Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Puasa Sarana Nuwuhaké Empati dateng Dhu'afa

Kamis, 5 Maret 2026 | 23:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Puasa Sarana Nuwuhaké Empati dateng Dhu'afa

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang puasa sebagai momentum empati kepada kaum dhu'afa

Puasa Ramadhan merupakan salah satu kewajiban agung dalam Islam, bahkan termasuk rukun Islam yang lima. Tidak ada seorang Muslim pun yang mengingkari kewajiban puasa ini. Diantara hikmah kewajiban Puasa Ramadhan adalah menjadi sarana pendidikan jiwa. Ia membentuk pribadi yang tidak hanya bertakwa kepada Allah swt, tetapi juga memiliki kepedulian sosial yang tinggi.
 

Teks khutbah berikut berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Puasa Sarana Nuwuhaké Empati dateng Dhu'afa”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silahkan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
 


Khutbah I 
 

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَكْرَمَنَا وَفَضَّلَنَا بِشَهْرِ رَمَضَانَ شَهْرِ نُزُولِ الْقُرْآنِ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ ﷺ هُدًى عَلَى الْإِنْسَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُوْعِدُ بِالْغُفْرَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ بِدَعْوَةِ الْإِسْلَامِ وَالْإِيْمَانِ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ حَبِيْبِ الرَّحْمٰنِ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ، إِلَى يَوْمِ الْبَعْثِ وَالْمِيْزَانِ . أَمَّا بَعْدُ
 

فَيَا آيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
 

Para Sederek Jamaah Jumat Ingkang dipun Mulyakaken Gusti Allah
Sumangga kita tansah ningkataken rasa syukur dhumateng Allah ingkang sampun paring nikmat iman, Islam, saha takwa, langkung-langkung wonten ing wulan suci Ramadhan menika. Wulan ingkang kebak berkah, pangapura, lan rahmat.
 

Para Jamaah ingkang kinurmatan
Kita sedaya sami mangertos bilih gesang menika boten tansah sami rata. Wonten ing antawisipun kita ingkang wiwit lair sampun gesang wonten ing kaluwihan, rejekine lancar, dhahar lan ngunjukipun cekap, mbok bilih malah dereng nate ngraosaken pedhihing luwe lan ngelak. Nanging wonten ugi sedherek-sedherek kita ingkang wiwit alit akrab kaliyan kekirangan, saben dinten kedah berjuang ngadhepi kasangsaran.
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Syariat Islam boten bedakaken antawisipun tiyang sugih lan tiyang miskin. Sedaya sami dados kawulane Gusti Allah. Tiyang sugih boten pikantuk keringanan amargi kasugihanipun, lan tiyang miskin ugi boten bebas saking kewajiban amargi kekiranganipun.
 

Kados pitedahipun Allah ﷻ wonten ing Surat Al-Baqarah ayat 183:
 

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
 

Artosipun: “He wong-wong kang padha iman, diwajibake marang siro kabeh pasa, kaya dene wis diwajibake marang wong-wong sadurunge siro kabeh, supaya kowe padha dadi wong kang takwa.”
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing kitab Al-Fiqhul Manhaji juz II koco 76 ugi dipun terangaken, salah satunggaling pilar tegaking masyarakat Islam inggih menika rasa welas asih lan empati antawisipun umat Islam. Tiyang sugih boten saged saestu ngasihi tiyang miskin menawi boten nate ngraosaken pedhih lan aboting gesangipun. Wulan Ramadhan punika dados sarana ingkang paling sae kangge nuwuhaken raos punika.
 

Mekaten ugi wonten ing Kitab Shiyam terbitan Daru Ifta Mesir dipun terangaken, puasa menika ugi dados sarana nuwuhaken rasa syukur. Amargi kanthi nahan dhahar, ngunjuk, lan syahwat ingkang sakmenika dipun paringi Gusti Allah, kita dados mangertos sepira agenging nikmat ingkang sampun diparingaken Gusti Allah dateng kita. Saking mriki lajeng medal rasa syukur dhumateng Allah lan tuwuh rasa welas asih dhateng sedherek-sedherek ingkang kekirangan. Milo meniko Allah ngendika wonten ing pungkasan ayat-ayat ingkang nerangaken puasa:
 

وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
 

Artosipun: “… lan supaya kowe padha bersyukur.” (Al-Baqarah: 185).
 

Para Jamaah Jumat ingkang dipun rahmati Allah
Saking punika sedaya, kita saged mangertos bilih puasa Ramadhan boten namung ibadah ritual pribadi, nanging ugi ibadah sosial. Puasa punika nglatih ati supados langkung peka, langkung peduli, lan langkung remen berbagi.
 

Nalika kita ngraosaken ngelih lan ngelak, kedahipun kita eling dhateng sedherek-sedherek kita ingkang saben dinten ngraosaken mekaten, mboten namung sak wulan, nanging saben dintenipun. Saking raos menika, mugi tuwuh dorongan kangge bersedekah, mbayar zakat kanthi becik, paring infak, lan nulungi tiyang-tiyang ingkang apes lan kekirangan.
 

Mugi-mugi puasa kita boten namung nahan luwe lan ngelak, nanging ugi saged nuwuhaken takwa, empati, lan syukur ing sajroning manah kita. Amin ya Rabbal ‘alamin.
 

أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمْ: شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ ۗوَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗيُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ ۖوَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ
 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِالْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيْمٌ ، مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ 

 

Khutbah II
 

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ، وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ، وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ. اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 

أَمَّا بَعْدُ: فَيآ أيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اتَّقُوا اللهَ، اتَّقُوااللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ، فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ، فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى
 

وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ 

وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ، فَإِنَّ يَدَ اللهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ، وَمَنْ شَذَّ شَذَّ فِيْ النَّارِ 
 

اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَقُرَّةِ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ بِرَحْمَتِكَ يَآأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ 
 

اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ؛ اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا، رَخَاءً،  سَخَاءً، وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ؛ اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ، اللهم اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ 
 

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 
 

عِبَادَ اللهِ ... إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ، وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ 

 

Ustadz Muhamad Hanif Rahman, Dosen Ma'had Aly Al-Iman Bulus dan Pengurus LBM NU Purworejo