Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Makmuraken Mesjid ing Wulan Sya’ban lan Romadhon

Kam, 22 Februari 2024 | 14:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Makmuraken Mesjid ing Wulan Sya’ban lan Romadhon

Ilustrasi: Makmuraken Mesjid ing Wulan Sya’ban lan Romadhon

Khutbah Jumat Bahasa Jawa ini mengajak para jamaah dan umat Islam pada umumnya untuk memakmurkan masjid dengan ibadah-ibadah di bulan Sya’ban dan Ramadhan. Hal ini penting karena disamping mampu meningkatkan motivasi ibadah, memakmurkan masjid juga merupakan perintah Allah yang harus kita lakukan.


 

Khutbah Jumat ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Makmuraken Mesjid ing Wulan Sya’ban lan Ramadhan". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! (Redaksi) 


 

Khutbah I

 

اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَام
 

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ, اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ, وَاشْكُرُوْهُ عَلَى مَا هَدَاكُمْ لِلإِسْلاَمِ، وَأَوْلاَكُمْ مِنَ الْفَضْلِ وَالإِنْعَامِ، وَجَعَلَكُمْ مِنْ أُمَّةِ ذَوِى اْلأَرْحَامِ. قَالَ تَعَالَى  إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمً



 

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Ing wedal ngawiti khutbah meniko, kulo ngemutaken dateng kito sedoyo supados ningkataken, nambah, lan nguati raos takwo kito dateng Allah swt arupi nglampahi sedoyo ingkang dipun perintah lan ngedohi nopo ingkang dipun larang deneng Allah swt. Takwo menikolah ingkang bade dados bekal kulo lan panjenengan sedoyo supados kito mboten kesasar lan madep mantep wonten ing jalur ingkang sampun dipun tentuaken deneng agomo Islam.


 

Saklajenge, Alhamdulillahirabbil alamin, meniko kalimat ingkang saklayaipun kedah kito ungkapaken kranten Allah swt sampun paring umur panjang dumugi wedal puniko. Sakniki kito sedoyo sampun mlebet wonteng ing wulan Sya’ban utowu ruwah lan saklajenge kito bade mlebet wonten ing wulan ingkang mulyo inggih puniko wulan Romadhon. Kito kedah eling-eling malih, bilih wulan-wulan niki katah kautaman kangge kito ngibadah. Pramilo monggo kito sami ningkataken ngibadah kito kangge sangu benjang wonten ing alam akhirat.


 

Monggo kito ugi ngatah-ngatahaken dungo ingkang sampun dipun ngendikaaken Rasulullah ingkang dipun riwayataken Anas bin Malik ra inggih puniko:
 

 

اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبَ وَشَعْبَانَ، وَبَلِّغنَا رَمَضَانَ 


 

Artosipun: “Ya Allah, berkahi kulo ing wulan Rejeb lan ruwah lan dumugiaken umur kulo dugi wulan Romadhon”.
 

 

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Wonten ing tradisi kito, dungo meniko sering kito mirengaken dados puji-pujian wonten ing mesjid lan mushola saksampunipun adzan lan sak derenge sholat jamaah dipun kawiti. Tradisi meniko dados tradisi ingkang sae kranten ngemutaken kito sedoyo supados nambah semangat ngibadah khususipun wonten ing masjid. Nopo malih katah perintah ngibadah wonten ing wulan Ruwah lan Romadhon ingkang saget kito dadosaken wedal kangge ngibadah berjamaah lan silaturahmi sareng lingkungan sekitar. 


 

Ing wulan Sya’ban kito saged ngelaksanaken ngibadah berjamaah arupi maos Yasin sareng-sareng ing wedal Nisfu Sya’ban saksampunipun sholat Maghrib lan sakderengipun sholat Isya. Ibadah ingkang saget ndamel makmuraken masjid meniko kedah kito uri-uri sekaligus kangge ndungo dateng gusti Allah arupi tigo penyuwunan. Saksampunipun waosan Yasin pertami, kito nyuwun dipun panjangaken umure kangge ngibadah dateng Allah. Yasin ingkang kaping kalih kito nyuwun rezeki ingkang halal kangge sangu ngibadah, lan Yasin ingkang kaping tigo kito niati kangge nyuwun tetap iman lan Islamipun.


 

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Wonten ing Sya’ban meniko, kito ugi saged makmuraken masjid kelawan ngibadah jamaah kados sholat, maos Qur’an, lan dzikir utowo sholawat sareng-sareng. Keterkaitan sholawat, Wulan Sya’ban meniko dados wulan mandapipun ayat Al-Qur’an ingkang dados perintah sholawat dateng Kanjeng Nabi. Ayat meniko wonten ing Surat Al-Ahzab ayat 56:
 

 

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا


 

Artosipun, “Temen setuhune Allah lan poro Malaikatipun sholawat dateng Nabi. He wong kang iman, sholawato siro kabeh dateng Nabi lan ucapono salam kinormatan dateng Nabi”.


 

Ayat niki ugi dados tondo dene Wulan Sya’ban meniko dados wulane Kanjeng Nabi ingkang dipun tegesaken wonten ing hadits saking Anas bin Malik:
 

 

رجَب شَهْرُ اللَّهِ وشَعْبَان شَهْرِي وَرَمَضَان شَهْرُ أُمَّتي

 

Artosipun, “Rajab iku wulane Allah, lan Sya’ban niku wulanku, Romadhon dados wulane umatku”.


 

Pramilo, berdasar keterangan meniko, kito saged makmuraken masjid kelawan sholawatan berjamaah kanti ngarep-ngarep mugi kito angsal syafaatipun Kanjeng Nabi. Kelawan bungah ngibadah maos sholawat, mugi lingkungan kito ugi nambah keberkahanipun lan saged dados daerah ingkang penuh kebahagiaan, ketentraman, lan kedamaian.
 

 

Jamaah Jumat rahimakumullah

Saksampunipun makmuraken masjid wonten ing bulan Sya’ban, kito bakal luwih semangat nalikone wulan Romadhon dugi. Ing wulan ingkang dipun wajibaken poso sewulan penuh meniko, kito saged luwih makmuraken masjid kalian macem-macem ibadah jamaah. Meniko saget kito mulai kalian gotong royong mbersihaken masjid kangge persiapan ibadah kados tarawih, nderes Qur’an, lan buko puoso sareng-sareng. Wonten ing wulan Romadhon, kito ugi saged nindaaken i’tikaf lewih-lewih ing sedoso dinten terakhir ingkang miturut riwayat medalipun lailatur qadar, wedal ingkang luwih utoma tinimbang sewu wulan.


 

Mboten anamung ibadah-ibadah kangge kito piyambak, ing masjid, kito ugi saged ndamel macem-macem kegiatan jamaah ingkang saged manfaati dateng tiyang lintu. Kita saged nggelar pengaosan rutin ingkang teng lebete kito maringi sedekah lan zakat dateng tiyang ingkang nggadahi hak. Kito ugi saged makmuraken masjid kaliah bakti sosial lintunipun kangge ngalap berkah kamulyanipun wulan Romadhon.


 

Sedoyo meniko kito niati ikhlas lillahi ta’ala ngibadah lan makmuraken masjid. Mugi sedoyo niat kito dipun catet dados amal ibadah ingkang sae kados dawuhipun Allah swt wonten ing Al-Qur’an surat At-Taubah ayat 18:
 

 

اِنَّمَا يَعْمُرُ مَسٰجِدَ اللّٰهِ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَ وَلَمْ يَخْشَ اِلَّا اللّٰهَ ۗفَعَسٰٓى اُولٰۤىِٕكَ اَنْ يَّكُوْنُوْا مِنَ الْمُهْتَدِيْنَ 


 

Artosipun, “temen setuhune wongkang makmuraken masjid-masjid Allah namung wongkang iman dateng Allah lan hari kiamat, nindaaken sholat, mbayar zakat, lan mboten wedi kejobo marang Gusti Allah. Wong-wong niku mau ingkang dipun arepaken mlebu dateng golongan kang merkoleh pituduh”.


 

Jamaah Jumat rahimakumullah

Kangge mungkasi khutbah meniko, monggo kita ndungo dateng Allah swt, mugi-mugi kito saged ningkataken ibadah kito ing wulan Sya’ban lan Romadhon sekaligus makmuraken masjid kalian ibadah-ibadah jamaah supados Sya’ban lan Romadon luwih meriah lan berkah. Mugi Gusti Allah tansah maringi kito sedoyo kekuatan, kesehatan, lan umur panjang saged kepanggih wulan Ramadhan ingkang mulyo. Amin.
 

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْن


 

Khutbah II
 

 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ الْاَحَدِ الصَّمَدِ الَّذِيْ لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْ وَلَمْ يَكُنْ لَهُ كُفُوًا أَحَدٌ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِالْإِتِّحَادِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ دَعَانَا بِحُبِّ الْبِلَادِ. الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ الَّذِيْ أَرْسَلَ لِلْعَالَمِيْنَ اِلَى يَوْمِ الْمَعَادِ
 


أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللٰهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللٰهُ تَعَالَى اِنَّ اللٰهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
 


اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


عِبَادَ اللٰهِ، اِنَّ اللٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللٰهِ اَكْبَرُ


 


Ustadz H Muhammad Faizin, Ketua Bidang Humas Data dan Informasi Badan Kesejahteraan Masjid (BKM) Provinsi Lampung.