Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadio Wong kang Nerimo lan Legowo

Rab, 14 Februari 2024 | 19:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadio Wong kang Nerimo lan Legowo

Ilustrasi: sabar (via qatarshares.com)

Khutbah Jumat Bahasa Jawa ini mengajak kepada umat Islam untuk menjadi pribadi yang qanaah yakni menerima apa yang telah menjadi takdir dan ketentuan Allah. Ketika sifat qanaah sudah terpatri dalam jiwa kita, maka takdir baik dan buruk akan memberi hikmah yang mendalam dalam kehidupan.

 

Khutbah Jumat ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadio Wong kang Nerimo lan Legowo". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! (Redaksi) 

 

Khutbah I

 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: مَا يَفْتَحِ اللّٰهُ لِلنَّاسِ مِنْ رَّحْمَةٍ فَلَا مُمْسِكَ لَهَا ۚوَمَا يُمْسِكْۙ فَلَا مُرْسِلَ لَهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ 
 

 

Jamaah Jumat ingkan minulyo,

Ngawiti khutbah Jumat meniko, monggo sami ningkataken takwo kito dateng Allah swt arupi raos wedi nglanggar dawuhipun Allah. Kito sedoyo kedah nglampai dateng sedoyo dawuh Allah lan nebehi dateng sedoyo ingkang dipun larang. Menikolah wujud takwo ingkang saklajenge saged ndadosaken kito sedoyo selamet dunia akhirat.


 

Sak lajengipun, kito sedoyo kedah ngraos syukur Alhamdulillah, amergi dumugi wedal meniko, kito tansah dipun paringi nikmat ingkang mboten saged kito etang-etang setunggal-setunggalipun. Sedoyo meniko dados modal lan bekal kito kangge nglampahi gesang wonten ing ngalam dunyo ingkang tugas utamanipun inggih puniko ngibadah dateng Allah swt.


 

Ukuran nikmat meniko mboten saged dipun etang saking itungan katah lan sekedikipun. Pestine kito saged tingali lan pirsani tiyang ingkang katah artonipun nanging uripipun mboten tenang, tebeh saking naminipun bahagyo. Sak walike, katah tiyang ingkang uripipun pas-pasan, kadang ketingal nelongso, nanging sejatine saget ngraosaken urip bahagyo sareng kaleh keluarganipun.

 

Kuncinipun saged bahagyo inggih meniko ngaros cekap dateng sedoyo ingkang dipun anugerahaken Allah dateng kito. Wonten ing Islam, raos meniko dipun sebat kalian Qanaah utowo nrimo ing pandum. Qanaah meniko ngraos relo wonten ing manah dateng sedoyo ingkang dipun garisaken utowo dipun takdiraken Allah swt.


 

Nopo ingkang kito karepaken kadangkolo mboten saged dipun wujudaken. Senadyan kito sampun usaha lan ndungo, ananging Allah mboten ngabulaken. Ing kahanan kados mekaten, kito kedah nyadari dene mboten dipun kabulaken kekarepan kito, menikolah ingkang paling sae kangge kito. Ing kalimat lintu saged dipun sanjangaken dene, mboten keturutane kekarepane kito meniko wujud kabuling dungo lan usoho kito.

 

Allah ngendiko wonten ing Qur’an:

 


 
  مَا أَصَابَ مِنْ مُصِيبَةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي أَنْفُسِكُمْ إِلَّا فِي كِتَابٍ مِنْ قَبْلِ أَنْ نَبْرَأَهَا إِنَّ ذَلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ   
 
 

 

Artosipun: “Sakabehing bilai kang tumibo ing bumi lan marang siro kabeh iku wus katulis ing kitab (Lauh Mahfuzh) sadurunge kelakon. Pancen, iki gampang kanggo Allah” (QS. Al-Hadid: 22).


 

Jamaah Jumat ingkan minulyo,

Raos qanaah, nerimo dateng sedoyo pestine Allah, meniko ugi kedah kito amalaken wonten ing hasil Pemilu ingkang sampun kito lakoni wonteng ing tanggal 14 Februari 2024. Sinten mawon ingkang dados pemenang Pemilu, sinaoso sanes tiyang ingkang kito idam-idamaken lan kito pilih, kedah dipun tampi. Kranten sedoyo ingkang namine perlombaan kedah wonteng ingkang dados pemenang lan wonten ingkang kalah.

Ingkang menang ampun jumowo lan ingkang kalah ampun ndresulo. Sedoyo kedah qanaah kranten kito mboten saged ngalangi nopo ingkang dipun kersaaken dateng pengeran. Allah ngendiko:
 

 

مَا يَفْتَحِ اللّٰهُ لِلنَّاسِ مِنْ رَّحْمَةٍ فَلَا مُمْسِكَ لَهَا ۚوَمَا يُمْسِكْۙ فَلَا مُرْسِلَ لَهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ 


​​​​​​​

Artosipun: “Punapa mawon ingkang dipun paringaken dening Allah dhateng manungso awujud rahmat, boten wonten ingkang saged nahan. (Mengkono ugo) opo wae sing dicekel, ora ana sing bisa ngeculake. Allah meniko Ingkang Maha Kuwasa, Ingkang Wicaksana,” (QS Fathir: 2)


​​​​​​​

Menawi kito nerimo lan legowo dateng sedoyo pestine Gustin Allah, sejatinipun kito tasih nyimpen simpenan ingkang mboten bakal ilang lan rusak. Rasulullah ngendiko:
 

 

عَنْ جَابِرٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ عَنْ رَسُوْلِ اللهِ صلى الله عليه وسلم أَنَّهُ قَالَ أَلْقَنَاعَةُ كَنْزٌ لَا يَفْنَى 


​​​​​​​

Artosipun: “Saking Jabir ra. saking Rasulillah shallallahu 'alaihi wasallam, Rasulullah satemene ngendiko: "Qana'ah iku tabungan sing ora bakal rusak" (HR al-Baihaqi).


 

Pramilo, sinten mawon ingkang kepilih dados pimpinan kito, menikolah ingkang paling sae miturut Allah. Ingkang penting kangge kito sedoyo inggih meniko sesarengan mbangun negoro kanti sae ing moso ingkang bade dumugi. Moko niku monggo dadio kito sedoyo tiyang ingkang nrimo lan legowo.


​​​​​​​

Mugi-mugi Allah swt tetep njogo kerukunan kito sedoyo sinaoso nggadahi pilihani ingkang bedo wonten ing Pemilu. Mugi-mugi Allah ugi paring kekiatan dateng kito sedoyo, saged mbangun negoro ingkang baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur. Amin.
 

 

 
وَعِنْدَهُ مَفَاتِحُ الْغَيْبِ لَا يَعْلَمُهَا إِلَّا هُوَ وَيَعْلَمُ مَا فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَمَا تَسْقُطُ مِنْ وَرَقَةٍ إِلَّا يَعْلَمُهَا وَلَا حَبَّةٍ فِي ظُلُمَاتِ الْأَرْضِ وَلَا رَطْبٍ وَلَا يَابِسٍ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُبِينٍ    
 

​​​​​​​

Artosipun: “Lan ing Allah iku kunci kabeh kang ora katon; ora ono siji-sijio kang ngertosi, kajaba Panjenengane piyambak, lan Panjenengane ngertosi nopo kang ono ing dharatan lan ing segoro, lan ora ono siji-sijio godhong kang tibo nanging Panjenengane mangertosi iku (ugo), lan ora ono wiji siji-sijio kang tibo ing pepetenging bumi, lan ora opo wae sing teles utowo garing, nanging ditulis ing kitab ingkang nyoto (Lauh Mahfudz). (QS. Al-An’am: 59).
 

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ


 

 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ
 

أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللّٰهُ تَعَالَى اِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً
 

اللّهُمَّ وَفِّقْنَا لِطَاعَتِكَ وَأَتْمِمْ تَقْصِيْرَنَا وَتَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ . وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبّ الْعَالَمِيْنَ
 

عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُم بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر


 

 

Ustadz H Muhammad Faizin, Sekretaris PCNU Pringsewu, Lampung