Khutbah

Khutbah Bahasa Jawa: Aja Gelem Dadi Wong Rugi

Jumat, 27 Maret 2026 | 10:00 WIB

Khutbah Bahasa Jawa: Aja Gelem Dadi Wong Rugi

Khutbah Bahasa Jawa tentang orang merugi (NUO)

Bulan Ramadhan ibarat menjadi momen panen pahala bagi kita, sebab dalam bulan tersebut Allah swt menurunkan banyak keutamaan dan keberkahan. Setelah kita melaluinya, tentu kita tidak ingin kehilangan begitu saja pahala yang telah kita raih, yang disebabkan karena beberapa kejelekan yang kita lakukan setelahnya. Ibarat seorang petani yang menginginkan keuntungan dari hasil panen tersebut, tentu kita ingin Ramadhan menjadi momen penuh keberuntungan bagi kita. Maka, setelah Ramadhan, janganlah menjadi orang yang merugi!
 

Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini berjudul: “Khutbah Bahasa Jawa: Aja Gelem Dadi Wong Rugi". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
 


Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ  قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah Swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaaké langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaaké nikmat punika ing dalan kang saé.
 

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepéling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindakaké perintah saking Gusti saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dhawuhipun Allah ing Al-Qur'an:
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah ayat 197)ز
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya Wulan Ramadhan ingkang sampun kita lampahi minangka wulan suci ingkang kebak berkah, pangapura, lan rahmat. Kita sampun nindakaké ibadah pasa, shalat tarawih, maos Al-Quran, lan sanesipun. Sedaya punika saget dados wasilah kanggé ningkataken iman lan takwa kita dhumateng Gusti Allah swt.
 

Ibaraté kados tiyang tani, wulan Ramadhan ugi saget dipun maknani dados wulan panen ganjaran. Sebab Gusti Allah maringi matikel-tikel ganjaran kanggoné wong kang gelem nglakoni amal saleh ing wulan Pasa. Lumrahé tiyang mesthi kepéngin angsal ganjaran utawi bathi kang kathah.
 

Pramila, supados kita kalebet dados tiyang ingkang bathi punika, kita kedah nggatèkaké salah setunggale dhawuh saking Kanjeng Nabi Muhammad saw ing hadits ingkang dipun riwayataké Imam Muslim saking riwayat sahabat Abu Hurairah ra:
 

‌أَتَدْرُونَ ‌مَا ‌الْمُفْلِسُ؟ قَالُوا: الْمُفْلِسُ فِينَا مَنْ لَا دِرْهَمَ لَهُ، وَلَا مَتَاعَ
 

Artosipun, "Apa tah sliramu padha ngerti, sapa iku ingkang diarani wong kang rugi utawa bangkrut? Lajeng para sahabat wonten ingkang jawab: Tiyang ingkang rugi yaiku ingkang mboten gadhah arta lan bandha."
 

Jawaban saking sahabat punika mesthi bakal dados jawaban lumrahé tiyang. Ananging, mboten jawaban niku ingkang dipun kersaake kalian Kanjeng Nabi. Tiyang ingkang rugi miturut agami, lajeng dipun wêdhar kalian Kanjeng Nabi:
 

فَقَالَ: إِنَّ الْمُفْلِسَ مِنْ أُمَّتِي يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِصَلَاةٍ وَصِيَامٍ وَزَكَاةٍ، وَيَأْتِي قَدْ شَتَمَ هَذَا، وَقَذَفَ هَذَا، وَأَكَلَ مَالَ هَذَا، وَسَفَكَ دَمَ هَذَا، وَضَرَبَ هَذَا فَيُعْطَى هَذَا مِنْ حَسَنَاتِهِ، وَهَذَا مِنْ حَسَنَاتِهِ، فَإِنْ فَنِيَتْ حَسَنَاتُهُ قَبْلَ أَنْ يُقْضَى مَا عَلَيْهِ أُخِذَ مِنْ خَطَايَاهُمْ فَطُرِحَتْ عَلَيْهِ، ثُمَّ طُرِحَ فِي النَّارِ
 

Artosipun, "Nabi saw paring dhawuh: Saktemene wong kang bangkrut saking umatku, yaiku wong kang teka ana ing dina kiamat, kanthi gawa amal kesaénan saking shalat, pasa, lan zakat. Ananging wonge mau, tau ngenyèk (mencaci maki) lan nuduh wong liya, mangan bandhané wong liya, gawe mili getihé (nglarani/matèni) wong liya, lan ngantem wong liya. Mangka, ganjaran-ganjaran saka amal bagusé entèk sak durungé hak-haké dipenuhi, lan amal-amal alané wong-wong kang dèn zalimi kabeh bakalé dèn wenèhaké marang wong iku, lan sak banjuré wong iku mau dèn uncalake ana ing neraka.” (HR Imam Muslim).
 

Imam al-Qurthubi ing kitab al-Jami’ li Ahkamil Qur’an, juz VI kaca 137, maringi keterangan bilih suk embèn ing dina kiamat, Gusti Allah bakal maringi kebebasan kanggone wong sing dizalimi. Wong kang zalim lan sing dizalimi bakal dipethukaké, banjur wong kang dizalimi bakal njupuk amal ibadah lan kesaénan saking wong kang zalim kanthi padha karo ukuran kezaliman sing dilakoni nalika ing dunya.
 

Menawi mboten cekap kanggo nyaur utawi sampun telas amal ibadah lan kesaénané wong kang zalim, mangka bakal diwenèhi amal-amal alané wong-wong kang dèn zalimi. Ing akhiré kados keterangan saking Kanjeng Nabi kala wau, wong kang zalim bakal dadi wong kang rugi, sebab amal saéné telas, malahan saget minus.
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya Menawi kita sampun mangertosi dhawuh saking Kanjeng Nabi saw punika, mesthi bakal eman-eman lan ngati-ati. Sebab awak dhewe menika, amal sahé mawon dereng tentu ditampi kalian Gusti Allah. Mangka, ampun ditambahi kelawan nglakoni perkawis awon, kang saget ngurangi ganjaran.
 

Langkung-langkung, perkara awon ingkang wonten hubungané kalian tiyang sanes, kaya tah ngrasani, fitnah, nglarani, maling, korupsi, matèni, lan sanesipun. Menika sedaya bakal wonten piwales saking Gusti, saé niku ten dunya utawi ten akhirat. Na'udzu billahi min dzalik.
 

Mbok bilih kita sedaya mesthi mboten bakal tegel badhé matèni wong liya, utawi maling bandhané wong liya. Ananging, mbok menawi kita dereng saget jaga lisan, ingkang nglarani atiné wong liya. Utawi, drijine kita, komentar mboten saé utawi malah kalebet fitnah ing media sosial utawi ing sesrawungan.
 

Menika lah prakawis-prakawis ingkang saget ndadosaken kita kalebet tiyang ingkang muflis utawi bangkrut. Ampun ngantos, akhiripun ganjaran pasa, shalat, zakat, lan sanesipun ical sebab prakawis awon kados ingkang sampun kasebat.
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sumrambah ing keluarga kita dipun dadosaken Allah, dados tiyang ingkang begja wonten ing dunya lan akhirat. Lan mugi-mugi sedaya amal ibadah kita dipun tampi kalian Gusti Allah Swt. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
 

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali