Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kewajiban Ngimani Dina Kiamat lan Tandha-Tandhane

Rabu, 31 Juli 2024 | 21:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kewajiban Ngimani Dina Kiamat lan Tandha-Tandhane

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang kewajiban mengimani Hari Kiamat lan tanda-tandanya(via movie.hu).

Salah satu rukun iman, yakni percaya akan datangnya hari kiamat. Kita wajib percaya akan datangnya hari akhir ini, meskipun kita tidak tahu kapan akan terjadi. Dalam sebuah hadits, Nabi Muhammad saw hanya membeberkan sebagian dari tanda-tanda hari kiamat. Tanda-tanda ini dapat menjadi peringatan bagi kita semua, agar kita senantiasa bersiap untuk menghadapi kehidupan yang kekal.
 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kewajiban Ngimani Dina Kiamat lan Tandha-Tandhane." Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! 
 

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ ِللهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اَلْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ
 

أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: اِنَّ السَّاعَةَ اٰتِيَةٌ اَكَادُ اُخْفِيْهَا لِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍ ۢ بِمَا تَسْعٰى
 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.
 

Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah:
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al-Baqarah: 197).  
 

Para jamaah ingkang minulya
Salah setunggale rukun iman yaiku iman dhateng dina kiamat. Tiyang mukmin wajib percaya bakal tumekane dina kiamat. Wonten ing Al-Quran surat Thaha ayat 15 dipun terangaken:
 

اِنَّ السَّاعَةَ اٰتِيَةٌ اَكَادُ اُخْفِيْهَا لِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍ ۢ بِمَا تَسْعٰى
 

Artosipun, "Sejatine dina kiamat iku mesti tumekane, meh bae ora Ingsun terangake (tumekane dina kiamat) iku supaya saben-saben wong bisa dibales miturut amale (becik utawa ala)."
 

Ayat menika negesake bilih bakal wonten kedadosan ingkang dipun arani dina kiamat lan Gusti Allah ta'ala rahasiake kapan tumekane. Hikmahe kerahasiaan punika, supados kita tansah siap-siap ing dalem ngadepi tumekane dina kiamat.
 

Wonten ing kitab Syu'abul Iman dipun sebutaken, dina kiamat yaiku dina rusake alam dunya utawi ugi diarani dina akhir. Wonten ing surat Al-Qari'ah dipun terangake keadaan nalika tumekane dina kiamat:

 

اَلْقَارِعَةُۙ ۝١ مَا الْقَارِعَةُۚ ۝٢ وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْقَارِعَةُۗ ۝٣ يَوْمَ يَكُوْنُ النَّاسُ كَالْفَرَاشِ الْمَبْثُوْثِۙ ۝٤ وَتَكُوْنُ الْجِبَالُ كَالْعِهْنِ الْمَنْفُوْشِۗ ۝٥
 

Artosipun, "(1) Al-Qāri‘ah (Utawi kiamat, dina kang andodok ati). (2) Apa iku dina kang andodok ati? (3) Sliramu ngerti apa iku dina kang andodok ati? (4) Yaiku dina kang ana sapa manungsa iku kaya walang kang dibuntungi sayap lan sikile​​​​​​​ (5) lan dinane gunung-gunung iku kaya wulu kang ditiup." (QS Al-Qariah: 1-5).
 

Dipun terangake ing kitab Tafsir Al-Ibriz, keadaane manungsa nalika iku padha lemes. Ora duwe daya apa-apa, kaya walang kang dibuntungi sayap lan sikile. Ugi gunung-gunung ingkang katon gedhe punika digawe ajur mawur, kaya wulu kang keterak angin. Menikalah gambaran dahsyate nalika dina kiamat.
 

Para jamaah ingkang minulya

Senajan dinten kiamat menika rahasiane Gusti. Ananging wonten ing salah setunggale hadits, Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi nate ngendikan babakan tandha-tandhane dina kiamat. Nalika iku, kanjeng Nabi Muhammad saw lan para sahabat kerawuhan malaikat Jibril, ingkang nangletake tandha-tandhane dina kiamat. Lajeng Kanjeng Nabi saw dawuh:
 

أَنْ تَلِدَ اْلأَمَةُ رَبَّتَهَا وَأَنْ تَرَى الْحُفَاةَ الْعُرَاةَ الْعَالَةَ رِعَاءَ الشَّاءِ يَتَطَاوَلُوْنَ فِي الْبُنْيَانِ، ثُمَّ انْطَلَقَ فَلَبِثْتُ مَلِيًّا
 

Artosipun, "Nalika budhak wadon wis nglairaké bendarané, lan sira meruhi ana wong ora srandhalan utawa ora sepatunan, ora klambénan, melarat, lan tukang angon wedhus padha bebalapan gawe bangunan kang dhuwur." (HR Imam Muslim).​​​​​​​
 

Tandha-tandha ingkang dipun sebutaken Kanjeng Nabi menika, sampun kedadosan napa dereng ing zaman menika, wallahu a'lam bisshawab.
 

Para jamaah ingkang mugi-mugi dipun rahmati Allah

Kajaba ngimani dhateng tumekane dina kiamat, ugi ingkang paling penting, kanggene kita sakniki inggih punika tansah nyiapke sangu kangge ngadepi dina kiamat utawi kedadosan-kedadosan sanese kaya dene dinane para manungsa padha ditangeake nuli dihisab, ditimbang amal becik lan alane, lan sak teruse nganti mlebu suwarga utawa neraka.
 

Pramila, kedah kita tata gesang kita ing dunya. Supados benjang ten akhirat kita mboten sengsara. Dhawuhipun Gusti Allah wonten ing Surat Al-Hasyr ayat 18:
 

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ  وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ  إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ
 

Artosipun, “Hai, wong-wong kang padha iman, takwa (wedi) sira kabeh ing Allah, lan supaya ningali sapa awak-awakan, amal-amal apa kang arep diajuake kanggo ngadepi dina kiamat mbesok. Lan sira kabeh padha wedi ing Allah. Temenan Allah iku Maha Waspada, mirsani apa-apa kang sira kabeh padha nindaake."
 

Mugi-mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang dipun ridhani Gusti. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe. Amin ya Rabbal Alamin.
 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم 
 

 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ  وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
 

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
 

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali