Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Pangapura Gusti ing Wulan kang Suci

Kam, 28 Maret 2024 | 20:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Pangapura Gusti ing Wulan kang Suci

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang meraih ampunan Tuhan di bulan suci Ramadhan. (freepik)

Manusia merupakan makhluk yang tak luput dari dosa dan kesalahan. Kesalahan ini semestinya menjadi suatu hal yang kita sesali dan ambil pelajaran agar kita tidak mengulanginya kembali. Bulan Ramadhan menjadi momen yang tepat bagi kita untuk mendapatkan ampunan dari Allah swt. Maka, raihlah ampunan dari Sang Maha Pengampun di bulan nan suci ini.
 

Materi Khutbah Jumat berikut ini berjudul: "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Pangapura Gusti ing Wulan kang Suci." Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
 

 

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ غُرَّةَ وَجْهِ الْعَامِ. وَشَرَّفَ أَوْقَاتَهُ عَلَى سَائِرِ الأَوْقَاتِ، وَفَضَّلَ أَيَّامَهُ عَلَى سَائِرِ الْأَيَّامِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، شهادَةَ مَنْ قَالَ رَبِّيَ اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَصَامَ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وعَلٓى آلِهِ وأَصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ. أَمَّا بَعْدُ
 

فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الْأَثَامِ. فَقَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يَاۤ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah: 197).  
 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah
Ing dalem gesang ing dunya, kita sedaya tentu nate nglampahi dosa lan kaluputan. Bahkan, wonten tembung bilih manungsa menika panggonane kaluputan lan lali.
 

Bilih kaluputan lan dosa menika wonten ingkang alit lan wonten ingkang ageng. Wonten ingkang sengaja utawi mboten disengaja. Wonten ingkang kita sadari, ugi wonten ingkang mboten kita sadari. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

كُلُّ بَنِي آدَمَ خَطَّاءٌ، وَخَيْرُ الْخَطَّائِينَ التَّوَّابُونَ
 

Artosipun, “Saben-saben anak Adam iku padha duweni dosa, lan paling apik-apike wong kang duweni dosa yaiku kang gelem taubat.” (HR Ibnu Majah).
 

Pramila, dosa lan kaluputan menika, dados perkawis ingkang kedah kita sesali (taubat), lajeng kita dadosake pelajaran supaya mboten kita baleni malih. Supaya dosa kita dingapura lan dilebur kalian Gusti Allah, kita saget nyuwun ngapura kalian Gusti Allah kanthi maos istighfar. Gusti Allah sampun paring dhawuh:
 

وَاسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِۗ اِنَّ رَبِّيْ رَحِيْمٌ وَّدُوْدٌ
 

Artosipun, "Lan nyuwuna ngapura sira kabeh ing Pengeran ira, nuli padha taubat marang Allah. Setuhune Pengeran ingsun iku Dzat kang Maha Welas Asih tur Demen marang wong-wong mukmin.” (QS Hud: 90).
 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah
Kaitanipun kalian nyuwun ngapura dhateng Allah ta'ala. Mangka, wulan Ramadhan menika dados wekdal ingkang pas kangge kita ngatah-ngatahake nyuwun pangapura.
 

Wonten salah satunggale keterangan, kaitanipun kalian kautamaan ing wulan Ramadhan. Bilih wulan Pasa menika dibagi ing tiga kautamaan. Ing awal wulan, Gusti Allah nurunke rahmat, lajeng ing pertengahan maringi pangapura, lan ing akhir wulan dipun bebaske saking neraka.
 

Pramila, ing pertengahan Ramadhan menika, mangga kita sami berupaya, supados kita angsal kautamaan angsal pangapura saking Gusti Allah swt. Bilih pangapurane Gusti menika jembar sanget. Langkung-langkung dhateng tiyang ingkang nglampahi pasa ing wulan Ramadhan. Dipun riwayatake saking sahabat Abu Hurairah ra, Kanjeng Nabi sampun dhawuh:
 

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
 

Artosipun, "Sapa wonge kang pasa ing wulan Ramadhan, kanthi iman lan ngarep-ngarep ganjaran saking Gusti, mangka Allah bakal paring pangapura marang wong mau, saking dosa-dosa ingkang wis kliwat," (Muttafaqun 'Alaih).
 

Kajaba nyuwun pangapura kanthi maos istighfar lan pasa, dosa menika saget dilebur kanthi ngatah-ngatahake nglampahi kebecikan. Kanjeng Nabi dhawuh:
 

اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ
 

Artosipun, "Takwao marang Allah ana ing ngendi ae. Barengana kaluputanmu kanthi tumindak kang becik. Yekti (kabecikanmu) iku bisa ngilangi kaluputanmu. Lan srawunga marang sapadha padha titah kanthi tumindak (akhlak) kang becik." (HR At-Tirmidzi).
 

Paring sedekah, infak, dhaharan kangge tiyang ingkang buka puasa, tadarus Al-Quran, shalat tarawih, ugi kebecikan-kebecikan sanesipun ingkang kita lampahi ing wulan Suci, menika lah saget dados wasilah kita angsal pangapura saking Gusti. Mugi-mugi Gusti Allah paring pangapura dhateng kita sedaya. Amin ya Rabbal Alamin.
 

أَعُوذُ بِاللهِ مِن الشَّيْطانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحمن الرّحيم. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ، أَيَّامًا مَّعْدُودَاتٍ، فَمَن كَانَ مِنكُم مَّرِيضًا أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ أَيَّامٍ أُخَرَ، وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِينٍ، فَمَن تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهُ، وَأَن تَصُومُواْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ
 

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعَالَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
 

 

Khutbah II
 

 اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا، اَمَّا بَعْدُ
 

فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللّٰهَ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى: اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
 

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُم، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
 


Ustadz Ajie Najmuddin, Sekretaris MWCNU Banyudono Boyolali