Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Marhaban Rajab, Wulan Mulio Kangge Ndungo lan Ninggalaken Duso 

Rab, 17 Januari 2024 | 19:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Marhaban Rajab, Wulan Mulio Kangge Ndungo lan Ninggalaken Duso 

Ilustrasi: Rajab5 (NU Online)

Khutbah Jumat Bahasa Jawa ini memaparkan tentang datangnya bulan Rajab yang merupakan bulan mulia. Pada bulan ini, ada beberapa hal yang perlu kita perhatikan diantaranya adalah upaya kita untuk senantiasa meningkatkan kualitas dan kuantitas ibadah kita. Upaya ini dilakukan dengan menguatkan komitmen untuk menjalankan perintah Alah dan menjauhi larangan-Nya 

 

Teks khutbah Jumat Bahasa Jawa berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Marhaban Rajab, Wulan Mulio Kangge Ndungo lan Ninggalaken Duso”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!

 

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَهْدِيهِ وَنَشْكُرُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنْ لَّا إلهِ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَلَا مَثِيْلَ لَهُ، هُوَ الْإِلهُ الْعَفُوُّ الْغَفُوْرُ الْمُسْتَغْنِي عنْ كُلِّ مَا سِوَاهُ وَالْمُفْتَقِرُ إِلَيْهِ كُلُّ مَا عَدَاهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، بَلَّغَ الرِّسَالَةَ وَأَدَّى الْأَمَانَةَ وَنَصَحَ الأُمَّةَ، صَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً يَقْضِي بِهَا حَاجَاتِنَا وَيُفَرِّجُ بِهَا كُرُبَاتِنَا وَيَكْفِيْنَا بِهَا شَرَّ أَعْدَائِنَا وَسلَّمَ عَلَيْهِ وَعَلَى صَحْبِهِ الطَّيِّبِيْنَ وَآلِهِ الْأَطْهَارِ وَمَنْ وَالَاهُ

أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْقَدِيْرِ الْقَائِلِ فِي مُحْكَمِ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ:  يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ . وقَالَ: إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِندَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْراً فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالأَرْضَ مِنْهَآ أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ 

 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Ing wedal puniko monggo sami ngiataken raos takwa utowo wedi marang Allah arupi nglampahi sedoyo perintah-perintah Allah lan nebihi dateng sedoyo ingkang dipun larang deneng Allah swt. Kito sedoyo kedah nyadari dene nopo mawon ingkang kito lakoaken wonten ing dunyo meniko pesti dipun awasi teng Allah lan Malaikat Allah. Kito sedoyo kedah yakin ugi, dene sedoyo amalan sae bakal tompo piwales ganjaran lan amalan awon bakal tompo duso. 

 

Mugi kito sedoyo kalebet golonganipun tiyang ingkang angsal pituduh lan sedoyo kerupekan ingkang kito adepi wonten ing ndunyo tansah pinaringan solusi. Allah sampun nyukani dawuh wonten ing Al-Qur'an ingkang nyebataken menawi kita tansah takwa, Allah ugi tansah mbukaaken dalan kangge ngrampungaken masalah saking arah ingkang mboten dipun songko-songko. Allah swt dawuh:

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا ۙ

 

Artosipun: “Sopo wonge takwa dateng Allah, pesti bakal dipun paringi dalan medal,” (At-Thalaq ayat 2).

 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Ing Jumat meniko, khatib bade nyampaiaken khutbah ingkang judulipun: Marhaban Rajab, Wulan Mulio Kangge Ndungo lan Ninggalaken Duso. Tema meniko perlu dipun sampaiaken kranten sakniki kito sampun dumugi lan mlebet wulan Rajab ingkang kalebet wulan Qamariyah nomor 7. Rajab ugi dados salah setunggalipun wulan ingkang mulyo lan dipun tegasaken wonten ing Qur’an Surat At-Taubah ayat 36:

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِندَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْراً فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالأَرْضَ مِنْهَآ أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ 

 

Artosipun: “Temen setuhune wilangan wulan mungguhipun Allah meniko 12 (kalih welas) ingdalem ketetapan arikolone Allah nyiptaaken langit lan bumi ing antarane papat wulan ingkang mulio,”.

 

Wonten ing kitab I‘anatut Thalibin dipun sebataken dene wulan Rajab kalebet bulan spesial kranten asalipun sangking kalimat “tarjib” ingkang gadah makna ngagungaken utowo muliaken. Dipun sebataken zaman rumiyen, bangsa Arab lewih ngagungaken wulan Rajab tinimbang wulan-wulan lintunipun. Sakbagian ulama ugi maknai Rajab sami kalian Al-Ashabb ingkang maknanipiun tumetes utowo ngalir. Makna meniko lambang katahe kesaenan lan keberkahan tumetes lan ngalir wonten ing wulan Rajab.

 

Wonten ugi setunggalipun ulama ingkang maknai Rajab kalian Rajam ingkang nggadahi makna mbalang musuh lan setan-setan. Ing wulan Rajab, setan-setan sami dipun balang sehinggo mboten ngganggu piantun-piantun soleh.

 

Wonten ing bulan Rajab meniko, kito ugi dipun dawuhi supados ngatah-ngatahaken ngibadah lan ndungo. Kranten ing wulan Rajab, katah keistimewaan-keistimewaan arupi dipun tikel-tikelaken ganjaran saking ibadah ingkang kito lakoni. Nanging mboten anamung niku mawon, kito kedah atos-atos lan waspodo serto mboten ngalkoni duso kranten duso ingkang dipun lakoni ing wulan meniko ugi bade dipun tikelaken deneng Allah swt. Pramilo monggo sami nindaaken nopo ingkang dipun perintahaken Allah lan nebehi nopo ingkang dipun larang deneng Allah swt.

 

Moko niku, Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Kejawi nindaaken ikhtiar ngatah-ngatahaken ngibadah ing wulan Rajab, kito ugi kedah ngatah-ngatahaken dungo supados kita dipun paringi kekiatan kangge nglampahi ngibadah ing wulan Rajab meniko. Dungo ingkang dados wujud tawakkal utowo pasrah dateng Allah ugi dipun karepaken saged dados lantaran pituduh Allah dateng kito kangge nebehi tumindak maksiat lan duso.

 

Kito kedah sadar-sesadaripun, wonten ingkang mboten ketingal lan mboten saged dipun candak ingkang nentuaken urip kito ing dunyo. Sukses lan gagal meniko mboten saged ditentuaken kito piyambak. Meniko kekuasaan Allah swt ingkang nentoaken urip kito. Kito namung waged ikhtiar lan ndungo mugi Allah tansah ngabulaken kekarepanipun kito sedoyo. Allah ngendiko:

وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُونِي أَسْتَجِبْ لَكُمْ 

 

Artosipun: "Allah dawuh: 'Dungoo siro kabeh marang-Ku (Allah), yekti bakal dipun kabulaken dungo siro kabeh" (QS Ghâfir: 60).

 

Rasulullah saw ugi dawuh:

الدُّعَاءُ سِلاَحُ الْمُؤْمِنِ، وَعِمَادُ الدِّينِ، وَنُورُ السَّمَاوَاتِ وَالأَرْضِ

 

Artosipun: “Dungo meniko gamanipun tiang Mukmin, cagaipun Islam, lan dados sinar langit lan bumi.” (HR Al-Hakim).

 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 

Ing antaranipun dungo ingkang dipun anjuraken dipun waos wulan Rajab meniko inggih puniko dungo nyuwun uswo ingkang panjang lan barakah. Dungo uswo panjang meniko kedah dipun katah-katahaken ing wulan Rajab supados kita saged ngibadah lan mundut kautamanipun Rajab ugi saget kepanggih wulan Sya’ban dumugi wulan Romadhon. Tigang wulan meniko nggadahi urutan lan hubungan kados dados manunggaling bulan ingkang dipun rangkum wonten dungo:

اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ 

 

Artosipun: "Ya Allah, mugi mberkahi dateng kulo ing wulan Rajab lan wulan Sya’ban lan dumugiaken kulo wonten ing wulan Romadhon,” 

 

Kaitanipun tigang wulan niki, Rasulullah sampun nyukani sabdo arupi keterangan dene Rajab meniko wulanipun Gusti Allah ingkang dipun tandani perintah sholat nyembah ing Allah sediten limang ambalan: Shubuh, dzuhur, Ashar, Maghrib, lan Isya’. Perintah meniko dipun sampaiaken teng Kanjeng nabi Muhammad arikolone peristiwa Isra’ Mi’raj ing wulan Rajab. Perintah sholat meniko negesi firman Allah wonten ing Al-Qur’an:

 

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ 

 

Artosipun: “Mboten dipun ciptaaken jin lan menungso kejobo kanggo ngibadah teng Aku (Allah),” (Ad-Dzariyat: 56)

 

Hadirin Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Saking penjelasan meniko, khatib estu-estu ngemutaken dateng kito sedoyo, monggo sami nguataken dungo lan ikhtiar serto tawakkal dateng gusti Allah. Mugi-mugi Allah tansah paringi pangapuro dateng sedoyo duso-duso kito lan nganugerahi kekuatan kangge ngindari duso lan mbukaaken pintu tobat dateng kito sedoyo.Firmanipun Allah swt:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا تُوْبُوْٓا اِلَى اللّٰهِ تَوْبَةً نَّصُوْحًاۗ عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يُّكَفِّرَ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ (التحريم: ٨

 

Artosipun: “Duh menungso kang podo iman, Tobato siro kabeh marang gusti Allah kanti tobat ingkang temen. Mugi-mugi Allah tansah ngilangi keluputan lan mlebetaken siro sedoyo dateng surgo ingkang wonteng kali kang ngalir tuyonipun”. (QS At-Tahrim: 8)

 

Hadirin Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Mugi Allah tansah maringi uswo panjang ugi kesehatan supados kito saget ngalap keberkahan wonten ing bulan Rajab, Sya’ban, lan Romadhon. Amin.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

Khutbah II

 

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Ustadz H Muhammad Faizin, Sekretaris PCNU Kabupaten Pringsewu, Lampung