Khutbah Jumat: Ngaturaken Maturnuwun Dhumateng Para Pahlawan
NU Online · Jumat, 16 Agustus 2024 | 09:45 WIB
Ajie Najmuddin
Kontributor
Menurut KBBI Pahlawan berarti orang yang menonjol karena keberanian dan pengorbanannya dalam membela kebenaran; pejuang yang gagah berani. Di sekitar kita, banyak sekali orang yang telah menjadi pahlawan. Karena jasa mereka, kita dapat merasakan kebaikan dan keberkahan dalam hidup. Maka, di momen bulan kemerdekaan ini, sudah sepatutnya kita mengenang dan menyampaikan rasa terima kasih kepada mereka.
Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Ngaturaken Maturnuwun Dhumateng Para Pahlawan." Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah.
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.
Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah Ta'ala:
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)
Para jamaah ingkang minulya
Kados dene ingkang kula aturaken wonten ing pambuka khutbah punika. Bilih sampun dados kewajiban kita ing dalem ngedalaken raos syukur kita dhateng sedaya peparing nikmat saking Gusti Allah.
Langkung-langkung, Gusti Allah ugi sampun negesaken walesane marang wong kang syukur utawi kufur nikmat:
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ
Artosipun: "Lan elinga, nalika Gusti Allah meruhake marang sira kabeh kang surasane: Sayektine yen sira kabeh padha syukur, Ingsun (Allah) mesti paring tambahan nikmat marang sira kabeh. Lan menawa sira kabeh padha kufur. Awas! saktemene siksa Ingsun (Allah) iku banget larane," (QS Ibrahim ayat 7)
Pramila, supados kita angsal tambahe peparing nikmat lan tebih saking siksane Gusti, manggaha kita tansah padha syukur. Bilih nikmat saking Allah menika arupi kathah sanget. Salah setunggale inggih punika nikmat kita sedaya dipun dadosaken tiyang utawi bangsa ingkang merdeka.
Kita saget dados tiyang utawi bangsa ingkang merdeka, ugi jalaran jasanipun saking para pahlawan, ingkang sampun toh nyawa, berjuang kagem kemerdekaan bangsa lan nagari. Pramila sampun sakmestine menawi kita ngaturake maturnuwun utawi raos syukur dhumateng para pahlawan.
Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring dhawuh, wonten ing hadits ingkang dipun riwayatake saking sahabat Abu Hurairah ra:
لاَ يَشْكُرُ اللَّهَ مَنْ لاَ يَشْكُرُ النَّاسَ
Artosipun: "Durung (diarani) syukur marang Allah, sapa wonge kang ora syukur (maturnuwun) marang (sapadha) manungsa," (HR Imam Abu Dawud lan Ahmad)
Pramila, ngaturake maturnuwun utawi syukur dhumateng para pahlawan punika, sejatosipun ugi sami kalian kita ngedalaken syukur dhumateng Allah ta'ala, ingatase kita saget menikmati alam kemerdekaan.
Carane kita maturnuwun, saget kelawan ngeling-eling perjuangane saha dungaaken para pahlawan, ugi nguri-uri, nerusake perjuangane, kanthi ndherek jaga kemerdekaan ing nagari Indonesia menika.
Para jamaah ingkang mugi-mugi dipun rahmati Allah
Istilah pahlawan punika, menawi kita maknani kanthi makna kang luas, mboten namung terbatas tiyang ingkang angkat senjata, tumut perang ngrebut utawi mertahanke kemerdekaan. Ananging saget ugi dipun maknani, pahlawan yaiku tiyang ingkang sampun berjasa marang kita.
Kados dene, tiyang sepah kita. Bapak ingkang sampun pados nafkah kangge keluargane. Ibu ingkang sampun nglairake kita, kanthi nandhang lara nganti taruhane nyawa. Wonten ing Al-Qur'an sampun dipun terangake:
وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِۚ حَمَلَتْهُ اُمُّهٗ وَهْنًا عَلٰى وَهْنٍ وَّفِصَالُهٗ فِيْ عَامَيْنِ اَنِ اشْكُرْ لِيْ وَلِوَالِدَيْكَۗ اِلَيَّ الْمَصِيْرُ
Artosipun: “Lan Ingsun (Allah) wasiat marang menungsa, (Ingsun perintah bagusi) marang wong tua lorone. Ibune ngandut deweke. Sang ibu mau nandang payah ingatase payah (payahe ngandut) lan anggene nyapih, dewek iku sakwuse umur 2 (rong) tahun. Lan Ingsun (Allah) dhawuhi marang menungsa, supaya sira syukur marang Ingsun (Allah), lan marang wong tua 2 (loro) ira. Iku namung marang Panjenengan Ingsun dhewe - panggonan baline sekabehane menungsa,” (QS Luqman ayat 14)
Lajeng dhumateng para guru, ingkang sampun mucal kita kelawan macem-macem ilmu. Langkung-langkung ilmu agami, ing akhire kita saget kenal dhateng Gusti. Lan sedaya tiyang ingkang sampun dados wasilah paring kesahenan marang kita.
Menika lah para pahlawan kita. Ingkang kedah tansah kita bekteni. Kita emut-emut jasa lan perjuanganipun. Kita kirim dunga. Lan kita terusaken perjuangan utawi amalake ilmune. Sedaya menika minangka dados raos syukur kita dhumateng Gusti Allah.
Mugi-mugi kita sedaya dipun dadosake kalebet tiyang ingkang tansah syukur dhumateng sedaya nikmat saking Gusti. Lan mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang dipun ridhani Gusti. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe. Amin ya Rabbal Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ هَذَا الْيَوْمِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الصَّلَاةِ وَالصَّدَقَةِ وَتِلَاوَةِ الْقُرْاَنِ وَجَمِيْعِ الطَّاعَاتِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ جَمِيْعَ أَعْمَالِنَا إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلٓهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمُ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أٓلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِنَّ اللّٰهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِيْ العَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali
Terpopuler
1
Khutbah Idul Adha 2025: Teladan Keluarga Nabi Ibrahim, Membangun Generasi Tangguh di Era Modern
2
Khutbah Idul Adha: Menanamkan Nilai Takwa dalam Ibadah Kurban
3
Bolehkah Tinggalkan Shalat Jumat karena Jadi Panitia Kurban? Ini Penjelasan Ulama
4
Khutbah Idul Adha: Implementasi Nilai-Nilai Ihsan dalam Momentum Lebaran Haji
5
Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa 1446 H: Makna Haji lan Kurban minangka Bukti Taat marang Gusti Allah
6
Khutbah Idul Adha: Menyembelih Hawa Nafsu, Meraih Ketakwaan
Terkini
Lihat Semua