Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sinten niku Tiyang ingkang Bangkrut?

Kam, 25 Januari 2024 | 14:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sinten niku Tiyang ingkang Bangkrut?

Khutbah Jumat. (Foto: NU Online/Faizin)

Pada umumnya, niatan manusia hidup di dunia memperbanyak amal baik agar kelak di akhirat ia mendapatkan hasil yang menguntungkan (masuk surga). Layaknya orang yang berjualan, tentu kita ingin jualan yang untung dan tidak ingin mengalami kerugian. Meski demikian ada saja orang yang mengalami kerugian. Siapakah mereka?


Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sinten niku Tiyang ingkang Bangkrut?" Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!



Khutbah I


اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ   


Jamaah Jumát rahimakumullah,

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.


Para jamaah ingkang minulya,

Ing sakwijing dina, Kanjeng Nabi Muhammad saw tanglet dhateng para sahabat, sinten niku tiyang ingkang bangkrut? Kados dene wonten ing hadist ingkang dipun riwayatake saking Sahabat Abu Hurairah ra:


أَنَّ رَسُوْلَ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: أَتَدْرُوْنَ مَا الْمُفْلِسُ؟    


Artosipun: "Saktemene Kanjeng Rasulullah saw tanglet (dhateng para sahabat): "Apa tah sliramu padha ngerti, sapa iku ingkang diarani wong kang rugi utawa bangkrut?"


قَالُوْا: اَلْمُفْلِسُ فِيْنَا مَنْ لاَ دِرْهَمَ لَهُ وَلاَ مَتَاعَ   


Lajeng para sahabat wonten ingkang jawab: Tiyang ingkang bangkrut yaiku ingkang mboten gadah arta lan bandha.


Ananging, mboten jawaban niku ingkang dipun kersaake kalian Kanjeng Nabi. Tiyang ingkang bangkrut miturut agami, lajeng dipun wedar kalian Kanjeng Nabi.

فَقَالَ: إِنَّ الْمُفْلِسَ مِنْ أُمَّتِي، يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِصَلاَةٍ وَصِيَامٍ وَزَكَاةٍ، وَيَأْتِي قَدْ شَتَمَ هٰذَا، وَقَذَفَ هٰذَا، وَأَكَلَ مَالَ هٰذَا، وَسَفَكَ دَمَ هٰذَا، وَضَرَبَ هٰذَا. فَيُعْطِى هٰذَا مِنْ حَسَنَاتِهِ وَهٰذَا مِنٰ حَسَنَاتِهِ. فَإِنْ فَنِيَتْ حَسَنَاتُهُ، قَبْلَ أَنْ يَقْضَى مَا عَلَيْهِ، أُخِذَ مِنْ خَطَايَاهُمْ فَطُرِحَتْ عَلَيْهِ. ثُمَّ طُرِحَ فِي النَّارِ   


Artosipun: "Nabi paring dhawuh: “Saktemene wong kang bangkrut saking umatku, yaiku wong kang teka ana ing dina kiamat, kanthi gawa amal kesahenan saking shalat, puasa, dan zakat. Ananging wonge mau, tahu ngenyek (mencaci maki) wong liya, nuduh wong liya, mangan bandhane wong liya, gawe mili getihe (nglarani/mateni) wong liya, lan ngantem wong liya. Mangka, ganjaran-ganjaran sangka amal baguse entek sak durunge hak-hake dipenuhi, lan amal-amal alane wong-wong kang den dhalimi kabeh bakal den wenehake marang wong iku, lan sak banjure wong iku mau den uncalake ana neraka,”


Ma'asyiral muslimin rahimakumullah,

Awit saking keterangan hadist menika, saget dipun ngertosi, sinten tiyang ingkang bakal bathi utawi rugi/bangkrut? Wodene bangkrut, miturut Kanjeng Nabi yaiku dudu wong kang bangkrut mboten namung miturut keadaan ekonomine. Ananging ing dalem persoalan agami, yaiku wong kang duweni amal sahe utawi ganjaran kang kathah, nanging akhire telas merga perkara awon ingkang pernah dilakoni ing dunya. Malah-malah wonge tombok utawi bangkrut, sebab amal eleke wong liya, bakal diwenehke marang de'e.


Menika, gambaran besuk ana ing Padang Mahsyar, nalika manungsa dipun hisab kalian Allah ta'ala, lajeng bakal nentuake wonge mau bakal mlebu swarga utawa neraka.


Awit saking mekaten, mangga kita tansah mbiji dhumateng kita piyambak. Ibarate awak dhewe menika, amal sahe mawon dereng tentu ditampi kalian Gusti Allah. Mangka, ampun ditambahi nglakoni perkawis awon, kang saget ngurangi ganjarane kita.


Langkung-langkung, perkara awon kang wonten hubungane kalian tiyang sanes, kaya tah ngrasani, fitnah, nglarani, maling, korupsi, mateni, lan sanesipun. Menika sedaya bakal wonten walese saking Gusti, sahe niku ten Dunya, utawi ten Akhirat. Na'udzu billahi min dzalik.


Jamaah Jumát hafidhakumullâh

Kula yakin, kita sedaya mesti bakal mboten tegel badhe mateni wong liya, utawi maling bandhane wong liya. Ananging, mbok menawi kita taksih asring, mboten kerasa kita sok ngucap ingkang elek saking lisan kita, ingkang nglarani atine wong liya. Utawi, drijine kita, komentar mboten sahe utawi ngirim informasi hoaks utawi malah kalebet fitnah ing media sosial. Menika lah sedaya perkara ingkang saget ndadosaken kita tiyang ingkang muflis utawi bangkrut.


Pramila, mangga kita jaga lisan kita. Kita jaga driji kita. Kita jaga sedaya anggota badan kita, supaya mboten dadi saksi kang bakal ngabotake ana ing dina Hisab. Menika dipun sebataken ing Al-Qur'an surat Yasin ayat 65:


ٱلْيَوْمَ نَخْتِمُ عَلَىٰٓ أَفْوَٰهِهِمْ وَتُكَلِّمُنَآ أَيْدِيهِمْ وَتَشْهَدُ أَرْجُلُهُم بِمَا كَانُوا۟ يَكْسِبُونَ 


Mugi-mugi kita sedaya kalebet dados tiyang kang begja lan bathi ana ing Dunya lan Akhirat. Amin ya Rabbal Alamin.


جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا. باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ   


Khutbah II


اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا .  أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ   اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Ustadz Ajie Najmuddin, Akivis NU Boyolali