Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: ​​​​​​​Ngathahi Maos Istighfar ing Wulan Rajab

Kam, 11 Januari 2024 | 10:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: ​​​​​​​Ngathahi Maos Istighfar ing Wulan Rajab

Ilustrasi: Rajab2 (NU Online)

Bulan Rajab termasuk dalam empat bulan yang dimuliakan, seperti yang disebutkan dalam Al- Qur'an. Berbagai keutamaan juga terdapat dalam bulan tersebut. Pada bulan ini pula, Rasulullah saw telah mengajarkan kita, untuk mulai mempersiapkan diri, menghadapi datangnya bulan suci Ramadhan, termasuk dengan cara memperbanyak istighfar.

 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngathahi Maos Istighfar ing Wulan Rajab". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! 

 

Khutbah I

 

الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ   أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ  وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ  إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah.

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindakake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita sedaya kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.

 

Para jamaah ingkang minulya

Alhamdulillah, sakmenika sampun badhe mlebet wulan Rajab. Salah setunggale wulan ingkang dipun sebat wonten ing Al Qur'an, kalebet ing sekawan wulan kang dimulyaake. Gusti Allah ta'ala paring pangandikan wonten ing Surat At Taubah ayat 36:

 

  إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ (التوبة: ٣٦)

 

Artosipun: “Saktemene wilangan wulan mungguhe Gusti Allah iku rolas, ing dalem kepastiane Gusti Allah nalikane nyiptaaken langit lan bumi, setengah saking rolas wulan niku sekawan wulan ingkang haram" (Q.S. at-Taubah: 36).

 

Wondene, sekawan wulan kang dimulyaake ana ing ayat kasebat, inggih punika Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharrram, lan Rajab.

 

Para jamaah ingkang minulya.

Nalika sampun mlebet wulan Rajab, Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun maringi tuladha, kanthi maos dunga, kados dene ingkang sampun dipun riwayatake saking Anas Ibn Malik wonten ing Musnad Ahmad:

 

اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبٍ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ  

 

Artosipun: “Duh Gusti Allah, mugi Panjenengan maringi kanugerahan keberkahan dateng kita, ana ing wulan Rajab lan Sya'ban, ugi mugi Panjenengan ndugiaken kita ngantos dumugi wulan Ramadhan.”

 

Dunga ingkang dipun contoaken saking Kanjeng Nabi menika, nuduhake kautamaan wonten ing wulan Rajab. Saget ugi, kita pendhet tuladha, sak derengipun kerawuhan wulan Ramadhan, awak saha manah kita siapake, kanthi nglampahi pirang-pirang amalan, kaya dene pasa lan ngathahi maos istighfar.

 

Maos istighfar inggih punika nyuwun pangapura dhumateng Gusti Allah, saking sedaya dosa ingkang sampun kita lampahi. Wondene, maos istighfar punika, dados pengakuan bilih kita sedaya namung manungsa ingkang kathah dosa.

 

Kanjeng Nabi Muhammad saw, sampun paring dhawuh:

 

كُلُّ بَنِي آدَمَ خَطَّاءٌ، وَخَيْرُ الْخَطَّائِينَ التَّوَّابُونَ

 

Artosipun: “Saben-saben Bani Adam iku nggadhahi dosa, lan luwih apik-apike wong kang nduweni dosa yaiku wong sing gelem taubat.” (HR Ibnu Majah).

 

Kanjeng Nabi Muhammad saw, ingkang pinaringan sifat maksum, menika piyambakipun taksih ngathahi maos istighfar, paling mboten saben dinten maos istighfar langkung saking 70 waosan. Napa malih awak dewe ingkang gadah dosa ingkang katah menika.

 

Ma'asyiral muslimin rahimakumullah.

Maos istighfar ugi kedah dipun sarengi kanthi niat ingkang ikhlas, keranten saking istighfar dados tetenger kita sedaya bali marang Allah. Gusti Allah paring dawuh:

 

وَأَنِ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُمَتِّعْكُمْ مَتَاعًا حَسَنًا إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى وَيُؤْتِ كُلَّ ذِي فَضْلٍ فَضْلَهُ ۖ وَإِنْ تَوَلَّوْا فَإِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيرٍ 

 

Artosipun: "Lan nyuwuna pangapura sira kabeh marang Gusti Allah lan padha bali (taubat) marang Gusti Allah, mangka Allah bakal maringi nikmat ingkang sahe marang sira kabeh ngantos dumugi waktu kang ditentuaken, lan Allah bakal maringi kawulane ingkang mulya kaliyan kamulyane. Lamun sira kabeh mengo (berpaling), mangka saktemene ingsun kuwatir sira kabeh bakal disiksa ing dina Kiamat." (QS Hud: 3)

 

Umur manungsa, kita sedaya mboten pirsa. Pramila, ngathahi maos istighfar utawi nyuwun pangapura menika, ugi dados persiapan kita ingdalem kita bakal sowan marang Gusti Allah. Ampun ngantos, mangke nalika kita ditimbali kalian Gusti Allah, taksih gawa dosa, sahe niku dosa kalian Gusti Allah utawi kalian sapadha-padha makhluk.

 

Jamaah Jumat ingkang minulya.

Kangge mungkasi khutbah menika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya kalebet ing golonganipun tiyang kang remen maos istighfar lan mugi taubat kita ditampi kalian Allah. Lan mugi-mugi kita sedaya angsal keberkahan ing wulan Rajab menika. Amin ya Rabbal Alamin.

 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم 

 

Khutbah II

 

 الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ  وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Sekretaris ing MWCNU Banyudono, Khadim ing Majelis Ta’lim Al Hakami Boyolali.