Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Larangan Korupsi ing Agami Islam

Jum, 8 Desember 2023 | 07:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Larangan Korupsi ing Agami Islam

Ilustrasi: keadilan - hukum - politik (NU Online).

Khutbah Jumat ini mengingatkan tindakan korupsi, yang dianggap sebagai tindakan yang sangat merusak dan merugikan orang banyak. Tindakan korupsi merupakan tindakan yang melanggar prinsip-prinsip moral dan etika yang diterapkan dalam Islam.

 

Untuk itu Khutbah Jumat ini mengangkat judul: "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Larangan Korupsi ing ajaran Islam". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! (Redaksi).

 

Khutbah I

 

 اَلْحَمْدُ للهِ عَظِيْمِ الْعَطَاءِ، اَلْوَاهِبِ الْمُتَفَضِّـلِ عَلَى عِبَادِهِ بِنِعْمَةِ الأَبْنَاءِ، سُبْحَانَهُ أَمَرَ بِتَرْبِيَتِهِمْ وَرِعَايَتِهِمْ كَيْ يَكُوْنُوا أَتقِيَاءَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُه. خَيْرَ نَبِيٍّ أَرْسَلَه. أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرْاً وَنَذِيْراً. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَاماً دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن. أَمَّا بَعْدُ فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَلْيَخْشَ الَّذِيْنَ لَوْ تَرَكُوْا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعٰفًا خَافُوْا عَلَيْهِمْۖ فَلْيَتَّقُوا اللّٰهَ وَلْيَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا. أَيُّهَا النَّاسُ كُلُوا مِمَّا فِي الْأَرْضِ حَلَالًا طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ

 

Ma’asyiral Muslimin sidang Jum’at rahimakumullah

Wonten ing kesempatan punika, mangga kita sami tansah ngedalaken raos syukur dhateng Allah ta’ala, awit saking sedaya kanugrahanipun, kita taksih pinaringan nikmat iman lan islam. Saha ni’mat sehat sehingga kita saget ninda’aken kewajiban-kewajiban kita datheng Allah ta’ala.

 

Pramila, mangga kita manfaataken sedaya nikmat punika, kangge ningkataken taqwa kita dhateng Allah swt, kanthi nindaake sedaya perintah saha nilar sedaya laranganipun.

 

Jamaah Jumat ingkang minulya

 

Asring kita mangertosi ing berita, wonten tiyang ingkang angsal hukuman penjara, jalaran nglakoni perkara korupsi. Tembung korupsi iku tegesé ngrusak, nggawé bosok, lan nyogok.

 

Ditingali saking segi basa, korupsi yaiku njupuk duit (nagara, utawa perusahaan, lan sak piturute) kanggo bathiné awaké dhéwé utawa wong liya. Tumindak korup iku diseleng saka patrap seneng nampa dhuwit suap, lan nggunakaké kalungguhan kang diduwèni kanggo kepentingan awaké dhéwé utawa wong liya

 

Ing ajaran agama Islam, korupsi menika dados perkawis ingkang awon saha ngrugike marang tiyang katah. Wonten ing Surah Al Baqarah ayat 188 Gusti Allah sampun paring dhawuh:

 

وَلَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ وَتُدْلُوْا بِهَآ اِلَى الْحُكَّامِ لِتَأْكُلُوْا فَرِيْقًا مِّنْ اَمْوَالِ النَّاسِ بِالْاِثْمِ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ

 

Artosipun: "Lan aja padha ngalap/mangan bandhane liyan, kanthi dalan kang ora bener. Apa dene ora diparengake anggugat marang para hakim, kanthi tujuan supaya sira kabeh bisa ngalap/mangan bandhane liyan, kanthi dalan kang ora bener (doso), ing hale sira kabeh padha ngerti, yen sira kabeh sing ora bener," (Al Baqarah: 188)

 

Maasyiral muslimin rahimakumullah

 

Perkawis korupsi menika, saget kadadéan amerga pirang-pirang sebab. Sebab pertama, saking sifate menungsa/individu, kaya ta: mentalitas aparat kang èlèk, kasaguhan kerja aparat kang kurang, gaji aparat kang sithik, kulawarga kang miskin, lan sakpiturute.

 

Faktor angka kalih, sebab korupsi yaiku saka papan panggonan iku kaya ta, lingkungan pulitik, budaya, lan manajemen birokrasi. Nanging, bisa uga korupsi kadadéan amarga ana faktor gabungan loro kui mau, yaiku faktor manungsa lan faktor papan panggonan.

 

Maasyiral muslimin rahimakumullah

 

Supados kita mboten melu-melu nglakoni korupsi, kita perlu tansah eling-eling bilih tiyang ingkang korupsi menika bakal angsal hukuman saking Allah ta'ala, mboten namung ing dunya, ananging ugi ing akhirat. Kados dene dhawuhe Allah ta'ala ing Surah Ali Imran ayat 161:

 

وَمَا كَانَ لِنَبِىٍّ أَن يَغُلَّ ۚ وَمَن يَغْلُلْ يَأْتِ بِمَا غَلَّ يَوْمَ ٱلْقِيَٰمَةِ ۚ ثُمَّ تُوَفَّىٰ كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ

 

Artosipun: Ora ana Nabi kang cidra perkara ghanimah. Sapa wonge cidra perkara ghanimah, besok  ing Dina Kiamat, bakal tumeka kelawan gawa barang kang dikhianati iku. Nuli saben-saben awak, bakal diwales miturut amal perbuatane, awak-awakan mau ora bakal dianiaya," (Surah Ali Imran: 161)

 

Rugi lan medeni sanget menawi wonten tiyang ingkang wani korupsi. Ing dunya dipenjara utawi angsal hukuman saking negara. Ing akhirat bakal cilaka.

 

Maasyiral muslimin rahimakumullah

 

Sejatosipun, sedaya jabatan menika amanah ingkang kedah dipun laksanaake kanthi bener lan pener. Tiyang ingkang dipun amanahi jabatan menika mikul tanggung jawab ingkang ageng. Dawuhipun Allah ta'ala:

 

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَخُوْنُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ وَتَخُوْنُوْٓا اَمٰنٰتِكُمْ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ

 

Artosipun: "Hai wong-wong mukmin, sira aja padha nyidrani Allah ta'ala lan utusane. Lan aja padha nyidrani amanah kang dipercayaake marang sira kabeh. Ing mangka sira kabeh padha weruh," (Surah Al Anfal ayat 27).

 

Mugi-mugi kita sedaya dipun tebihake saking tumindak korupsi lan perkara-perkara awon sanesipun. Menawi kita pinaringan amanah, mugi kita saget nglampahi kanthi bener lan pener. Amin ya Rabbal Alamin.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

 

Khutbah II

 

 الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ.  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر.  إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.   اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ  عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali