Salah satu bekal penting agar kita bisa hidup sukses di dunia dan akhirat, yakni dengan ilmu. Ilmu menjadi obor penerang menuju jalan yang benar. Dengan ilmu pula, manusia bisa membedakan mana yang hak dan batil. Dengan ilmu, iman kita juga akan menjadi lebih sempurna. Begitu juga sebaliknya.
Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Gandhengipun Iman lan Ilmu”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
الحَمْدُ ِللهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اَلْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ , أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، اَلْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)
Sidang Jumat rahimakumullah,
Kita sampun mangertosi, bilih salah satunggaling faktor ingkang penting tumrap gesang manungsa ing alam donya, kangge anggayuh wilujeng dunya lan akhirat, inggih punika sarana ngelmu.
Jer ngelmu mekaten, minangka obor ingkang saged amadhangi dhateng lelampahanipun manungsa, saged nedahaken margi ingkang leres. Inggih sarana ngelmu, manungsa saged mbedakaken antawisipun salah lan leres. Ingkang sahe utawi awon.
Wosipun ilmu ingkang berkah lan manfaat, saged ngangkat derajating manungsa, wonten ing kamulyan lahir batin, donya akhirat. Kosok wangsulipun, tanpa ilmu, samukawisipun badhe mboten kantenan, mboten saged beres lan sahe ing bab dunya lan akhirat.
Wonten ing salah satunggaling hadits, Kanjeng Nabi Muhammad saw sanget anggenipun mrihatosaken umatipun. Ampun ngantos umatipun kaserang penyakit bodho, jalaran tentu badhe mundur ing sedayanipun.
Pramila, agami Islam majibaken dhateng kita, pados ilmu. Langkung-langkung ilmu ingkang gegayutan kaliyan perkawis-perkawis ingkang dipun wajibaken, kados dene shalat, pasa, zakat, haji, lan sanesipun. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلى كُلِّ مُسْلِمٍ
Artosipun: ”Pados ilmu iku dadi kewajiban kagem saben-saben wong Muslim.” (HR Muslim)
Ateges, kewajiban pados ilmu niku dados kewajiban sedaya tiyang, muslimin lan muslimat, jaler lan estri. Mulai alit ngantos dumugi telasing yuswane manungsa.
Sebab, kanthi sarana ilmu menika, kita saget pikantuk kathah keutamaan, salah setunggale inggih punika Gusti Allah ta'ala bakal ngangkat derajate wong-wong ahli ilmu. Dhawuhipun Allah ing Al Qur'an:
يَرْفَعِ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْۙ وَالَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ دَرَجٰتٍۗ
Artosipun: "Allah bakal ngangkat derajate wong-wong kang padha iman lan kang padha nduweni ilmu, ing pirang-pirang derajat." (Q.S. Al Mujadilah : 11)
Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,
Ayat punika ugi mbuktekaken bilih iman lan ilmu punika, saged gegandhengan satunggal lan sawenehipun, mboten saged dipun pisah-pisahaken. Kekalihipun kedah kita gadahi. Jalaran ilmu punika gandheng raket sanget kalian iman. Kekalihipun mboten saged dipun pisah-pisahaken, minangka sanguning gesang, anggayuh kamulyan dunya lan akhirat.
Iman tanpa ilmu, mboten saged sampurna. Semanten ugi, ilmu tanpa iman. Tegesipun, menawi ilmu sampun saged hasil, ampun ngantos imanipun dipun lirwakaken. Mekaten ugi menawi iman sampun hasil, ampun ngantos ngelmu mboten dipun paelu. Jalaran sedaya tumindak punapa kemawon ambetahaken dateng ilmu.
Kanthi gegandhengan ilmu lan iman menikalah, insyallah saget dados wasilah kangge kita angsal swarganipun Gusti Allah. Dhawuhipun Kanjeng Nabi saw:
وَمَنْ سَلَكَ طَرِيقًا يَلْتَمِسُ فِيهِ عِلْمًا، سَهَّلَ اللهُ لَهُ بِهِ طَرِيقًا إِلَى الْجَنَّةِ
Artosipun: “Sapa wonge kang ngambah dalan, ing dalem pados ilmu, mangka Allah bakal maringi gampil kanggo wong iku, dalan marang Swarga.” (HR Bukhari dan Muslim)
Para sedherek,
Minangka panutuping atur kula, mangga kita sesarengan nyuwun ing ngarsaning Allah kang Maha Kuwaos, Mugi-mugi kita dipun paringi teguh lan sabar anindaaken dhawuh-dhawuiing agami. Mugi-mugi kita sedaya dipun gampilaken, anggene kita pados ilmu, ugi saged ngamalaken ilmu kita ing dalem kesaenan. Supados angsal Ridha saking Gusti Allah. Amin ya Rabbal Alamin.
جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali