Khutbah

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Nguri-nguri Tradisi wonten Dinten Suci

Sab, 6 April 2024 | 19:30 WIB

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Nguri-nguri Tradisi wonten Dinten Suci

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa tentang melestarikan tradisi. (3jawakers.wordpress.com).

Khutbah Idul Fitri ini mengingatkan kita untuk senantiasa merayakan Hari Raya dengan mempertahankan tradisi baik yang selama ini telah diwariskan oleh orang tua kita. Seperti tradisi silaturahmi, saling mengunjungi sanak-saudara untuk saling memaafkan satu sama lain.
 

Khutbah Idul Fitri kali ini berjudul: “Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Nguri-nguri Tradisi wonten Dinten Suci". Untuk mengunduh dan mencetak naskah khutbah Idul Fitri ini silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
 

 

Khutbah I
 

اَللهُ أَكْبَرُ (×٣) اَللهُ أَكْبَرُ (×٣) اَللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
‎اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا لاَ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ، مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، لَهُ الْمُلْكُ اْلعَظِيْمُ اْلاَكْبَرْ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الشَّافِعُ فِي الْمَحْشَرْ. نَبِيٌّ قَدْ غَفَرَ اللهُ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ وَمَا تَأَخَّرَ. اللهُمَّ صَلِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ أَذْهَبَ اللهُ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ

أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قالَ اللهُ تَعَالىَ فِيْ كِتَابِهِ الكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْا ۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ 
 

Jamaah Shalat Idul Fitri ingkang minulyo

Ing dinten ingkang mulyo meniko, monggo tansah ngungkapaken raos syukur dateng Allah swt ingkang sampun paring anugerah arupi keimanan, kesehatan, lan sedoyo nikmat ingkang mboten saged kito etang setunggal-setunggalipun. Sedoyo nikmat meniko kedah kito syukuri kelawan maos Alhamdulillah, lajeng dipun yakini wonten ing manah kito lan dipun wujudaken wonten ing tumindak lampah kito.
 

Setunggalipun nikmat Allah ingkang sampun nyoto kito raosaken sakmeniko inggih puniko umur panjang sehinggo kita saged kepanggih dinten riyoyo tahun niki. Katah sederek-sederek kito ingkang mboten saged kempal sareng kito lan mboten kepanggih dinten ingkang fitri kranten sampun dipun timbali deneng Allah swt. Ugi katah tiyang ingkang mboten saged sareng-sareng mangayubagyo wonten ing lebaran meniko kranten tasih dipun uji deneng Allah arupi sakit lan musibah lintunipun.
 

Jamaah Shalat Idul Fitri ingkang minulyo

Wonten ing dinten meniko, kito dipun perintahaken Allah supados ngatah-ngatahaken takbir, ngagungaken asmanipun Allah kanti nyadari bilih kito meniko makhluk ingkang alit lan lemah. Sedoyo ingkang kito lampahi wonten ing dunyo meniko sampun dipun atur dening Allah.
 

وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ 
 

Artosipun, “Genepono wilangan wulan lan ngagungono siro marang Gusti Allah (kelawan takbir) kanthi pituduh Allah marang siro supados siro syukur”. (QS Al-Baqarah: 185).
 

اللهُ أَكْبَرُ ٣× لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
 

Ma’asyiral muslimin wal muslimat, jama’ah shalat Idul Fitri ingkang minulyo

Kejobo saking ngatah-ngatahaken takbir, tahmid, lan tahlil, kito ugi dipun perintahaken ngamalaken sunnah-sunnah lan ibadah wonten ing Idul Fitri. Ibadah meniko mboten anamung ibadah mahdoh ingkang sampun dipun atur tatacaranipun. Ibadah meniko ugi kalebet ibadah ghairu mahdoh ingkang mboten dipun atur tata caranipun kados sedekah, mbantu tiang lintu, ugi bebrayan kelawan tingkah laku ingkang sae. 
 

Ibadah mahdoh meniko sering dipun lakoni sesarengan kalian tradisi ingkang biasanipun dipun lampahi wonten ing masing-masing daerah. Tradisi ingkang sae ingkang sampun dipun lampahi wonten ing Idul Fitri meniko kedah kito uri-uri lan ugi dipun warisaken dateng lare-lare kangge dados ciri kebudayaan ingkang luhur. Ulama ngendiko:
 

اَلْمُحَافَظَةُ عَلَى الْقَدِيْمِ الصَّالِحْ وَاْلاَخْذُ بِالْجَدِيْدِ اْلاَصْلَحِ
 

Artosipun, “Ngrawat perkawis lawas (tradisi) ingkang sae lan mundut perkawis enggal ingkang luwih sae”.
 

Katah sanget tradisi riyoyo ingkang sae dipun lakoni wonten ing Indonesia. Tradisi utowo kebiasaan sae meniko kados tradisi silaturahmi (sowan) saksampunipun shalat Id teng nggriyonipun tonggo teparo lan sanak kadang. Meniko kedah kito uri-uri kranten katah manfaat lan maslahatipun. Kejobo dados wujud raos bungah wonten ing lebaran, tradisi silaturahmi meniko saged dipun dadosaken panggenan kangge ngapuro lan nyuci dosa dateng tiyang lintu. 
 

Lajeng, nopo alasanipun kito sami saling ngapuro wonten ing riyoyo meniko? Wonten ing riyoyo, sedoyo tiyang ngraos jembar dodonipun sinaoso tiyang ingkang atos atinipun. Pramilo meniko dados wedal ingkang tepat kranten sedoyo tiyang saged tulus lan ikhlas ngapuro dateng tiyang lintu lan tiyang lintu nyukani ngapuro dateng kito. 
 

Kejobo niku, ngapuro dateng tiyang lintu ugi dados perintahipun Rasulullah lan nggadahi keutamaan. Wonten ing hadits riwayat Imam At-Thabarani wonten ing kitab Al-Mu'jamul Kabir dipun sebataken:
 

مَنْ أُعْطِيَ فَشَكَرَ، وَابْتُلِيَ فَصَبَرَ، وَظَلَمَ فَاسْتَغْفَرَ، وَظُلِمَ فَغَفَرَ، ثُمَّ سَكَتَ، فَقَالُوْا: يَا رَسُوْلَ اللهِ، مَا لَهُ؟ قَالَ: أُولئِكَ لَهُمُ الْأَمْنُ وَهُمْ مُهْتَدُوْنَ (رَوَاهُ الطَّبَرَانِيُّ)   
 

Artosipun, “Sopo wonge diwei lan syukur, diuji lan sabar, agawe dzalim lan nyuwun ngapuro, didzalimi lan ngewei pangapuro, (lajeng mendel Rasulullah). Sahabat sami tanglet: "Ya Rasulallah, wonten nopo dateng tiyang meniko?" Rasul njawab: "Wong iku kang arep merkoleh keamanan saking siksa kubur lan akhirat ugo merkoleh pituduh".” (HR At-Thabarani).
 

اللهُ أَكْبَرُ ٣× لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
 

Ma’asyiral muslimin wal muslimat, jama’ah shalat Idul Fitri ingkang minulyo

Pramilo, monggo, tradisi-tradisi sae silaturahmi meniko kito kuataken. Ampun ngantos zaman modern ingkang sakniki katah alat komunikasi canggih ndadosaken kito putus silaturahmi lan nggampangaken sowan langsung teng tiyang lintu. Kejobo niku, tradisi-tradisi sae lintunipun wonten ing riyoyo ingkang beragam teng setunggalipun daerah kedah dipun uri-uri. 
 

Keragaman wonten ing dunyo meniko sampun dipun serat deneng Allah swt. Keragaman meniko ampun dipun dadosaken bibit permusuhan. Sakwalikipun, kedah dados wasilah kemaslahatan kangge sedoyo. Allah ngendiko:
 

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْا ۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ 
 

Artosipun, “He menungso, temen aku (Allah), nyiptaaken siro lanang lan wadon, lan nggawe bongso-bongso lan suku-suku kanggo kenal-mengenal. Temen sing paling mulyo antarane siro kabeh wonten ing sisi Allah inggih puniko ingkang paling takwa. Temen setuhune Allah iku paling ngerti lan teliti.” (QS Al Hujurat: 13).
 

اللهُ أَكْبَرُ ٣× لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
 

Ma’asyiral muslimin wal muslimat, jama’ah shalat Idul Fitri ingkang minulyo

Lewih-lewih silaturahmi teng tiyang sepah kito ingkang dados jimat kito wonten ing dunyo. Alhamdulillah syukur, kangge ingkang tiyang sepahipun taseh sehat wal afiat. Meniko dados kenikmatan ingkang mboten saged dipun ukur. Kangge tiyang sepahipun ingkang sampun wangsul deneng Allah, kito saged kirim dungo, ziarah wonten ing maqbarahipun. Kito nyuwun dateng Gusti Allah, mugi tiyang sepah kito tansah dipun paringi jembar kubur, dipun tampi amal-amalipun, lan dipun ngapuro duso-dusonipun.
 

Rasulullah saw ngendiko:
 

إِذَا مَاتَ ابْنُ آدَمَ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلا مِنْ ثَلاثٍ: صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ ، أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ 
 

Artosipun, “Nalikone wafat sopo wong, putus kabeh amale kejobo 3 perkoro: Sedekah jariyah, ilmu kang manfaat, lan dungone anak soleh”. (HR Muslim).
 

Mugi kito saged nguri-nguri tradisi ziarah lan tansah pinaringan keberkahan. Mugi-mugi ing dinten riyoyo meniko duso kito sedoyo dipun pangapuro dateng Allah swt lan kito saged kados terlahir malih kados bayi ingkang mboten nggadahi duso nopo-nopo. Amin.
 

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ، وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ، اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ الله لِى وَلَكُمْ، وَلِوَالِدَيْنَا وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
 


Khutbah II
 

اللهُ اَكْبَرُ (٣×) اللهُ اَكْبَرُ (٤×) اللهُ اَكْبَرُ، كبيرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ

الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ لِلصَّائِمِيْنَ يَوْمَ عِيْدِ الْفِطْرِ مَغْفُوْراً عَنِ الذُّنُوْبِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ رَحْمَتُهُ الْمَطْلُوْبُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْعَجَمِ وَالْعُرْبِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الشَّافِعِ فِي الْيَوْمِ الْمَوْعُوْدِ, وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْوَدُوْدِ. اَللهُ أَكْبَرُ. اَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللهَ فِيْ مَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى اللهُ عَنْهُ وَحَذَّرَ 

وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


 

Ustadz H Muhammad Faizin, Sekretaris PCNU Pringsewu Lampung