Bulan Sya‘ban merupakan bulan yang berada di antara bulan Rajab—salah satu dari empat bulan haram—dan bulan Ramadhan. Karena posisinya tersebut, bulan Sya‘ban sering dianggap sebagai bulan biasa dan kurang mendapat perhatian. Padahal, Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam menyebut bulan Sya‘ban sebagai bulan beliau. Lantas, apa alasan yang mendasari Rasulullah menyebut bulan Sya‘ban sebagai bulannya? Jawabannya akan kita temukan dalam khutbah ini.
Teks khutbah berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sya'ban Sasinipun Kanjeng Nabi lan Amalan Utami”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
الحَمْدُ لِلَّهِ الْمُبْدِئِ الْمُعِيدِ، ذِي الْعَرْشِ الْمَجِيدِ، الْفَعَّالِ لِمَا يُرِيدُ. أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ حَمْدًا لَا يَفِي بِمَحَامِدِهِ التَّحْمِيدُ، وَأَشْكُرُهُ شُكْرًا أَبْتَغِي بِهِ مِنْ فَضْلِهِ الْمَزِيدَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ، وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، الْوَلِيُّ الْحَمِيدُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، الْقَائِمُ بِنُصْرَةِ التَّوْحِيدِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، أُولِي الْفَضْلِ الطَّارِفِ وَالتَّلِيدِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ مِنْ صَالِحِ الْعَبيدِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ
Poro jama‘ah Jumat ingkang dipun mulya’aké Allah Ta‘ala
Monggo kita tansah sami ngiyataken lan netepi raos taqwa dhumateng Gusti Allah Ta‘ala, inggih punika kanthi nglampahi sedaya dhawuh lan peréntahipun, saha nyingkiri sedaya laranganipun. Ugi monggo kita ningkataken niyat lan semangat kita sedaya kanggé ngetutaken lan nindaki tindak-tandukipun Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam kanthi sak kuwatos-kuwatosipun. Mugi-mugi kita tansah kaparingan ridha dening Gusti Allah Ta‘ala lan dipun dadosaken tiyang ingkang beja donya lan ugi ing akhirate. Amin.
Ma'ayiral Muslimin rahimakumullah
Alhamdulillah, ing wekdal punika kita sedaya sampun dumugi ing wulan Sya‘ban. Wulan Sya‘ban punika kalebet sasi ingkang kebak berkah lan keutamaan. Amargi agengipun berkah sasi Sya‘ban, Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika bilih sasi Sya‘ban punika minangka sasinipun piyambak ipun.
Kados ingkang dipun aturaken wonten ing Kitab Kanzul ‘Ammāl juz XII kaca 323, wonten hadits riwayat Imam Ad-Dailami saking Sayyidatuna ‘Aisyah raḍiyallahu ‘anha:
شَعْبَانُ شَهْرِي، وَرَمَضَانُ شَهْرُ اللَّهِ، وَشَعْبَانُ الْمُطَهِّرُ، وَرَمَضَانُ الْمُكَفِّرُ
Artosipun: “Sasi Sya‘ban punika sasiku, dene sasi Ramadhan punika sasinipun Allah. Sasi Sya‘ban minangka sasi kanggé nyucèkaké, dene sasi Ramadhan minangka sasi kanggé ngelebur dosa-dosa.”
Saking hadits menika saged dipun pahami bilih sasi Sya‘ban punika sasi ingkang istimewa, ngantos dipun wastani minangka sasinipun manungsa ingkang paling sae, inggih punika panjenengan ipun Kanjeng Rasul Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam.
Anapun maksud saking hadits menika, kados ingkang dipun terangkan wonten ing Kitab Faidhul Qadir juz IV kaca 162, bilih sasi Sya‘ban dipun sebat “sasinipun Kanjeng Nabi” amargi Nabi asring nindaki pasa wonten ing sasi menika kanthi kersane piyambak boten enten perintah, boten amargi kewajiban. Dene sasi Ramadhan dipun sebat “sasinipun Allah”, amargi Allah Ta‘ala ingkang netepaké kewajiban pasa wonten ing sasi menika. Mila pasa Ramadhan dados hakipun Allah Ta‘ala ingkang wajib dipun tindakaken dening sedoyo hamba-Nipun.
Jama‘ah Jumat rahimakumullāh
Wonten ing sasi Sya‘ban punika, Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngathah-ngathahaken pasa, ngantos dipun terangaken bilih Nabi mboten nate ngathahaken pasa saklintune sasi Ramadhan, kejawi wonten ing sasi Sya‘ban.
