Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tuladha saking Kisah Nabi Yusuf lan Siti Zulaikhah

NU Online  ·  Kamis, 18 Juli 2024 | 22:15 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tuladha saking Kisah Nabi Yusuf lan Siti Zulaikhah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Keteladanan Nabi Yusuf as dan Sayyidah Zulaikha (NU Online)

Harta, tahta, dan wanita/pria. Ketiga hal itu yang sering disebut menjadi sumber fitnah dalam kehidupan manusia. Salah satu contoh fitnah dari lawan jenis, yakni kisah Nabi Yusuf as, yang pernah mendapatkan ujian rayuan dari Siti Zulaikhah. Namun, dengan keteguhan imannya, Nabi Yusuf berhasil terhindar dari fitnah tersebut.  Di masa kini, bagaimanakah agar kita dapat meneladani kisah Nabi Yusuf tersebut?
 

Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tuladha saking Kisah Nabi Yusuf lan Siti Zulaikhah”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!  
 


Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ ِللهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اَلْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ، أَمَّا بَعْدُ
 

عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، اَلْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng Khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah: 197).
 

Sidang Jum’ah rahimakumullah

Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring pangandikan wonten ing hadits riwayat saking sahabat Abu Hurairah ra, bilih benjang nalika ing dinten Kiamat, Gusti Allah swt bakal maringi eyub-eyuban dhumateng 7 (pitu) golongan.
 

Salah setunggale inggih punika tiyang jaler kang nolak ajakan tumindak maksiat zina, kados dene nukilan ing hadits:
 

وَرَجُلٌ طَلَبَتْهُ امْرَأَةٌ ذَاتُ مَنْصِبٍ وَجَمَالٍ فَقَالَ إِنِّي أَخَافُ الله
 

Artosipun, “Tiyang jaler kang diajak tumindak zina kalian tiyang estri kang ayu lan misuwur, kamangka ngucapake: saktemene aku wedi karo Gusti Allah." (Muttafaq 'Alaih).
 

Sidang Jum’ah rahimakumullah

Menawi wonten tiyang jaler ingkang kados mekaten, mestinipun piyambake gadahi kaluwihan. Bagus rupanipun, kapinteran kang linuwih, lan sanesipun. Kamangka ndadosake tiyang estri ingkang ayu lan misuwur saget kepincut. Ananging, kanthi iman kang kuat, ajakan maksiat menika saget dipun tolak, sebab piyambake ajrih marang Gusti Allah swt.
 

Kedadosan ingkang mekaten, ngemutake kita dhateng kisah Nabi Yusuf Alaihissalam. Rikala piyambake dereng diangkat dados nabi lan rasul, Yusuf dipun goda kalian Siti Zulaikhah, garwanipun Kepala Kepolisian Negara Mesir rikala zaman semanten. Ananging, Nabi Yusuf nolak ajakan maksiat, kados dene dipun serat ing Al-Qur’an surat Yusuf ayat 32:
 

 وَلَقَدْ رَاوَدْتُهُ عَنْ نَفْسِهِ فَاسْتَعْصَمَ
 

Artosipun, “Lan temen Zulaikha nggoda maring awake Yusuf, lajeng Yusuf nolak penggoda niku." 
 

Ayat menika, wonten ing kitab Tafsir Al Ibriz dipun terangaken, rikala niku, Zulaikha ajak tumindak maksiat kalian Nabi Yusuf, ananging piyambakipun (Nabi Yusuf) mboten purun.
 

Sidang Jum’ah rahimakumullah

Kisah penolakan Nabi Yusuf saking ajakan Zulaikhah kangge tumindak selingkuh utawi zina menika saget kita dadosaken pelajaran berharga wonten ing kehidupan kita sehari-hari. Supados kita mboten terjumus ing laku awon zina, hal menika saget dados kawigatosan kita sedaya:
 

Kaping pisan, setan mesti bakal nggoda marang wong lanang utawa wadon kanggo tumindak zina. Ananging kemaksiatan menika, lumrahipun bakal kedadosan sebab wonten niat lan kesempatan. Pramila, mangga kita tansah saget ngisi wekdal kita kangge perkara ingkang manfaat utawi kesaenan. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

مِنْ حُسْنِ إِسْلَامِ المَرْءِ تَرْكُهُ مَا لَا يَعْنِيهِ
 

Artosipun, “Setengah saking (tandha) becik saha bagusé keislaman, yaiku ninggalake perkara kang ora migunani.” (HR At-Tirmidzi).
 

Kaping pindho, kita tansah eling, bilih Gusti Allah tansah mirsani tingkah laku kita, ugi malaikat Raqib lan Atid ingkang bakal nyatet amal kita. Pramila, sampun ngantos kita jaga iman, namung nalika ing kahanan rame utawi kumpul kalian katah. Ananging ugi kedah kita jaga, nalika kita ing tempat kang sepi utawi piyambakan.
 

Langkung-langkung, sakniki ditambah kalian kemajuan teknologi informasi lan komunikasi ingkang gampilaken tiyang saget tumindak sahe utawi awon. Kamangka, kita kedah ningkataken kesadaran supados tansah waspada kalian godaan-godaan perselingkuhan utawi perzinaan.
 

اِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ غَيْبَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَࣖ
 

Artosipun, "Saktemene Gusti Allah iku Maha Ngudaneni apa kang ghaib ing langit lan bumi. Lan Gusti Allah iku Maha Pirsa kelawan kabeh apa kang mbok lakoni." (QS Al -Hujurat: 18).
 

Sidang Jum’ah rahimakumullah

Menawi kita tansah eling, bilih Gusti Allah niku mirsani kita, mestinipun kita saget nyegah saking sedaya niat utawi tumindak kang awon.
 

Para sedherek ingkang minulya

Minangka panutuping atur kula, mangga kita sesarengan nyuwun ing ngarsaning Allah kang Maha Kuwaos, Mugi-mugi kita dipun paringi teguh lan sabar anindaaken dhawuh-dhawuhing agami. Supados angsal Ridha saking Gusti Allah. Amin ya Rabbal Alamin.
 

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
 

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إِنَّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ


Khutbah II
 

 اَلْحَمْدُ ِللهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا. أَمَّا بَعْدُ
 

فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ، وَقَالَ تَعاَلَى: إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
 

اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
 

عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
 

وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ



Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali