Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman lan Adab Ibadah Kurban

Jum, 14 Juni 2024 | 06:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman lan Adab Ibadah Kurban

Khutbah Jumat Bahasa jawa tentang keutamaan dan adab dalam berkurban. (Foto: NU Online/Freepik)

Menyembelih hewan kurban, menjadi salah satu ibadah yang dilaksanakan pada momentum Hari Raya Idul Adha dan tiga hari berikutnya. Ibadah kurban ini melatih kita, agar memiliki hati yang bersih dan ikhlas. Di dalam ibadah kurban terkandung banyak keutamaan dan perlu dilakukan dengan adab dan tata cara yang benar.


Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman lan Adab Ibadah Kurban”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!



Khutbah I


الحَمْدُ ِللهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اَلْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ , أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، اَلْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.


وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ


Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)  


Sidang Jum’ah rahimakumullah,

Sekedap malih, kita badhe ngrayakake dinten riyaya Idul Adha. Wonten ing dinten Idul Adha menika, kita dipun sunahake nglampahi ibadah shalat Idul Adha lan dipun lajengaken ibadah kurban, ngantos dumugi telase dinten tasrik.


Sampun kita mangertosi, bilih ibadah kurban menika hukumipun sunah muakad. Tegese sahe sanget menawi saget dipun lampahi. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring pangandikan wonten ing hadits kang dipun riwayataken Siti Aisyah ra: 


عَنْ عَائِشَةَ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَا عَمِلَ آدَمِيٌّ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ إِنَّهَا لَتَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِقُرُونِهَا وَأَشْعَارِهَا وَأَظْلَافِهَا وَأَنَّ الدَّمَ لَيَقَعُ مِنْ اللَّهِ بِمَكَانٍ قَبْلَ أَنْ يَقَعَ مِنْ الْأَرْضِ فَطِيبُوا بِهَا نَفْسًا   


Artosipun: "Saking Siti Aisyah ra, saking Kanjeng Rasulullah shallallâhu ‘alaihi wasallam ingkang sampun paring dhawuh: Mboten wonten amalan kang dilakoni anak adam (manungsa) ing Dina Riyaya Idul Adha, kang luwih ditresnani marang Allah, yaiku nyembelih kewan (kurban). Sebab kewan (kurban) mau, bakal teka nalika dina kiamat sartane sungu-sungune, wulu-wulune, lan kuku-kuku sikile. Getih kewan mau bakal tumeka ingarsane Gusti Allah, sak durunge netes ing lemah. Kamangka jembarna awakmu kanggo nglakoni (perintah kurban)." (HR Tirmidzi) 


Pramila, begja kemayangan, kagem tiyang ingkang saget lan kersa nindaake perintah kurban menika. Sebab kanthi wasilah ibadah kurban menika, kajaba ganjaranipun ingkang ageng ugi saget dados dalan tetulung marang liyan ingkang langkung mebetahaken. Dhawuhipun Gusti Allah SWT ing Al Qur'an Surat Al Hajj ayat 28 :


فَكُلُوا مِنْهَا وَأَطْعِمُوا الْبَائِسَ الْفَقِيرَ   


Artosipun: “Mangka padha mangana sira kabeh saka raja kaya lan aweha pangan sira kabeh ing wong kang banget fakire," (QS Al Hajj : 28)


Wonten ing kitab tafsir Al Ibriz dipun terangaken, ing Idul Adha menika tumeka dina tasrik, kita dipun anjuraken supaya ngatah-ngatahi nyebut asmane Allah swt, kerana rizki ingkang sampun dipun paringi saking Allah rupa raja kaya (unta, sapi, wedus kang disembelih kanggo kurban lan hadiah).


Ing ayat sanesipun, Gusti Allah ugi gandhengaken ibadah kurban menika kalian peparing nikmat ingkang sampun katah kita tampi saking Gusti Allah:


اِنَّا اَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ. فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ


Artosipun: "Setuhune Ingsun (Allah) iku maringi sira (Kanjeng Nabi Muhammad) telaga Kautsar (rizki ingkang katah). Mangka shalata sira kerana Pengeran ira lan nyembeleha (kurban) sira," (QS Al Kautsar : 1-2)


Pramila, umate Kanjeng Nabi saw ingkang kepengin ndherek ngrasaake nikmat ing Telaga Kautsar menika, dipun prentah ugi supaya nglampahi shalat lan kurban.


Sidang Jum’ah rahimakumullah,

Saksampunipun kita mangertosi kautaman ibadah kurban, ugi kedah kita wigatosaken adab-adab nalika nyembelih hewan kurban. Salah setunggale inggih punika mboten angsal nglarani kewan, semisal nganggo gaman kang ora landhep kanggo nyembelih.


Sebab menawi manungsa menika wonten istilah perikemanusiaan, ugi wonten perikehewanan. Tegese kita kedah welas asih marang kewan kurban, miturut syariat. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw, wonten ing salah setunggal hadist kang diriwayatake Abu Ya’la Syaddad bin Aus ra: 


إِنَّ اللهَ كَتَبَ الإِحْسَانَ عَلَى كُلِّ شَيءٍ. فَإِذَا قَتَلْتُمْ فَأَحْسِنُوْا اْلقِتْلَةَ، وَإِذَا ذَبَحْتُمْ فَأَحْسِنُوْا الذِّبْحَةَ، وَلْيُحِدَّ أَحَدُكُمْ شَفْرَتَهُ، وَلْيُرِحْ ذَبِيْحَتَهُ


Artosipun: "Satemené Allah wis ngwajibaké supaya padha tumindak becik marang sapadha padha titah. Nalikané sira maténi (wong kang miturut syariat oleh di paténi), tindakna kanthi cara kang becik. Nalika sira nyembeléh (kewan), tindakna kanthi cara kang becik uga, prayoga sira nglandhepaké gaman lan gawe seneng kewan kang bakal di sembeléh. (HR Muslim)


Para sedherek,

Minangka panutuping atur kula, mangga kita sesarengan nyuwun ing ngarsaning Allah kang Maha Kuwaos, Mugi-mugi kita dipun paringi teguh lan sabar anindaaken dhawuh-dhawuhing agami. Supados angsal ridha saking Gusti Allah. Amin ya Rabbal Alamin.


جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا. باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ


Khutbah II


 اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ  


Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali