Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Wujud Raos Syukur marang Gusti Allah

Kam, 9 Mei 2024 | 08:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Wujud Raos Syukur marang Gusti Allah

Khutbah Jumat wujud syukur

Betapa banyak nikmat yang telah dikaruniakan Allah swt kepada kita, sehingga kita tidak bisa menghitungnya satu persatu. Maka, sudah sepantasnya kita bersyukur atas segala nikmat tersebut. Nikmat dapat diwujudkan dalam banyak hal, di antaranya dengan lisan, hati, dan perbuatan.


Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Wujud Raos Syukur marang Gusti Allah" Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!



Khutbah I


اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وعلى اله وأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أما بعد: فيايها الإخوان، أوصيكم و نفسي بتقوى الله وطاعته لعلكم تفلحون، قال الله تعالى في القران الكريم: أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صدق الله العظيم


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.


وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ


Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al-Baqarah: 197)  


Jamaah Jumat rahimakumullah,

Gusti Allah swt wonten ing Surat Luqman, ayat 12, paring dhawuh:


أَنِ اشْكُرْ للهِ وَمَن يَشْكُرْ فَإِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ


Artosipun: "Sira syukura marang Allah ta'ala. Sapa wonge kang syukur, mangka sejatine deweke iku nyukuri awake dewe (jalaran ganjarane syukur iku dirasaake awake dhewe).” 


Gusti Allah swt sampun paring perintah dhumateng kita sedaya, supaya padha syukur dhumateng Allah. Perintah menika mboten ateges, bilih Gusti Allah butuh marang ungkapan syukur saking makhluke. Sebab, sakmisale menungsa mboten padha syukur marang Allah, manga Gusti Allah tetep dados Dzat kang Maha Sugih lan Kuwasa marang sedaya alam menika.


Sejatosipun, perintah sukur menika dados kewajiban saha kebutuhane makhluk. Sebab menawi kita, purun syukur dhateng Allah ta'ala, mangka bakal ditambahi kesaenan saha nikmat saking Allah ta'ala. Kados dene dhawuhipun Allah ing surat Ibrahim ayat 7: 


لَئِنْ شَكَرْتُمْ لاَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ 


Artosipun: "Yekti yen sira kabeh padha syukur, Ingsun Allah mesti bakal paring tambahan nikmat marang sira kabeh. Lan menawa sira kabeh padha kufur. Awas! saktemene siksa Ingsun (Allah) banget larane."


Menawi kita kufur marang nikmat-nikmat saking Allah, mangka Allah ta'ala bakal maringi siksa kang perih lan abot. Wujude adzab saking Gusti Allah, arupi siksa ing neraka. Saget ugi ditampa nalika ana ing dunya. Kita saget mirsani utawi raosaken piyambak, pripun kahanane tiyang kang mboten syukur marang Allah.


Piyambake gampang iri, marang nikmat kang ditampa wong liya. Utawa rumangsa kurang utawa ora puas, peparing nikmat saking Gusti, marang dheweke. Kanggone wong sing ora gelem syukur marang nikmate Allah, kahanan menika saget nyiksa pikiran lan mentale.


Jamaah Jumat rahimakumullah,

Raos syukur dhumateng Allah swt saget dipun wujudake kanthi tiga cara. Pertama inggih puniko syukur kelawan lisan. Syukur kelawan lisan, tegesipun ngedalake raos syukur utawi maturnuwun dhumateng Gusti Allah, awit saking nikmat lan anugrah saking Gusti. Umumipun dipun wujudake, kanthi ngucap waosan: Alhamdulillah.


Mboten cekap maos hamdalah, tiyang ingkang syukur kelawan lisan, bakal ngreksa lisane kanggo maos kalimat-kalimat ingkang sahe lan ati-ati ing dalem nggunaake lisan, supaya mboten dadi sebab larane wong liya.


Perintah supaya gunaake lisan kangge perkara kang becik, ugi sampun dipun dhawuhake Kanjeng Nabi Muhammad saw:


وَمَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَالْيَوْمِ اْلآخِرِ فَليَــقُلْ خَــــيْرًا أَوْ لِيَـصـــمُــتْ


Artosipun: “Sing sapa wongé kang iman marang Allah lan dina akir, supaya ngucap kang becik utawa meneng.” (HR Bukhari)


Kaping kalih, syukur kelawan ati. Raos syukur ingkang kaping kalih, saget kita wujudake ana ing njero ati. Raos seneng, ikhlas, ridla saking sedaya peparinge Gusti, ingkang mboten saget kita itung. Menawi kita jujur, tentunipun katah sanget nikmat saking Gusti Allah. Lan saben-saben nikmat menika, sejatosipun kedah kita syukuri.


Dibandingke karo ujian lan coba ingkang kita tampi, sejatosipun langkung katah nikmat saking Gusti ingkang sampun kita tampi. Nikmat saget nyedot oksigen, kita saget ningali pemandangan kang sahe, saget mireng alunan suara kang nyenengke, saget dhahar utawi ngunjuk kanthi raos kang eco, sedaya menika namung sekedik contoh nikmat saking Gusti Allah.


Sedaya menika, mangga saget kita angen-angen, lajeng kita raosaken rasa syukur ana ing manahipun kita sedaya. Tiyang kang syukur dhateng Allah, bakal gadah ati kang ikhlas. Mboten seneng sambat marang kekurangan-kekurangan utawa perkara mboten nyenengke, ingkang dadi ujian lan coba kang ditampi ing dunya.


Tiyang kang gadah raos syukur biasanipun gadah rasa luwih sabar tinimbang wong kang ora syukur. Pancen, supaya saget syukur kita ugi kedah gadahi kesabaran. Supaya sabar kita perlu keikhlasan. Syukur, sabar lan ikhlas sejatosipun saling berkaitan.


Ketigo, syukur kelawan penggawean. Kados dene syukur kelawan lisan, syukur kelawan penggawean utowo perbuatan, tegese nggunaake sedaya peparinge Gusti ingkang awujud anggota badan menika, kangge perkara kang sae lan manfaat. Manfaat menika saget kita wujudake piyambak, kados dene kita gunaake kangge ibadah shalat lan sanesipun. Utawi kangge kegiatan ingkang manfaat dhateng tiyang sanes.


Raos syukur kelawan perbuatan utawi ibadah menika sampun dipun contoake Kanjeng Nabi Muhammad saw. Senajan piyambake sampun dijamin mlebet Swarga, ananging tetep sregep shalat, ngantos-ngantos sukunipun abuh. Menika dados wujud syukur lan tresna marang Gusti Allah ta'ala. 


Mugi-mugi kita sedaya dipun paringi gampil, supaya saget syukur marang nikmate Gusti, ugi dipun catet dados tiyang-tiyang ingkang syukur marang Gusti. Lan mugi-mugi kita sedaya dipun kumpulake, sartane tiyang-tiyang kang padha syukur marang Gusti. Amin ya Rabbal Alamin.


جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا. باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ.  إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ


Khutbah II


اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا


 اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ


 عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali