Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Amalan Persiapan kangge Mapag Wulan Ramadhan

NU Online  ·  Kamis, 20 Februari 2025 | 21:15 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Amalan Persiapan kangge Mapag Wulan Ramadhan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang persiapan menyambut Ramadhan (NU online)

Tak terasa, Ramadhan sebentar lagi akan tiba. Karenanya, perlu kita persiapkan dengan sebaik mungkin. Agar kita mendapatkan banyak keberkahan dan pahala di bulan mulia tersebut. Di penghujung bulan Sya'ban ini, amalan-amalan apa saja yang bisa kita lakukan, sebagai persiapan untuk menyambut datangnya bulan Ramadhan?
 

Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Amalan Persiapan kangge Mapag Wulan Ramadhan". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! 
 

 

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ
 

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah ayat 197).
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya

Alhamdulillah, mboten keraos sekedap malih, kita bakal kerawuhan wulan suci ingkang ageng, inggih punika wulan Ramadhan. Wulan ingkang kathah kautaman saha ganjaran, ingkang mugi-mugi kita sedaya saget menangi wulan pasa punika kanthi iman kang jejeg saha awak bagas waras, sehat wal afiat.
 

Kajaba panyuwunan ingkang sampun kasebat, ugi kedah kita siapke lahir lan batin. Kados dene ingkang sampun dipun amalaken Kanjeng Nabi Muhammad saw. Pertama, kanjeng Nabi rumaos bungah utawi seneng, nalika badhe kerawuhan wulan Pasa punika. Malah-malah piyambake sampun mapag wulan Pasa utawi rumaos bungah ing dalem mapag wulan Pasa punika, milai saking wulan Rajab, kanthi dunga ingkang sampun masyhur:
 

اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا ‌فِي ‌رَجَبَ وَشَعْبَانَ ‌وَبَلِّغْنَا ‌رَمَضَانَ
 

Artosipun, "Ya Allah, mugi panjenengan paring keberkahan dumateng kita sedaya ing dalem wulan Rajab lan Sya'ban, lan mugi panjenengan ndugiaken kita sedaya dumugi ing wulan Ramadhan."
 

Kita wajib rumaos bungah awit saking kerawuhanipun Ramadhan. Sebab wonten ing wulan Ramadhan punika, bakal tumurun kathah sanget kautamaan, saha rahmat lan pangapura saking Gusti Allah subhanahu wa ta'ala. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أَتَاكُمْ رَمَضَانُ شَهْرٌ مُبَارَكٌ فَرَضَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَتُغْلَقُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ وَتُغَلُّ فِيهِ مَرَدَةُ الشَّيَاطِينِ لِلَّهِ. فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ
 

Artosipun, “Saking sahabat Abu Hurairah ra piyambakipun ngendika, bilih Kanjeng Rasulullah saw sampun paring dhawuh: "Satuhune, wis teka marang sliramu kabeh, Wulan Ramadhan. Wulan kang kebak kaberkahan uga den wajibake pasa. Ana ing wulan iki, lawang-lawang langit binuka lan neraka tinutup. Setan-setan dibanda. Lan ana ing Wulan Ramadhan, ana salah sawijining wengi kang luwih utama tinimbang sewu wulan.” (HR Imam An-Nasa'i).
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya,

Ingkang Kaping kalih, Kanjeng Nabi Muhammad saw saha para sahabat lan tiyang salih, sami ngalangkungi pasa lan sedekah, saderengipun mlebet Wulan Ramadhan. Menika dados gladhi utawi latihan ugi tandha raos bungah anggenipun mapag rawuhipun Ramadhan. Wonten ing salah setunggale hadits dipun sebutaken:
 

عَنْ أُسَامَة بْن زَيْدٍ قَالَ: قُلْتُ: يَا رَسُول اللَّهِ، لَمْ أَرَكَ تَصُومُ مِنْ شَهْر مِنْ الشُّهُور مَا تَصُوم مِنْ شَعْبَان. قَالَ: ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاس عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَان، وَهُوَ شَهْر تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَال إِلَى رَبّ الْعَالَمِينَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ
 

Artosipun, “Usamah bin Zaid nate tanglet dhateng Rasulullah saw. Piyambake matur: "Dhuh, Rasulullah, kula dereng nate sumerap panjenengan nglampahi pasa (sunah) wonten ing Wulan Sya’ban langkung kathah (tinimbang) wulan-wulan sanesipun. Lajeng Kanjeng Nabi dhawuh: “Ya, (Sya’ban) iku dadi wulan sing kerep den lalekne wong antarane Rajab lan Ramadhan, Wulan dipununggahake amal-amal dhateng Allah Ta’ala. Lan aku seneng, nalika amalku diunggahake ana ing pasa." (HR Imam An-Nasai).
 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Amalan persiapan ingkang mboten kalah penting, ingkang saget kita lampahi sakderengipun wulan Ramadhan, inggih punika sinau bab ilmu pasa. Kados dene ingkang sampun dipun terangaken ing kitab Ta'lim Muta'allim ing bab kewajiban pados ilmu saha ilmu kang kita sedaya wajib mangertosi.
 

Nalika wulan Ramadhan, kita bakal dipunwajibake ibadah pasa, ingkang ugi dados salah setunggale rukun Islam. Pramila, supados amal ibadah poso punika sah lan sampurna, kita wajib nyinauni tata carane. Paling mboten sinau bab syarat sah lan rukunipun, ugi perkawis ingkang batalaken. Syukur, menawi saget dipun tambah sinau bab kasunahan saha kautaman-kautaman wonten ing Ramadhan.
 

Ma'asyiral muslimin rahimakumullah

Tentunipun tasih kathah amalan-amalan sanesipun ingkang saget kita lampahi, kangge kita persiapan mapag kerawuhan wulan Ramadhan.
 

Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, saget pinanggihan kalian wulan Ramadhan lan saget nglampahi ibadah ing wulan Ramadhan kanthi raos bungah lan istiqamah. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ  
 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ.  أَمَّا بَعْدُ
 

فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
 

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عٍبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
 

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali