Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Muhasabah lan Mundut Hikmah ing Rubahing Tahun

Kam, 4 Januari 2024 | 22:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Muhasabah lan Mundut Hikmah ing Rubahing Tahun

Ilustrasi: khutbah (NU Online, Mahbib).

Khutbah Jumat Bahasa Jawa ini mengingatkan kepada jamaah untuk senantiasa melakukan muhasabah dan mengambil hikmah dari perubahan waktu seperti pergantian tahun baru. Hal ini sangat penting sebagai modal untuk menghadapi masa depan dengan pengalaman-pengalaman yang telah dialami pada masa lalu.

 

Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Muhasabah lan Mundut Hikmah ing Rubahing Tahun”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!

 

Khutbah I

 

الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى : يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ نَسُوا اللّٰهَ فَاَنْسٰىهُمْ اَنْفُسَهُمْۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ

 

Maasyiral Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah

Sampun dados kewajiban kito sedoyo ngungkapaken raos syukur dumateng Allah swt ingkang sampun maringi katah nikmat wonten ing dunyo meniko. Wujud raos syukur meniko kedah kito ungkapaken kanti waosan Alhamdulillahi rabbil 'alamin, mugi nikmat meniko mboten dipundut lan terus dipun tambah lantaran kito kalebet tiyang ingkang syukur. Wonten Al-Qur’an Allah ngendiko:

 

لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ

 

Artosipun: “Temen, menawi siro syukur, yekti ditambah nimat dateng siro. Ananging menawi siro ingkar, temen sikso-Ku (Allah) estu-estu ngalarin,” (QS Ibrahim: 7).

 

Sakderengipun kawulo nyampaiaken khutbah meniko, wajib kangge khatib nyukani wasiat supados kito sedoyo ningkataken takwa dumateng Allah swt. Derajat ketakwaan meniko waget dipun tingali sangking temen anggene nindaaken dawuh pengeran lan ngadoh nopo ingkang dipun larang deneng Allah swt.

 

Takwa meniko mboten anamung wonten ing lisan kito. Ananging saget ketingal saking manunggaling lisan lan tumindak kito wonten ing dunyo. Menawi kito mangertosi dene satunggalipun tumindak meniko dipun larang deneng Allah swt, ananging kito mboten matuhi dawuh pengeran supados ngedohi perkawis meniko, niki nedahaken ketakwaan kito namung wonten ing lisan mawon.

 

Maasyiral Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah

Ing jumat meniko, khatib bade nyampaikan khutbah ingkang ngangkat tema pentingipun muhasabah (ngeling-eling) lan mundut hikmah saking rubahing wayah, ranten meniko kita sampun mlebet wonten ing tahun baru. Ngeling-eling dateng nopo ingkang sampun kito lampahi wonten ing wayah kapengker meniko estu penting, supados kito saget nglampahi masa depan lan mangertosi anggenipun nangani perkawis utawi masalah-masalah.

 

Rubahing wayah tahun meniko ampun dimaknai bioso-bioso mawon. Meniko ngandung hikmah ingkang katah kangge muhasabah, evaluasi, introspeksi. Ampun ngantos kito mboten sinau dateng nopo ingkang sampun kito alami. Kanti Muhasabah, kito waget ngedohi hal-hal negatif lan mundut hal-hal positif kangge bekal masa depan sehinggo kita mboten kalebet tiyang ingkang ciloko. Rasulullah dawuh sabdo:

 

مَنْ كَانَ يَوْمُهُ خَيْرًا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ رَابِحٌ. وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ مِثْلَ أَمْسِهِ فَهُوَ مَغْبُوْنٌ. وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ شَرًّا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ مَلْعُوْنٌ

 

Artinya:“Sopo wonge kang dino iki lewih apik soko dino wingi, moko mlebu wongkang ingkang bejo. Sopo wonge kang dino iki podo wae soko dino wingi, moko mlebu wongkang ingkang rugi. Sopo wonge kang dino iki lewih olo soko dino wingi, moko wong iku kelebu wogkang ciloko,” (HR Al-Hakim).

 

Alla ugi sampun ngemutaken dateng kito sedoyo, ingkang sampun kasebat wonten ing Al-Qur’an surat Al-Hasyr: 18:

 

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ

 

Artosipun: “He wongkang iman, takwoho siro marang Gusti Allah lan eling-eling nopo ingkang sampun dipun lakoni kangge dinteng benjang (akhirat). Takwoho siro marang Gusti Allah. Temen Gusti Allah meniko dzat ingkang teliti dateng sedoyo ingkang dipun siro lakoaken,” 

 

Maasyiral Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah

Saklintunipun muhasabah dateng sedoyo ingkang sampun dipun lampahi, penting ugi kangge kito sedoyo nyiapaken masa depan, khususipun wonten ing tahun baru meniko. Kito kedah sadar, dene nopo ingkang bade kito lampahi wonten ngajeng meniko butuh bekal ingkang katah supados kito saget dumugi ing tujuan kanthi slamet.

 

Kito mboten ngertos nopo ingkang bade terjadi wonten ing masa depan. Kito kedah ikhtiar (usaha) lan samsampunipun meniko kito kedah tawakkal, pasrah dateng Gusti Allah. Wonten surat Luqman ayat 34 dipun sebataken:  

 

اِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَۚ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْاَرْحَامِۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًاۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌۢ بِاَيِّ اَرْضٍ تَمُوْتُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ

 

Artinya: “Temen setuhune Gusti Allah ingkang mangertosi hari kiamat, dawahipun udah, lan mangertosi nopo wonten ing dalem rahim. Mboten wonten setunggalipun menungso ingkang waget mangertosi nopo ingkang bade dipun lakoaken wonten ing dinten ngenjang. Ugi mboteng wonten setunggalipun menungso ingkang mangertosi teng pundi piyambake bade kapundut. Temen setuhune Allah meniko dzat ingkang mangertosi lan teliti.” 

 

Ayat meniko nuduhaken dateng kito sedoyo gangsal (5) perkawis ingkang namung Gusti Allah ingkang kuoso lang mangertosi. Pertama, namung Gusti Allah ingkang mangertosi kapan wedalipun kiamat. Mboten wonten menungso wonten ing dunyo meniko ingkang mangertosi wedalipun kiamat. Kalih, Namung Allah ingkang mangertosi kapan bade jawah lang dados lantaran uriping bumi lan medalaken rizki kangge menungso. Ketigo, namung Allah ingkang mangertosi nopo ingkang wonten rahimipun tiyang estri kang lagi ngandut. 

 

Kaping papat, namung Gusti Allah ingkag mangertosi nasib menungso. Kito namung saged usaha namung Gusti Allah ingkang gadang kuoso. Kaping gangsal, namung Gusti Allah ingkang ngertos kapan makhluk wonten ing dunyo meniko bade wangsul dateng pengeran, kapundut nyawanipun. Kematian meniko pesti kangge sedoyo makhluk ingkang kagungan nyowo

 

وَلِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌۚ فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ

 

Artinya: “Saben umat wonten bates waktunipun (ajal). Yen dugi ajalipun, mboten wonten ingkang saget nunda lan mboten wonten ingkang saget nyepetaken.” (QS: Al-A’raf: 34)

 

Maasyiral Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah

Kangge mungkasi khutbah puniko, penting ngrenungi nopo ingkang sampun dipun pesenaken deneng Rasulullah wonten ing haditsipun ing dipun riwayataken Imam Hakim:

 

اغْتَنِمْ خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ: شَبَابَكَ قَبْلَ هِرَمِكَ، وَصِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ، وَغِنَاءَكَ قَبْلَ فَقْرِكَ، وَفَرَاغَكَ قَبْلَ شُغْلِكَ، وَحَيَاتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ

 

Artinya: “Gunakno limang perkawis sakderenge dumugi limang perkawis. Moso nom sakderenge moso tuo, moso sehat sakderenge moso sakit, moso sugih sakderenge moso kere, moso longgar sakderenge moso sibuk, lan moso urip sakderenge moso mati,”

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

 

Khutbah II

 

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. وَصَلَّى الله عَلَى سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتْ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَسِيحِ الدَّجَّالِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَحْيَا وَالْمَمَاتِ، اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ الْعَجْزِ وَالْكَسَلِ وَ نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْجُبْنِ وَالْبُخْلِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ غَلَبَةِ الدَّيْنِ وَقَهْرِ الرِّجَالِ  رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Ustadz H Muhammad Faizin, Sekretaris PCNU Kabupaten Pringsewu, Lampung