paseduluran

Kam, 29 Februari 2024 | 14:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nguri-uri Tradisi kang Nuwuhake Paseduluran

Kenduri. (Foto: Istimewa)

Menjelang Ramadhan, terdapat kegiatan sadranan yang memiliki banyak makna. Selain untuk mengingat para leluhur yang sudah meninggal, juga dapat menjadi momen untuk merekatkan persaudaraan.


Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nguri-uri Tradisi kang Nuwuhake Paseduluran" Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!




Khutbah I


اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، يُؤْتِي الْمُلْكَ مَنْ يَشَاءُ وَيَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ يَشَاءُ وَيُعِزُّ مَنْ يَشَاءُ وَيُذِلُّ مَنْ يَشَاءُ بِيَدِهِ الْخَيْرُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةً عَصَمَ اللهُ قَائِلِيهَا دِمَاءَهُمْ وَأَمْوَالَهُمْ إِلَّا بِحَقِّ الإِسْلَامِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَرْسَلَهُ اللهُ بِالْهُدَى رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَبَارِكْ وَسَلِّمْ عَلَيْهِ فِي الأَوَّلِيْنَ وَالأخِرِيْنَ وَفِي كُلِّ حِيْنٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قال الله عز وجل: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا . يُصْلِحْ لَكُمْ أَ
عْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
 


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Wonten ing wulan Sya'ban utawi Ruwah menika, kathah sanget kegiatan ingkang dipun wontenaken ing masyarakat. Kados dene tradisi ruwahan, sadranan, lan liya-liyane gumantung marang adat lan kebiasaan ana ing daerah masing-masing.


Tradisi ingkang kasebat kala wau, tentu gadhahi makna lan tujuan. Contonipun tradisi sadranan ingkang dipun wontenake kangge ngeling-eling dhumateng para leluhur, guru, utawi tiyang sepah ingkang sampun marak sowan dhateng Allah ta'ala.


Kegiatanipun awujud dungaake dhateng para tiyang ingkang sampun seda saha paring sedekah marang liyan. Ingkang dipun waos ugi waosan Al Quran saha dzikir supados tansah eling dhumateng Gusti lan tentreme ati. Gusti Allah ta’ala sampun paring dhawuh:​​​​​​​


أَلَا بِذِكْرِ اللهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوْبُ


Artosipun : “Eling-eling, namung kanthi eling marang Allah, padha bisa anteng atine (wong mukmin),” (QS. Ar-Ra’d: 28).


Para jamaah ingkang minulya,

Tradisi kados dene sadranan menika, ugi saget nuwuhaken ugi ngraketake paseduluran. Ingkang mekaten tentu sampun dipun gagas para winasis utawi penyebar agami Islam, nalika mirsani katah keragaman masyarakat ing Nusantara.

Kegiatan sadranan menika ugi pas nalika dipun wontenaken sak bibare kegiatan Pemilu kados wayah mekaten, kangge ngadem-ngadem suasana ing masyarakat. Supados tansah rukun saha tebih saking tukaran. Bilih ingkang paling penting, inggih menika nggayuh kerukunan lan paseduluran. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:​​​​​​​


اَلْمُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضًا


Artosipun: "Mukmin siji karo mukmin liyane iku kaya dene siji bangunan, kang padha nguwatke siji marang liyane," (HR Bukhari Muslim).


Kegiatan sadranan ugi dados bukti, bilih ajaran Islam saget dipun sebarke kanthi ramah, ugi saget dipun tampi kalian masyarakat, kanthi nyekel prinsip-prinsip syariat ugi mboten ngrisak tradisi lokal ingkang sampun wonten ing masyarakat setempat. Wonten ing Al-Qur’an surat An-Nahl ayat 125, Gusti Allah swt sampun paring dhawuh:


ٱدۡعُ إِلَىٰ سَبِيلِ رَبِّكَ بِٱلۡحِكۡمَةِ وَٱلۡمَوۡعِظَةِ ٱلۡحَسَنَةِۖ وَجَٰدِلۡهُم بِٱلَّتِي هِيَ أَحۡسَنُۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعۡلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِۦ وَهُوَ أَعۡلَمُ بِٱلۡمُهۡتَدِينَ 


Artosipun: "(Sira Muhammad) Ajak-ajaka marang agamane Pengeran ira, kelawan hikmah lan pitutur kang bagus.  Lan ladenana bantahe wong-wong kang sasar saking dalan-dalane Allah. Utawi Allah iku langkung pirsa marang wong-wong kang oleh pituduh," (QS An-Nahl : 125).


Saking ayat menika, wonten ing keterangan tafsir Ibnu Katsir, saget dipun pendhet maknane, bilih agama Islam kedah dipun ajarake kanthi cara ingkang sahe lan santun. Ampun ngantos, maraake Islam malah angel ditampi kalian masyarakat setempat. Para Walisongo sampun maringi tuladha, nyebarke agama Islam kelawan kabudayan.


Para jamaah ingkang minulya,

Pramila, mangga kita saget sami nguri-uri tradisi utawa budaya ingkang sahe menika. Menawi mboten kita, lajeng sinten malih ingkang badhe kersa nguri-uri? Ampun ngantos kita gela, sebab kelangan tradisi sahe ingkang sampun dipun turunake saking para leluhur lan guru kita.


Mugi-mugi kita sedaya dados tiyang ingkang saget nguri-uri tradisi sahe, saha kita istiqamah ing dalem ibadah marang Gusti Allah ta'ala. Amin ya Rabbal Alamin.


  جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا    باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ  

Khutbah II


   اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا   أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ  

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ    


Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali