Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dakwah Kanthi Tata Cara kang Wicaksana

Kam, 30 November 2023 | 12:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dakwah Kanthi Tata Cara kang Wicaksana

Khutbah. (Foto ilustrasi: NU Online/Freepik)

Naskah khutbah Jumat Bahasa Jawa ini mengingatkan kita akan anjuran untuk saling mengingatkan dalam hal kebaikan. Amar ma'ruf nahi mungkar. Meski demikian mengajak orang dalam hal kebaikan atau berdakwah, perlu diimbangi dengan cara yang baik dan santun pula.


Teks khutbah Jumat Bahsa Jawa ini berikut ini berjudul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dakwah Kanthi Tata Cara kang Wicaksana". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan dekstop). Semoga bermanfaat! (Redaksi)



Khutbah I


الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي امْتَنَّ عَلَى الْعِبَادِ بِأَنْ يَجْعَلَ فِي كُلِّ زَمَانِ فَتْرَةٍ مِنَ الرُّسُلِ بَقَايَا مِنْ أَهْلِ الْعِلْمِ، يَدْعُونَ مَنْ ضَلَّ إِلَى الْهُدَى،  وَيَصْبِرُونَ مِنْهُمْ عَلَى الأَذَى، وَيُحْيُونَ بِكِتَابِ اللَّهِ أَهْلَ الْعَمَى، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا حَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا، أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِىْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى :أعوذ بالله من الشيطان الرجيم . وَمَنْ أَحْسَنُ قَوْلاً مّمّن دَعَآ إِلَى اللّهِ وَعَمِلَ صَالِحاً وَقَالَ إِنّنِي مِنَ الْمُسْلِمِينَ


Jamaah shalat Jumat rahimakumullâh

Sedaya puji namung kagunganipun Allah swt, ingkang maringi kita kanugerahan gesang wonten ing dunya. Pramila, mangga tansah kita syukuri anugerah menika, kanthi nindhaake perintah lan ningkataken takwa kita dhateng Gusti.


Nindaake perintahe Gusti, salah setunggale kita dipun perintah supados tansah ajak-ajak lan padha ngelingake ing dalem perkara kang bener miturut agama Islam. Dawuhipun Gusti Allah swt wonten ing Surah Al Asr ayat 3:


وَتَوَاصَوۡا بِالۡحَقِّ ۙ وَتَوَاصَوۡا بِالصَّبۡرِ


Dawuhipun Allah ta'ala wonten ing ayat sanese:


اُدْعُ إِلَى سَبِيْلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِيْ هِيَ أَحْسَنُ


Artosipun: "Ngajako sira (Muhammad) marang dalane Pengeran ira, kelawan hikmah lan pitutur kang bagus. Ladenana bantahane wong-wong kang padha bantah sarana cara kang bagus... " (QS An-Nahl : 125)


Ma'asyiral muslimin rahimakumullah

Ayat-ayat ingkang kasebat kala wau, ngemutaken kita sedaya saking salah setunggale perintah Gusti, supados kita padha ajak-ajak ing dalem kesahenan. Ajak-ajak ing dalem kesahenan utawi dalan kang leres miturut agama, dipun kenal kanthi istilah dakwah.


Tembung Dakwah asalipun saking lafadh da‘â yad‘û ingkang saget dipun maknani ajak-ajak tiyang utawi masyarakat supados iman dhateng Allah lan ugi syariat ingkang dipun ajaraken Kanjeng Nabi Muhamamad saw. Dakwah dipun anjuraken ing agama Islam, minangka wujudake perintah utawi prinsip amar ma’ruf nahi (‘anil) mungkar.


Umat Islam dipun perintah supados nyebarake perkara kang sahe (ma’ruf) lan mboten angsal mendel menawi mangertosi perkara ingkang awon utawi kemungkaran. Ananging, ing dalem dakwah menika, kedah dilampahi kanthi cara kang wicaksana lan santun.


Tiyang utawi umat ingkang ngelampahi perintah amar ma’ruf nahi (‘anil) mungkar mekaten dipuji kalian Allah ta'ala. Dawuhipun Allah ta'ala wonten ing Surat Ali Imran ayat 110:

كُنْتُمْ خَيْرَ اُمَّةٍ اُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ 

Artosipun: "Sira kabeh iku luwih bagus-baguse kang dilahirake marang manungsa. Sebab sira kabeh iku padha amar ma'ruf nahi munkar lan padha iman marang Allah..."


Ma'asyiral muslimin rahimakumullah

Wonten keterangan tambahan ing kitab Tanbihul Ghafilin, ingkang ditujuaken dhateng para pendakwah. Lima (5) perkawis kangge cekelane para pendakwah. Setunggal. Dakwah kedah didasari kanthi ilmu. Nomer kalih, Tiyang ingkang dakwah kedah diniati ngagungake perintahe Allah lan mulyaake agamane Allah. Aja nganti, duwe tujuan kanggo mbelani nafsune.


Kaping tiga, kudu welas asih marang wongkang diajak, kanthi alus lan demen, ora kena tumindak utawa guneman kasar. Kaping papat, kudu sabar lan aris. Lan terakhir, kudu ngelakoni apa kang diperintahake.


Mekaten, keterangan babagan perintah lan tata carane ing dalem amar ma'ruf nahi mungkar utawi dakwah. Mugi-mugi kita sedaya, dipun paringi kekiyatan saking Allah ta'ala, supados saget dados umat kang padha ngelingke ing dalem kesahenan. Lan kita saget nindhaake ajaran agama kanthi istiqamah. Amin ya Rabbal Alamin.


بَارَكَ الله لِى وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِى وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذْكُرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَاِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَاسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم


Khutbah II


اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali