Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ayo Silaturahim, Tambah Umur lan Rejekine

Jumat, 31 Januari 2025 | 05:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ayo Silaturahim, Tambah Umur lan Rejekine

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang silaturahim menambah umur lan rezeki (freepik).

Pada bulan Sya'ban kita dianjurkan untuk melaksanakan beberapa amalan. Salah satu amalan yang dapat kita laksanakan adalah memperbanyak silaturahim. Dikatakan dalam sabda Nabi Muhammad saw, orang yang bersilaturahim akan mendapatkan keutamaan diluaskan rezeki dan ditambah umurnya. Selain itu, tentu masih banyak lagi keutamaan dari memperbanyak silaturahim ini.
 

Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini dengan judul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ayo Silaturahim, Tambah Umur lan Rejekine". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! 
 

 

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 

 قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْاۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng Khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (Al-Baqarah ayat 197).  
 

Sidang Jumat rahimakumullah

Sak bibaripun wulan Rajab lan sakderengipun mlebet wulan Ramadhan, kita bakal kepanggih kalian wulan Sya'ban. Ing wulan Sya'ban utawi Ruwah, kita dipun anjuraken nglampahi pinten-pinten amalan sunnah, kados dene pasa sunnah, lajeng ngathahaken nyuwun pangapura, lan sanesipun.
 

Wonten ing wulan Ruwah punika, ugi kathah masyarakat Indonesia ingkang ngawontenaken kegiatan ingkang sifatipun kempal sesarengan, lajeng dipun waosaken doa sahe kagem para jamaah ingkang rawuh ugi dumateng arwah para leluhur ingkang sampun sumare lan ditutup kanthi dhahar sesarengan.
 

Kados dene ten masyarakat Jawa wonten acara ruwahan, sadranan, unggah-unggahan sedaya punika saget dados media utawi sarana kangge makempal, silaturahim nepung paseduluran. Nepung paseduluran utawi silaturahim punika perkawis ingkang sahe, ingkang sampun didhawuhake Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ وَ يُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ
 

Artosipun, “Sinten tiyang ingkang remen dijembarke rizkine lan didawake umure, mangka prayogane padha silaturahim (nepung paseduluran).” (HR Al-Bukhari).
 

Jamaah Jumat ingkang minulya

Nepungke paseduluran, mboten ateges namung kangge sedulur kandung utawi tunggal trah, ananging ugi sedulur ing dalem tunggal agama (ukhuwah Islamiyah), tunggal bangsa (ukhuwah wathaniyah), lan tunggal utawi padha menungsane (ukhuwah basyariah).
 

Sampun kita mangertosi, bilih Gusti Allah ta’ala nyiptaake makhluk termasuk manungsa, kang kabeh mau gadahi sifat kang beda-beda. Wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Hujurat ayat 13 dipun dawuhaken:
 

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْاۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ
 

Artosipun, “Hei, para manungsa, saktemene Ingsun (Allah) iku nitahake sira kabeh saking wong lanang (Nabi Adam as) lan wong wadon (Siti Hawa). Lan Ingsun ndadeake sira kabeh, dadi pirang-pirang bangsa lan kabilah (suku), supaya sira kabeh padha kenal-mengenal. Sejatine kang luwih mulya saking sira kabeh mungguhe Allah, yaiku wong kang luwih takwa. Saktemene Allah iku Maha Pirsa saha Maha Waspada.”
 

Wonten ing ayat punika dipuntegesaken bilih Allah ta’ala ndadosaken macem-macem menungsa, mboten namung beda fisik kados dene rambut, warna kulit, utawi gedhe cilike awak. Nanging ugi beda ing dalem pemikiran, pendapat, lan pemahaman.
 

Pramila, kanthi silaturahim punika saget nuwuhaken paseduluran. Paseduluran ingkang guyub, akhire ndadosake keluarga rukun, ndadosake warga rukun, ndadosake umat rukun, lan ndadosake negara rukun.
 

Sidang Jumat rahimakumullah

Kanthi paseduluran punika, ugi saget dados wasilah pinaringan pangapura saking Gusti Allah swt. Langkung-langkung menawi kita amalaken wonten ing wulan Sya'ban punika. Dhawuhipun Rasulullah saw:
 

يَطَّلِعُ اللهُ عَلَى خَلْقِهِ لَيْلَةَ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ فَيَغْفِرُ لِجَمِيْعِ خَلْقِهِ اِلَّا لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ
 

Artosipun, "Gusti Allah swt bakal ningali marang kabeh makhluke, nalika wayah dalu ing pertengahan wulan Sya’ban. Mangka Gusti Allah bakal paring pangapura, marang kabeh makhluke, kajaba wong kang musyrik lan ora rukun (karo sedulure)." (HR At-Thabarani). 
 

Pramila, ampun ngantos sebab kita mboten rukun punika, Gusti Allah mboten kersa paring pangapura marang kita. Salah setunggale kunci, supados angsal pangapurane Gusti, inggih punika padha rukun marang sepadha.
 

Jamaah Jumat ingkang minulya

Kangge mungkasi khutbah menika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, kalebet ing golonganipun tiyang kang ahli silaturahim. Mugi-mugi kanthi berkah silaturahim punika, dadosaken masyarakat ing kampung kita, saha negara Indonesia pinaringan rukun aman lan tentrem. Mugi-mugi kita sedaya angsal keberkahan ing wulan Syaban menika. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ  

 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ.  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
 

فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عٍبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
 

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali.