Khutbah Bahasa Jawa: Nalika Kahanan Rekasa, Tansah Cekelen Sabar lan Takwa
NU Online · Jumat, 3 April 2026 | 08:15 WIB
Ajie Najmuddin
Kolumnis
Berbagai peristiwa yang melanda di belahan dunia dan pada akhirnya juga berdampak ke Indonesia. Berbagai keadaan, terkadang membuat kita merasa ketakutan dan bahkan pada akhirnya berdampak pada kondisi ekonomi yang sulit. Ketika terjadi situasi yang demikian, maka perlu disikapi dengan rasa sabar lan takwa kepada Allah swt. Siapa yang bertakwa kepada Allah, maka akan dibukakan jalan oleh-Nya.
Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini berjudul: “Khutbah Bahasa Jawa: Nalika Kahanan Rekasa, Padha Tansah Cekelen Sabar lan Takwa". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah سwt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaaké langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaaké nikmat punika ing dalan kang saé.
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepéling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindakaké perintah saking Gusti saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dhawuhipun Allah ing Al-Qur'an:
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhuné luwih bagus-bagusé sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), héi wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah ayat 197).
Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Nalikané urip ana ing dunya, Manungsa mesti bakal dipun coba kanthi pinten-pinten coba utawa ujian. Dhawuhipun Gusti Allah wonten ing Al-Qur'an:
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الْاَمْوَالِ وَالْاَنْفُسِ وَالثَّمَرٰتِۗ وَبَشِّرِ الصّٰبِرِيْنَ
Artosipun, "Lan yekti nguji sapa Ingsun (Allah) ing sira kabeh, kelawan suwiji-wiji saking rasa kuwatir (wedi), luwé, larang pangan, kekurangan bandha lan woh-wohan. Nalika ana coba kang mengkunu iku begja banget wong-wong kang padha sabar." (QS Al-Baqarah ayat 155).
Rasa kuwatir niku lumrah kanggoné manungsa, sebab manungsa iku makhluk kang nduwéni sifat apes. Nalika wonten kahanan kang medeni kaya déné musibah utawa perang mesthi bakal nduwéni rasa kuwatir, mbok menawa bakal kelakon kahanan sing marakaké rekasa.
Menawi ing kahanan rekasa utawa nduwéni rasa kuwatir utawa nampa ujian-ujian kados ingkang sampun kasebat wau, mangka kedah dipun lampahi kanthi rasa sabar utawa tabah. KH Bisri Musthofa maringi keterangan bilih kanthi rasa sabar utawi sabar punika saget dadi dalan tampa bungah ing swarga.
Lajeng sapa iku wong-wong kang sabar? Yaiku wong-wong kang nalika tampa bilahi nuli maos: inna lillahi wa inna ilaihi roji'un. Wong-wong kang padha sabar tabah mau, bakal oleh pangapura lan nikmat saking Allah Ta'ala, lan wong-wong kang padha sabar mau sakbeneré wong-wong kang oleh pituduhé Allah Ta'ala. (Tafsir Al-Ibriz, juz II, kaca 51-52).
Sabar ugi saget dados pepadhangé manah. Kados dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw ing hadits kang dipun riwayatké saking Sahabat Abu Malik Al-Harits ra:
وَالصَّبْرُ ضِيَاءٌ
Artosipun, "Utawi sabar iku dadi pepadhang (HR Imam Muslim).
Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Kejaba sabar, nalika ing kahanan napa mawon kita kedah gadahi rasa takwa marang Gusti Allah swt. Kanthi takwa punika, insyallah bakal maringi gampil lan dipun buka dalané. Gusti Allah ugi sampun maringi dhawuh ing Al-Qur'an:
وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا
Artosipun, "Lan sapa wongé kang takwa marang Allah Ta'ala, bakal didamel urusané (ana ing dunya lan akhirat) dadi gampang." (QS At-Thalaq ayat 5).
Wonten ing ayat sanesipun, ugi dipun terangaken bilih tiyang ingkang takwa ugi bakal diparingi rezeki saking Allah Ta'ala, kanthi dalan-dalan kang dhèwèké ora padha ngira-ngira.
Menika lah prakawis-prakawis ingkang saget lampahi, khususipun nalika kita nampi ujian saking Gusti Allah swt. Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sumrambah ing keluarga kita dipun dadosaken Allah, dados tiyang ingkang begja wonten ing dunya lan akhirat. Lan mugi-mugi sedaya amal ibadah kita dipun tampi kalian Gusti Allah swt. Amin ya Rabbal 'alamin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali
Terpopuler
1
Khutbah Jumat: 3 Jenis Ucapan yang disukai Allah
2
Jadwal Puasa Sunnah Selama April 2026
3
Temui Dubes AS, Gus Yahya Serukan Dialog AS-Iran Demi Hentikan Perang di Timur Tengah
4
Di Manakah Jutaan Orang Arab dalam Perang Iran Vs Israel dan AS?
5
Khutbah Jumat: 8 Hal yang Dijauhi Rasulullah Mulai dari Kecemasan hingga Dililit Utang
6
Zakat Profesi ASN: Antara Standar Nisab dan Legalitas Pemotongan Gaji dalam Perspektif Fiqih
Terkini
Lihat Semua