Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautamaan Jaga Kerukunan Tinimbang Congkrah lan Tukaran

Kam, 15 Februari 2024 | 16:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautamaan Jaga Kerukunan Tinimbang Congkrah lan Tukaran

Ayo rukun. (Foto: Freepik)

Pelaksanaan Pemilihan Umum (Pemilu) 2024 telah terselenggara. Kini tinggal menghitung hasil perolehan suara. Tentu, ada yang memperoleh hasil sesuai harapan, adapula yang tidak. Hal ini, tentu berpotensi menimbulkan konflik, manakala tidak disikapi dengan bijak. Maka, alangkah bijak, bila kita sikapi dengan saling mengedepankan persatuan dan kerukunan daripada perselisihan dan pertengkaran.


Teks khutbah Jumat Bahasa Jawa berikut ini dengan judul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautamaan Jaga Kerukunan Tinimbang Congkrah lan Tukaran" Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!



Khutbah I


اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، يُؤْتِي الْمُلْكَ مَنْ يَشَاءُ وَيَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ يَشَاءُ وَيُعِزُّ مَنْ يَشَاءُ وَيُذِلُّ مَنْ يَشَاءُ بِيَدِهِ الْخَيْرُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةً عَصَمَ اللهُ قَائِلِيهَا دِمَاءَهُمْ وَأَمْوَالَهُمْ إِلَّا بِحَقِّ الإِسْلَامِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَرْسَلَهُ اللهُ بِالْهُدَى رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَبَارِكْ وَسَلِّمْ عَلَيْهِ فِي الأَوَّلِيْنَ وَالأخِرِيْنَ وَفِي كُلِّ حِيْنٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قال الله عز وجل: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti Allah saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Nembe mawon, kita sami ndherek ngrameake pesta demokrasi Pemilihan Umum (Pemilu) 2024. Harapanipun saking kegiatan menika, saget terpilih pemimpin-pemimpin ingkang amanah lan saget ngayomi dhateng rakyate.


Kajaba harapan menika, tentunipun kita sedaya ugi pengin suasana bibar Pemilu tetep damai, adem ayem, lan tetep rukun, senaoso saking hasil Pemilu menika mboten sami. Wonten ingkang menang lan kalah. Pramila, sak bibare Pemilu menika, kita sedaya namung saget dedunga saha tawakal.


Napa mawon hasile, menawi sampun dilaksanaake kanthi leres lan sesuai aturan, kedah kita tampi. Saking menika, sikap bijak lan kedewasaan kita bakal diuji. Kita kedah legawa, menawi calon ingkang kita pilih dereng ditakdirake dados pimpinan kita, ugi kedah ikhlas lan nebihi perkawis ingkang mboten sahe.


Wancinipun kita rukun malih. Ing dalem konteks kebangsaan, kita menika manunggal ing dalem Negara Kesatuan Republik Indonesia. Kepentingan kita sami, inggih punika supados negeri Indonesia menika utuh lan damai. Menika saget kawujud, menawi sedaya elemen remen marang kerukunan, perdamaian lan paseduluran.


Allah swt sampun dhawuh wonten ing Al-Qur'an, kaitanipun anjuran paseduluran lan kerukunan:


وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا وَاذْكُرُوا نِعْمَتَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنْتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا


Artosipun: “Padha cekelano kenceng sliramu kabeh, kelawan taline (agama) Gusti Allah lan aja padha pisah, lan elinga nikmate Gusti Allah marang sliramu, nalikane sliramu kabeh mbiyen (ing mangsa jahiliyah) padha musuhan, banjur Gusti Allah ngrukunke atimu kabeh, ing mangka kanthi nikmat-nikmate saking Gusti, sliramu kabeh dadi sedulur.” (QS Ali ‘Imran [3]: 103).
 

Imam Fakhruddin ar-Razi ing dalem kitab Tafsir Mafatih al-Ghaib nerangaken bilih para ulama ahli tafsir gadahi pemahaman ingkang benten kaitanipun kalian kalimat hablillah (agama Allah). Kaping pisan, nuduhake arti taat saking sedaya perintahe Gusti saha nebihi awisane.


Kaping kalih, wonten ingkang mastani taubat marang Allah. Lajeng kaping tiga, para ulama ugi wonten ingkang nafsirke kaitanipun kalian semangat kerukunan antarumat, dan pendapat ingkang terakhir menika ingkang paling kuat saking penafsiran sanese.


Pramila, mbangun lan pertahanke kerukunan bangsa menika, dados kewajiban kita sedaya. Salah setunggale saget dipun tuwuhake, kanthi sifat saling menghargai, mengakui keragaman, lan ugi mboten saling nyalahake setunggal kalian setunggale, senaoso benten ing dalem pilihan politik.


Rasulullah ngendika:


لاَتَقَا طَعُوا وَلاَتَدَا بَرُوا وَلَاتَبَا غَضُوا وَلاَتَحَا سَدُوا، وَكُونُواعِبَادَ اللهِ إخْوَانًا


Artosipun: "Aja pada mutus hubungan, aja ungkur-ungkuran, aja bendu-benduan, aja hasud. Dadia sira hamba Allah sing njaga peseduluran" (HR Bukhari Muslim)

 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Persatuan menika gadahi dampak ingkang positif marang kita sedaya. Sebab kanthi persatuan menika, kita dipun emutake bilih kita sedaya gadahi kepentingan ingkang langkung ageng, inggih punika persoalan kebangsaan dan negara Indonesia ingkang kita tresnani, supaya tetep ngadek jejeg lan aman tentrem.


Ikhtiar supados kita tansah jaga persatuan ugi sampun dipun contoake kalian Kanjeng Rasulullah saw. Nabi Muhammad menika tiyang ingkang berjuang nyiptaake persatuan mulai piyambakipun dados nabi. Mboten bosen anggene ngajak para sahabat supaya rukun, lan nebihi congkrah lan tukaran. Salah setunggal bukti inggih punika, Nabi saget ngrukunke kalih golongan sahabat, inggih punika sahabat Anshar dan Muhajir. Tuladha saking Kanjeng Nabi menika lajeng dipun terusake kalian para sahabat, sak sampunipun Kanjeng Nabi sumare, marak sowan dhateng Gusti.


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Gusti Allah swt ugi sampun nglarang kita nglampahi perkawis ingkang saget ngrusak persatuan, kados dene dipun dhawuhaken wonten ing Al-Qur’an:


وَلا تَكُونُوا كَالَّذِينَ تَفَرَّقُوا وَاخْتَلَفُوا مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَهُمُ الْبَيِّنَاتُ وَأُولَئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ


Artosipun: “Lan sliramu aja padha dadi wong kang pisah congkrah, nganti (oleh) katekanan keterangan kang cetha. Utawi wong kang mengkunu-mengkunu (wong sing pisah congkrah), yaiku wong kang bakal napa azab sing abot.” (QS Ali ‘Imran: 105).


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Mekaten khutbah Jumat ingkang saget kawula aturake. Mugi bermanfaat. Ing wasana, mangga kita tansah ngeraketake paseduluran. Mugi-mugi negara kita, pinaringan adem ayem tentrem. Amin ya Rabbal Alamin


أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ هَذَا الْيَوْمِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الصَّلَاةِ وَالصَّدَقَةِ وَتِلَاوَةِ الْقُرْاَنِ وَجَمِيْعِ الطَّاعَاتِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ جَمِيْعَ أَعْمَالِنَا إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ


Khutbah II


اَلْحَمْدُ لِلهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلَهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمِ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِيْ العَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اللهم اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ. اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


Ajie Najmuddin, Aktivis NU Boyolali