Kathahipun pasa Kanjeng Nabi wonten ing sasi Sya‘ban punika ngantos ndadosaken salah satunggaling sahabat, inggih punika Usamah bin Zaid radhiyallahu ‘anhu, penasaran lajeng tanglet dhateng kanjeng Nabi:
يَا رَسُولَ اللَّهِ، لَمْ أَرَكَ تَصُومُ مِنْ شَهْرٍ مِنَ الشُّهُورِ مَا تَصُومُ مِنْ شَعْبَانَ؟
Artosipun: “Duh Rasululllah, kulo boten nate ningali Panjenengan siyam wonten sedinten wulan saking wulan-wulan setahun, kados puasanipun Pajengengan wonten wulan Sya'ban?”
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring wangsulan:
ذَاكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبَ وَرَمَضَانَ، وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ
Artosipun: “Sya‘ban punika sasi ingkang asring dipun lalekaken dening kathah tiyang, amargi wonten ing antawisipun sasi Rajab lan Ramadhan. Lan sasi Sya'ban punika sasi amal-amal diangkat dhateng Pengerane wong alam kabeh. Lan kula remen bilih amalkula diangkat nalika kula taksih wonten ing kahanan pasa.” (HR Imam Ahmad lan Imam an-Nasa’ī)
Hadits menika maringi piwulang dhateng kito bilih Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngathah-ngathahaken pasa wonten ing sasi Sya‘ban. Sebabipun geh amargi wonten ing sasi menika amal-amal kawulo diangkat lan dipun aturaken wonten ngarsanipun Allah Ta‘ala, lan Kanjeng Nabi remen bilih amale diangkat nalika piyambakipun taksih nindaki pasa.
Ma‘asyiral muslimin rahimakumullāh
Mila saking menika, khatib ngajak dhateng pribadi khatib piyambak, ugi dhateng sedaya jama‘ah shalat Jum‘at ingkang dipun rahmati Allah Ta‘ālā, supados wonten ing sasi ingkang kebak berkah lan keutamaan, inggih punika sasi Sya‘ban, kita sedaya saged ngetutaken tindak-tandukipun Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam kanthi ngathah-ngathahaken pasa lan amal shalih lintu-lintunipun, mugi kita sedaya kaparingan kabejan ing donya lan ing akhirat. Amin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلَّهِ، لَهُ الْأَمْرُ كُلُّهُ، وَإِلَيْهِ الْمَصِيرُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ، وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، الْبَشِيرُ النَّذِيرُ، وَالسِّرَاجُ الْمُنِيرُ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
وَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ، النَّبِيِّ الْأُمِّيِّ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ، وَعَلَى التَّابِعِينَ، وَتَابِعِ التَّابِعِينَ، لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ، وَانْصُرْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ، يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. وَضَاعِفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ، وَكَفِّرْ عَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ، وَارْزُقْهُمْ مِنَ الْأَرْزَاقِ الطَّيِّبَاتِ. اللَّهُمَّ اكْفِنَا شَرَّ الظَّالِمِينَ، وَاكْفِنَا شَرَّ مَنْ يُؤْذِينَا، بِجُودِكَ وَكَرَمِكَ، وَاسْتَجِبْ دُعَاءَنَا، يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. اللَّهُمَّ اجْعَلْ بَلْدَتَنَا إِنْدُونِيسِيَا هَذِهِ بَلْدَةً طَيِّبَةً، تَجْرِي فِيهَا أَحْكَامُكَ وَسُنَّةُ رَسُولِكَ. يَا حَيُّ، يَا قَيُّومُ، يَا إِلَهَنَا وَإِلَهَ كُلِّ شَيْءٍ، هَذَا حَالُنَا لَا يَخْفَى عَلَيْكَ. اللَّهُمَّ اكْشِفْ عَنَّا الْبَلَاءَ، وَالْوَبَاءَ، وَالْفَحْشَاءَ، وَالْمُنْكَرَ، وَالْبَغْيَ، وَالشَّدَائِدَ، وَالْفِتَنَ، وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً، وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً. إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ. رَبَّنَا آتِنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، وَهَيِّئْ لَنَا مِنْ أَمْرِنَا رَشَدًا. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ، وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ، يَا عَزِيزُ، يَا غَفَّارُ، يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ، وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِلَّذِينَ آمَنُوا. رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ.
عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ، وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَاسْأَلُوهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ
Ustadz Muhamad Hanif Rahman, Dosen Ma'had Aly Al-Iman Bulus dan Pengurus LBM NU Purworejo
