Khutbah

Pepeling Awal Tahun: Sapa iku Wong Kang Begja?

Kam, 4 Januari 2024 | 22:30 WIB

Pepeling Awal Tahun: Sapa iku Wong Kang Begja?

Ilustrasi: Khutbah Jumat.

Khutbah kali ini mengingatkan kita, pentingya untuk merefleksikan diri setiap ada momen pergantian waktu, seperti tahun baru. Sudahkah kita lebih baik dari tahun-tahun sebelumnya. Agar nantinya kita menjadi orang yang beruntung, yakni yang senantiasa berproses untuk menjadi pribadi yang lebih baik.

 

Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat: Pepeling Awal Tahun: Sapa iku Wong Kang Begja?" Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! 

 

Khutbah I

 

الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalan kang sahe.

 

Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.

 

Para jamaah ingkang minulya

Kanjeng Nabi Muhammad saw, sampun maringi kathah wejangan dhumateng kita sedaya, supaya kita dados tiyang ingkang begja ana ing dunya lan akhirat. Salah setunggale dhawuh Kanjeng Nabi:

 

مَنْ كَانَ يَوْمُهُ خَيْرًا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ رَابِحٌ . وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ مِثْلَ أَمْسِهِ فَهُوَ مَغْبُوْنٌ . وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ شَرًّا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ مَلْعُوْنٌ

 

Artosipun: "Sapa wonge kang dina iki luwih apik tinimbang dina wingi, mangka kagolong tiyang ingkang begja. Lan sapa wonge kang dina iki padha tinimbang dina wingi, mangka kagolong tiyang ingkang rugi. Lan sapa wonge kang dina iki luwih elek tinimbang dina wingi, mangka kagolong tiyang ingkang cilaka." (HR Al-Hakim)

 

Pramila, menawi wonten momentum pergantian waktu, sahe niku tahun, sasi, dina, lan piturute, saget kangge pepeling kita urip ana ing dunya. Tegese, ingkang sampun kita lampahi tahun 2023, langkung sahe tinimbang tahun-tahun sak derenge, napa malah luwih elek? Ingkang kita lampahi ana ing dina iki, sampun langkung sahe tinimbang dina-dina sak derenge napa luwih elek? Napa takwa kita dhateng Allah, tambah napa mudun?

 

Muhasabah utawi niti-niti amalan kita piyambak menika penting sanget, supados kita tansah eling lan waspada nalika urip ing dunya. Ugi supados kita mboten nglampahi malih, dosa utawi kalepatan ingkang sampun keliwat. Menawi kelingan dosa utawi lepat, kita katah-katahi maos istighfar kalian Allah, mugi-mugi dosa kita dingapura lan mboten bakal dibaleni malih.

 

Dhawuhipun Gusti Allah wonten ing Surat Al-Hasyr ayat 18:

 

  يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ    

 

Artinya: “Hai, wong-wong kang padha iman, takwa (wedi) sira kabeh ing Allah, lan supaya ningali sapa awak-awakan, amal-amal apa kang arep diajuake kanggo ngadepi Dina Kiamat mbesok. Lan sira kabeh padha wedi ing Allah. Temenan Allah iku Maha Waspada, mirsani apa-apa kang sira kabeh padha nindaake,"

 

Mangka, tinimbang kita ningali utawi mbiji amalane wong liya, langkung becik kita evaluasi utawi niti-niti amalan kita piyambak-piyambak. Sampun sahe napa dereng. Pangandhikanipun Sayyidina Umar bin Khattab ra:

 

حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوْا 

 

Artosipun: "Etung-etunga (amalan) sliramu, sakdurunge sliramu diitung (dihisab amale)"

 

Lajeng, sak sampunipun kita niti-niti amalan kita piyambak, kita tambah malih kanthi sifat optimis ing dalem ngadepi masa kini lan masa depan. Sebab wonten tiyang bijak ingkang ngendhikan: "Masa lalu iku pengalaman, masa kini iku kenyataan, lan masa depan iku harapan"

 

Mugi-mugi kita sedaya pinaringan umur ingkang berkah, sehingga saben wekdal, saben dinten, saben tahun, kita saget tambah ing dalem kesahenan. Lan dipun tebihake saking sedaya perkara kang marakke Gusti Allah bendu marang kita. Amin ya Rabbal Alamin.

 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم 

 

Khutbah II

 

 الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ
 

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ عٍبَادَ اللهِ
 

إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali