Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Supados Sedoyo Pendamelan Nggadahi Nilai Ngibadah

Kam, 11 Januari 2024 | 11:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Supados Sedoyo Pendamelan Nggadahi Nilai Ngibadah

Ilustrasi: doa - munajat - dzikir - ibadah (freepik)

Materi khutbah Jumat Bahasa Jawa ini mengajak kepada seluruh jamaah untuk senantiasa menata hati dan niat yang benar agar segala pekerjaan di dunia ini memiliki nilai ibadah. Hal ini penting karena memang tugas utama diciptakannya manusia di dunia hanya untuk beribadah menyembah Allah swt.

 

Teks khutbah Jumat Bahasa Jawa ini berjudul: "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Supados Sedoyo Pendamelan Nggadahi Nilai Ngibadah". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!. 

 

Khutbah I

 

الحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ

 

Jamaah Jumat rahimakumullah,

Ing wedal puniko lan saklajenge, monggo kito tansah ngungkapaken raos syukur dumateng Allah swt ingkang sampung maringi nikmat ingkang mboten saged kito etang setunggal-setunggalipun. Sedoyo nikmat meniko kedah kito syukuri kanti waosan: "Alhamdulillahirabbil Alamin". Saklajenge, khatib berwasiat kangge sedoyo jamaah, khususipun kangge khatib piyambak, monggo sami ningkataken lan nguataken raos takwa dumateng Allah swt arupi nglampahi nopo ingkang dados perintahipun Allah lan nebehi dateng sedoyo ingkang dipun larang. 

 

Takwa meniko penting kangge sangu gesang wonten ing dunyo meniko lan ugi kangge gesang wonten ing akhirat. Takwa saget dados pepeling lan ngarahaken kito sedoyo istiqamah wonten arah ingkang lurus, ingkang sampun dipun tentuaken deneng Allah swt wonteng ing agomo Islam. Estu, takwa meniko sak sae-saenipun sangu. Allah sampun ngendiko wonten ing QS Al-Baqarah ayat 197:

 

وَتَزَوَّدُوا۟ فَإِنَّ خَيْرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقْوَىٰ ۚ وَٱتَّقُونِ يَٰٓأُو۟لِى ٱلْأَلْبَٰبِ

 

Artosipun: “Sanguo, lan sak apik-apike sangu inggih puniko takwa lan takwoo siro kabeh marang Allah, duh wongkang nduweni ngakal”

 

Jamaah Jumat rahimakumullah,

Takwa dateng Allah meniko saget dipun wujudaken kanti nyadari dene namung Allah swt ingkang kuoso dateng sedoyo urip kito wonten ing dunyo. Kito kedah rumongso, kito meniko makhluk ingkah lemah lan sampun dipun tentoaken takdiripun. Kito kedah nglampahi nopo ingkang sampun dados keputusanipun Allah swt lan nglaksanaaken tugas utomo kito ing alam dunyo inggih puniko ngibadah. 

 

Wonten Al-Qur’an Allah ngendiko:

 

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ

 

Artosipun: “Lan mboten aku (Allah) damel menungso lan jin wonten ing dunyo kejobo ngibadah (nyembah) marang Aku (Allah),” (QS Ad-Dzariyat: 56).

 

Saklajengipun, kados nopo ibadah ingkang saget kito laksanaaken kangge wujud ngibadah dateng Allah swt? Nopo ibadah meniko namung kados sholat, zakat, puoso, lan haji? Nopo sedoyo pendamelan wonten ing dunyo meniko saget kalebet ibadah ugi?

 

Jamaah Jumat rahimakumullah,

Ibadah ingkang dipun karepaken meniko mboten namung ibadah mahdhah utowo ibadah khusus ingkang sampun dipun tentoaken toto corone deneng Allah. Ananging sedoyo pendamelan sae ingkang dipun niati kanti sae meniko ugi saged kelebet ngibadah. Ibadah meniko dipun sebat ibadah ghairu mahdhah inggih puniko ibadah ingkang mboten dipun tetepaken kanti rinci toto coronipun. Perkawis ingkang mlebet wonten ing ibadah ghairu mahdoh meniko kados arupi zikir, dakwah, mbantu tiyang lintu, lan ndamel kesaenan dateng sedoyo makhluk wonten ing dunyo.

 

Saking penjelasan meniko kito saged mangertosi dene wilayah ibadah meniko estu wiyar lan nyangkut mboten anamung perkawis hablun minallah (dateng Allah) ugi nyangkut perkawis hablun minannas (dateng menungso). Sedoyo amal pendamelan saged kalebet ibadah menawi dipun niati sae. Sehinggo niat meniko dados babakan ingkang estu penting kangge ngawali sedoyo pendamelan. 

 

Wonten ing haditsipun riwayat muttafaq alaih Rasulullah dawuh:

 

إِنَّمَا الأَعْمَالُ بِالنِّيَّةِ وَإِنَّمَا  لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى

 

Artosipun: “Temen, sedoyo amal mesti dipun barengi niat. Lan sedoyo tiyang bade nggadahi nopo ingkang dipun niataken,”

 

Jamaah Jumat rahimakumullah,

Supados sedoyo pendamelan wonten ing dunyo meniko saget kelebet ibadah, monggo toto niat ingkang sae. Kalebet ugi, pendamelan pados nafkah kangge keluarga. Ampun kito anggadahi niat nyambut damel namung kangge pados arto mawon, kangge seneng-seneng wonten ing dunyo, lan supe dateng tugas utama ing dunyo, inggih puniko ngibadah.

 

Rasulullah sampun ngemutaken kito sedoyo dene pendamelan dunyo ingkang niatipun sae, saged dados pendamelan akhirat. Sakwalike, pendamelan ingkang ketingal perkawis akhirat, saged dados namung pendamelan dunyo kanti salah niat. Rasulullah dawuh:

 

كَمْ مِنْ عَمَلٍ يَتَصَوَّرُ بِصُوْرَة أعْمالِ الدّنْياَ وَيَصِيْرُ بِحُسْنِ النِيَّة مِن أَعْمَالِ الآخِرَة

 

Artosipun: ”Katah sanget pendamelan kalebet amal dunyo, ananging nggadahi niat ingkang sae moko kelabet amal akhirat.”

 

كَمْ مِنْ عَمَلٍ يَتَصَوَّرُ بِصُوْرَة أعْمالِ الأخرة ثُمَّ يَصِيْر مِن أَعْمَالِ الدُّنْيَا بِسُوْءِ النِيَّة

 

Artosipun: “Lan katah sanget pendamelan ingkang kalebet amal akhirat, ananging kalebet amal dunyo keranten dilandasi kanti niat ingkang olo,”

 

Jamaah Jumat rahimakumullah,

Wonten ing pungkasan khutbah meniko, monggo kito sedoyo estu-estu nguataken tekad lan niat supados sedoyo pendamelan ingkang kito lakoni wonten ing dunyo meniko waged kalebet ibadah. Mugi-mugi Allah swt tansah maringi kekuatan lan pituduh dateng kito sedoyo kangge nglampahi perkawis ingkang sae lan waged nglampai tugas utomo gesang wonteng ing dunyo inggih meniko ngibadah dateng Allah swt.

 

Allah dawuh:

 

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ 

 

Artosipun: “He menungso, sembah Pengeran siro kang wes nyiptaaken siro lan wong sakdurungi siro kabeh supados siro takwo”

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

Khutbah II

 

 اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Ustadz H Muhammad Faizin, Sekretaris PCNU Kabupaten Pringsewu