Khutbah

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: ​​​​​​Sapa iku Wong kang Menang ing Dina Riyaya?

Sel, 9 April 2024 | 11:00 WIB

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: ​​​​​​Sapa iku Wong kang Menang ing Dina Riyaya?

Hari Raya Lebaran. (Foto: NU Online/Freepik)

Ramadhan telah berlalu, dan kini berganti dengan Syawal yang ditandai dengan Idul Fitri. Semua orang tentu menyambut suasana bahagia dan hari kemenangan ini. Namun, sejatinya kemenangan apakah yang kita dapatkan di momen Idul Fitri? Apakah kita juga termasuk yang mendapatkannya?


Teks khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa ini berjudul " Sapa iku Wong kang Menang ing Dina Riyaya?". Untuk mengunduh dan mencetak naskah khutbah Idul Fitri ini dalam format PDF, silakan klik di kolom download. Semoga bermanfaat! (Redaksi).   



Khutbah I


    ‎اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ. اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا لاَ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ


  الحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَرَّمَ الصِّياَمَ أَيّاَمَ الأَعْياَدِ ضِيَافَةً لِعِباَدِهِ الصَّالِحِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلٰهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الجَّنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ . وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ االدَّاعِيْ إِلىَ الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ . اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنَ أَمَّا بَعْدُ، فَيَآ أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. وَاتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاَتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ . قال الله تعالى: خُذِ ٱلْعَفْوَ وَأْمُرْ بِٱلْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ ٱلْجَٰهِلِينَ


Jamaah shalat Idul Fitri ingkang dipunrahmati Allah,

Sedaya puji namung kagunganipun Allah ta’ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos mboten saget kita etung sedaya peparing saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita saget makempal sareng-sareng keluarga, sedherek, ugi umat Muslim kanthi awak ingkang sehat lan ati kang bungah. Sebab dinten menika kita sami ngrayaake Idul Fitri utawi dinten riyaya, dinten ingkang kebak berkah saha rasa bungah.


Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta’ala.


Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.


وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ


Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)  


للهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ   

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah 

Wonten ing Idul Fitri menika, ugi katah ingkang mastani kalian dinten kemenangan. Dipun wastani mekaten, sebab sak derengipun kita sedaya, sampun nindhaake ibadah pasa wajib ing wulan Ramadhan. Nalika pasa menika, kita ngeker sedaya perkawis ingkang mbatalke pasa. Mulai saking dhahar, ngunjuk, saha perkawis sanese ingkang saget batalke pasa, mulai wekdal shubuh ngantos maghrib.


Saksampunipun nglampahi ibadah pasa wajib ing wulan Ramadhan, mangka hasilipun kita bakal angsal ketakwaan marang Allah ta'ala. Kados dene dhawuhe Gusti Allah swt wonten ing surat Al Baqarah ayat 183 :


يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ


Artosipun: "Wong-wong mukmin difardhuake poso. Koyo olehe poso mau difardhuake ingatase umat-umat sakdurunge (umat Nabi Muhammad Saw.) Supoyo (wong-wong mukmin) podho takwa marang Allah ta’ala.


Takwa menika dados standar paling inggil kemuliaane menungsa. Inna akramakum ‘indallâhi atqâkum. Ing dalem pasa Ramadhan, takwa menika mboten saget dipun perkoleh, namung kelawan ngempet luwe lan ngelak. Nanging, ugi kanthi ngempet nglampahi perkawis awon, kados dene ngrasani, ngapusi, nglarani marang liyan, lan sanesipun. Rasulullah saw ugi nate paring pangandikan :
 

كَمْ مِنْ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إِلَّا الْجُوعُ


Artosipun: “Akeh wong kang pasa, nanging ora entuk apa-apa saking pasane, kajaba rasa luwe," (HR Imam Ahmad)


Jamaah shalat Idul Fitri hafidhakumullah,

Kajaba kanggene tiyang ingkang pasa Ramadhan, tiyang takwa menika saget dipun titeni tanda-tandane. Wonten ing Al-Qur’an sampun dijelaske tanda-tandane tiyang ingkan takwa. Kados dene ing Surat Ali Imran:


 الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَـــافِينَ عَنِ النَّــاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُـحْسِنِــينَ 


Artosipun: “Yaiku wong-wong kang padha nafkahke (bandane) nalika gampang lan angel, lan wong-wong kang padha bisa ngempet muring-muring, lan wong-wong kang padha ngapura (kesalahane) manungsa. Allah ta'ala iku remen marang wong kang padha gawe becik.” (QS Ali Imran: 134)


Jamaah shalat Idul Fitri hafidhakumullah,

Ayat menika nerangake tiga sifat wong kang takwa. Pertama, yaiku tiyang kang padha nafkahke bandane ing dalan taat marang Gusti Allah. Ing dalem wektu gampang lan angel. Utawi nalika keadaan seneng utawi susah, piyambake saget tetep istiqamah.


Tiyang ingkang takwa, mesti mboten bakal mikirke awake dewe, ananing ugi keluargane, tangga tepalih, ugi dhateng sinten mbutuhke pitulungan, langkung-langkung dhateng tiyang fakir miskin. Nalika Ramadhan lan Idul Fitri, sifate tiyang ingkang takwa ingkang pertama menika dipun wujudaken, paling mboten kelawan kita ngedalake zakat fitrah.


Tandane wong kang takwa, ingkang nomer kalih, inggih punika saget ngempet muring-muring. Nesu utawi muring-muring sejatosipun perkara ingkang manusiawi. Ananging kagem tiyang ingkang takwa, piyambakipun saget ngempet utawi mboten ngumbar, menawi nesu utawi muring-muring.


Menika dipun ibarataken kalian termos, ingkang saget nyimpen utawa ndelikake rasa panas. Semanten ugi, tiyang ingkang takwa, piyambake saget ndelikake rasa panas utawi anyel. Ugi saget ngedalake rasa panas menika ing wekdal kang pas, kangge perkawis ingkang maslahat, nalika dipun butuhake. Ing mangka, wulan Ramadhan kedahipun saget dados wekdal kangge nglatih amarah kita.


Kaitanipun kalian ngendalike amarah. Kanjeng Nabi Saw, nate tanglet dhateng para sahabat, sinten iku petarung sejati. Sahabat padha jawab, petarung sejati yaiku wong kang iso menang nalika dikeroyok wong akeh. Ananging jawabane saking Kanjeng Nabi :


 لَيْسَ ذَلِكَ وَلَكِنَّ الَّذِي يَمْلِكُ نَفْسَه عِنْدَ الغَضَبِ 


Artosipun: “Ora ngunu kui, nanging petarung sejati yaiku wong kang iso ngatur (ngendalike) ing awake, nalikane nesu,” (HR Muslim).


Tanda ingkang nomer tiga, saking tiyang ingkang takwa yaiku padha ngapura (kesalahane) manungsa. Idul Fitri menika ugi dados wekdal ingkang sahe kangge kita padha nyuwun pangapura. Sak sampune kita ngresiki awak kita saking dosa, kelawan nindhaake ibadah pasa saha amalan-amalan sanese wonten ing Wulan Ramadhan, kita sampurnaaken kanthi lebure dosa kita marang sepadha.


Dhawuhipun Allah ta’ala wonten ing Surat Al-A’raf ayat 199:


خُذِ ٱلْعَفْوَ وَأْمُرْ بِٱلْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ ٱلْجَٰهِلِينَ


Artosipun: “Dadio sliramu (Muhammad) wong sing (seneng) ngapura lan supaya nglakoni perkara kang becik ugi mengoho saka wong-wong kang bodho.” ​​​​​


Nalika kita nyuwun ngapura, mboten ateges kita kalah utawi lemah. Ugi menawi kita caos pangapura, mboten ateges kita ingkang langkung sahe. Dhawuhipun Kanjeng Nabi ingkang sanese:


َمَا زَادَ اللهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلاَّ عِزًّا


Artosipun: “Ora bakal ana tambahan (ganjaran) liya saking Gusti Allah dhateng tiyang ingkang pangapura, kajaba namung kamulyan." ​​​​​​


Mekaten atur khutbah wonten ing kesempatan menika. Mugi-mugi kita sedaya didadosaken Allah ta’ala, kalebet tiyang ingkang takwa, begja dunya lan akhirat. Dingapura sedaya dosa kita. Ditampi sedaya amal ibadah kita. Lan mugi-mugi kita dikempalke Allah sareng keluarga, guru-guru kita, lan Kanjeng Nabi Muhammad saw wonten ing Suwarganipun Allah ta’ala. Amin. Allahumma amin.


جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ، وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ، اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ الله لِى وَلَكُمْ، وَلِوَالِدَيْنَا وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ    


Khutbah II
 

اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ … اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ … اَللهُ أَكْبَرُ.  اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا. لآ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ. لآ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلَّا إِيَّاهُ، مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدْقِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  أَمَّا بَعْدُ

فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. فَاللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَلَاتَنَا وَصِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَسَائِرَ أَعْمَالِنَا وَتَمِّمْ تَقْصِيْرَنَا فِيْ رَمَضَانَ وَاجْعَلْنَا مِمَّنْ يُقِيْمُهَا وَيُدِيْمُهَا وَيُحْيِيْهَا بَعْدَهُ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ


Ustadz Ajie Najmuddin, Sekretaris MWCNU Banyudono Boyolali