Khutbah

Khutbah Bahasa Jawa: Sikap Tiyang Mukmin nalika Kena Musibah

Jumat, 7 Februari 2025 | 06:00 WIB

Khutbah Bahasa Jawa: Sikap Tiyang Mukmin nalika Kena Musibah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Mukmin dan musibah. (Foto: Freepik/NU Online)

Musibah dan bencana alam seringkali terjadi dalam kehidupan manusia. Bahkan, terkadang ia datang tiba-tiba tanpa dinyana. Sebagai seorang mukmin, bagaimana kita mesti menyikapi manakala terkena musibah ataupun ketika melihat orang lain yang mengalami kejadian tersebut.


Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sikap Tiyang Mukmin nalika Kena Musibah". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! 



Khutbah I


اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ  قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: ٱلَّذِينَ إِذَآ أَصَٰبَتْهُم مُّصِيبَةٌ قَالُوٓا۟ إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّآ إِلَيْهِ رَٰجِعُونَ


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.


وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ


Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)  


Sidang Jumat rahimakumullah,

Rikala gesang wonten ing dunya, manungsa bakal nampa werna-wernine kahanan. Kadangkala, nampa kahanan kang kepenak. Kadangkala ugi pinaringan pacoba utawi musibah. Sedaya punika, sejatosipun sampun ginaris saking Gusti Allah swt. Dhawuhipun Allah ing Al-Qur'an:


مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِۗ وَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ يَهْدِ قَلْبَهٗۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ


Artosipun: "Ora ana bilahi utwai pacoba kang tumiba, ngenani siji wong, kajaba mesti sarana qadla e Allah Ta'ala. Sapa wonge kang iman ing Allah. Allah bakal nuduhake atine wong-wong mau. Allah iku marang sekabehane perkara, tansah mirsani," (QS At-Taghabun ayat 11)


Wonten ing Kitab Tafsir Al Ibriz ingkang dipun anggit KH Bisri Musthofa Rembang, dipun terangake carane Gusti Allah paring pituduh dumateng tiyang kang iman, tegese percaya sedaya bilahi mesti sarana qadla e Allah Ta'ala, yaiku Gusti Allah bakal paring sifat sabar nalikane nandang pacoba.


Dados sifat sabar menika, dados salah setunggale tandane tiyang kang iman. Sedaya tansah dipun wangsulaken marang Gusti Allah. Nalika piyambake angsal nikmat, tansah maturnuwun, syukur marang Gusti Allah. Lan menawi kena pacoba utawi bilahi, piyambake bakal nampi kanthi sabar. Wonten ing ayat sanesipun, Gusti Allah paring keterangan sifate wong kang sabar:


اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌۗ قَالُوْٓا اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ


Artosipun: "(Utawi sifate wong kang sabar) yaiku wong-wong kang nalika nampa bila nuli maos: inna lillahi wa inna ilaihi roji'un (tegese kabeh mau kagungane Gusti Allah, lan kita kabeh bakal dipun balikake marang Gusti Allah)" (QS Al-Baqarah: 156)


Wong kang padha tabah lan sabar, bakal oleh pangapura lan nikmat saking Gusti Allah swt. Tiyang kang sabar ugi gadahi ati saha pikiran kang sumeleh ing dalem nglampahi gesang ing dunya. Piyambake tansah yakin, menawi kena ujian ing dunya, wonten Gusti Allah ingkang bakal maringi pitulungan. Gusti Allah sampun paring dhawuh:


لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۗ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْۗ


Artosipun: "Gusti Allah ora bakal merdi manungsa, kajaba kang dikuwasani dening manungsa mau. Lakon bagus ana ganjarane. Lakon ala ana siksane." (QS Al-Baqarah ayat 286)
 

Sidang Jumat rahimakumullah,

Lajeng menawi wonten tiyang sanes ingkang kena pacoba, kados pripun sikap kita ingkang prayogi? Mestinipun mboten cukup, anggene kita namung matur supados tansah sabar ngadepi pacoba punika. Ananging kedah ugi gadah rasa welas, langkung-langkung saget sami ndherek tetulung. Gusti Allah swt sampun paring dhawuh:


وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ


Artosipun: ".. Padha tetulunga ing dalem kebecikan lan takwa. Lan aja padha tetulung ing dalem doso lan keawonan... (QS Al-Maidah ayat 2).


Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi paring dhawuh babagan tetulung menika. Wonten ing salah setunggal hadits, Kanjeng Nabi dhawuh:


عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ نَـفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُـرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا ، نَـفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُـرْبَةً مِنْ كُـرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ


Artosipun: "Saking Sahabat Abu Hurairah RA, Nabi Muhammad saw paring dhawuh: Sapa wonge kang jembarke (aweh tulung) marang wong mukmin liya kang nandang kesusahan, mangka Gusti Allah bakal jembarke (aweh pitulungan) marang wong mau ana ing Dina Kiamat." (HR Muslim).


Tiyang ingkang seneng tetulung, insyaallah bakal angsal ganjaran ingkang ageng. Wonten ing lanjutan hadits menika, dipun sebataken, sapa wonge kang gampangke urusan wong liya, bakal digampangake urusane ana ing dunya lan akhirat.


Sidang Jumat rahimakumullah,


Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, kalebet ing golonganipun tiyang kang syukur lan sabar, saget enthengan tangan tetulung marang liyan, dipun tebihaken saking balak lan musibah, lan mugi-mugi kita sedaya angsal keberkahan ing wulan Sya'ban menika. Amin ya Rabbal Alamin


بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ  
 

Khutbah II


اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ.  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا


 اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ  . اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ


عٍبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَر


Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali