Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sambut Ramadhan Kanthi Ati kang Bungah

Kam, 7 Maret 2024 | 06:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sambut Ramadhan Kanthi Ati kang Bungah

Selamat datang Ramadhan. (Foto: NU Online/Freepik)

Dalam hitungan hari, kita akan berjumpa kembali dengan bulan Ramadhan. Untuk itu perlu kita siapkan dengan baik. Lalu, apa saja yang perlu kita siapkan dalam menyambut datangnya bulan nan suci ini?


Materi khutbah Jumat Bahasa Jawa ini berjudul: "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sambut Ramadhan Kanthi Ati kang Bungah" Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.



Khutbah I


   اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ غُرَّةَ وَجْهِ الْعَامِ. وَشَرَّفَ أَوْقَاتَهُ عَلَى سَائِرِ الأَوْقَاتِ، وَفَضَّلَ أَيَّامَهُ عَلَى سَائِرِ الْأَيَّامِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، شهادَةَ مَنْ قَالَ رَبِّيَ اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَصَامَ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وعَلٓى آلِهِ وأَصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الْأَثَامِ. فَقَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ يَاۤ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Insyaallah, sekedhap malih kita badhe pinanggih kelawan tamu ingkang minulya, inggih punika wulan Ramadhan utawi Pasa. Wonten ing wulan Ramadhan kita dipun wajibake nglampahi ibadah pasa. Kados dene dhawuhe Gusti Allah swt wonten ing surat Al Baqarah ayat 183 :


يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ     


Artosipun: "Wong-wong mukmin difardhuake poso. Koyo olehe poso mau difardhuake ingatase umat-umat sakdurunge umat Nabi Muhammad Saw. Supoyo wong-wong mukmin podho takwa marang Allah ta’ala," 


Wulan Ramadhan punika ugi kasebat wulan kang kathah rahmat saha pangapura saking Gusti. Wulan ingkang gadhah kamulyan saha kaberkahan. Sedaya ganjaran ibadah dipun tikelaken. Dungo dipun ijabahi. Dosa dipun apura. Lawang suwarga binuka lan neraka tinutup. Pramila, tuna sanget menawi kita pinanggihan Ramadhan, ananging mboten saged mendhet sedaya kautamanipun.


Kados pangandikanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:


عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أَتَاكُمْ رَمَضَانُ شَهْرٌ مُبَارَكٌ فَرَضَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَتُغْلَقُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ وَتُغَلُّ فِيهِ مَرَدَةُ الشَّيَاطِينِ لِلَّهِ. فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ      


Artosipun, “Saking sahabat Abu Hurairah ra piyambakipun ngendika, bilih Kanjeng Rasulullah sampun paring dhawuh: "Satuhune, wis teka marang sliramu kabeh, Wulan Ramadhan. Wulan kang kebak kaberkahan uga den wajibake pasa. Ana ing wulan iki, lawang-lawang langit binuka lan neraka tinutup. Setan-setan dibanda. Lan ana ing Wulan Ramadhan, ana salah sawijining wengi kang luwih utama tinimbang sewu wulan.” (HR Imam An-Nasa'i).


Saking pangandikane Kanjeng Nabi menika, begja kemayangan dhateng tiyang ingkang saget kepanggih wulan Ramadhan. Awit saking mekaten, mangga kita siapke kanthi sasae-saenipun nalika sampun badhe karawuhan wulan Pasa.


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Lajeng tumindak napa mawon ingkang saged kita lampahi, kagem mapag karawuhan Ramadhan? Ibarat kita badhe kerawuhan tamu ingkang agung ten griya kita, tentunipun wonten perkawis ingkang kedah kita siapke.


Ingkang pertama, kita kedah gadhah raos bungah utawi nuwuhaken raos bungah, awit saking kerawuhan Ramadhan. Kados dunganipun Kanjeng Nabi kala wau, ugi ingkang sampun linampahan para ulama, nudhuhaken bilih saget pinanggih Ramadhan niku mawon sampun dados kenikmatan ingkang ageng. Kosok wangsulipun, menawi badhe pisah kalian Ramadhan rumaos susah.


Kaping kalih, nalika Ramadhan kita dipunwajibake ibadah pasa, ingkang ugi dados salah setunggale rukun Islam. Pramila, supados amal ibadah poso punika sah lan sampurna, kita kedah sinau bab ilmu pasa. Langkung-langkung, ibadah pasa Ramadhan kalebet amalan ingkang wajib dipuntindakaken, mangka nyinauni tata carane niku kalebet wajib hukumipun. Paling mboten sinau bab syarat sah lan rukunipun, ugi perkawis ingkang batalaken. Syukur, menawi saget dipun tambah sinau bab kasunahan saha kautaman-kautaman wonten ing Ramadhan.


Kaping tiga, Kanjeng Nabi Muhammad saw saha para sahabat lan tiyang salih, sami ngalangkungi poso lan sedekah, saderengipun mlebet Wulan Ramadhan. Menika dados gladhi ugi tandha raos bungah anggenipun mapag rawuhipun Ramadhan.


Kanjeng Nabi Muhammad saw nglampahi pasa sunah wonten ing Wulan Sya’ban. Wonten kathah Riwayat, piyambakipun pasa ing Sya’ban nganti dumugi sewulan. Wonten salah setunggale hadits dipun sebutaken:


عَنْ أُسَامَة بْن زَيْدٍ قَالَ: قُلْت يَا رَسُول اللَّه لَمْ أَرَك تَصُومُ مِنْ شَهْر مِنْ الشُّهُور مَا تَصُوم مِنْ شَعْبَان، قَالَ: ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاس عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَان، وَهُوَ شَهْر تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَال إِلَى رَبّ الْعَالَمِينَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ  


Artosipun, “Usamah bin Zaid nate tanglet dhateng Rasulullah saw. Lajeng matur: "Dhuh, Rasulullah, kula dereng nate sumerap panjenengan nglampahi poso (sunah) wonten ing Wulan Sya’ban langkung kathah Wulan-Wulan sanesipun. Lajeng Kanjeng Nabi dhawuh: “Ya, (Sya’ban) iku dadi wulan sing kerep den lalekake wong antarane Rajab lan Ramadhan, Wulan dipununggahake amal-amal dhateng Allah Ta’ala. Lan aku seneng, nalika amalku diunggahake ana ing pasa." (HR Imam An-Nasai).


Mekaten khutbah ingkang saged kula aturaken, mugi dados manfaat dhateng kita sedaya. Lan mugi Gusti Allah, maringi kita gampil lan kekiyatan, saha hidayah supados kita saget nglampahi ibadah wonten ing Wulan Ramadhan kanthi sae. Amin. Ya rabbal ‘alamin.


أَعُوذُ بِاللهِ مِن الشَّيْطانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحمن الرّحيم. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ أَيَّامًا مَّعْدُودَاتٍ فَمَن كَانَ مِنكُم مَّرِيضًا أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ أَيَّامٍ أُخَرَ وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِينٍ فَمَن تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهُ وَأَن تَصُومُواْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ


باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعَالَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ


Khutbah II


 َاَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا. اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللّٰهَ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ


Ustadz Ajie Najmuddin, Sekretaris MWCNU Banyudono