Khutbah Bahasa Jawa: Sugeng Rawuh Wulan Ramadhan, Wulan Panen Ganjaran
Kamis, 27 Februari 2025 | 16:00 WIB
Ajie Najmuddin
Kontributor
Bulan Sya'ban telah sampai di penghujung. Pertanda sebentar lagi kita akan berjumpa kembali dengan bulan istimewa nan mulia, bulan Ramadhan. Dikatakan istimewa, sebab di dalam bulan Ramadhan, Allah melipatkan banyak pahala kebaikan. Ibarat orang menanam, maka bulan Ramadhan merupakan waktu panen. Panen pahala dan keberkahan. Maukah kita menjadi bagian dari kelompok tersebut?
Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini dengan judul “Khutbah Bahasa Jawa: Sugeng Rawuh Wulan Ramadhan, Wulan Panen Ganjaran". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَآ أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ اَيَّامًا مَّعْدُوْدٰتٍۗ
Baca Juga
Khutbah Jumat: Bahaya Sifat Munafik
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng Khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (Al-Baqarah ayat 197).
Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Alhamdulillah, kita taksih pinaringan kenikmatan saking Gusti arupi umur kang dawa lan awak kang sehat kangge mapag rawuhipun wulan Ramadhan. Marhaban ya Ramadhan. Sugeng rawuh wulan Ramadhan, wulan kang kebak kaberkahan, pangapura, lan rahmat saking Gusti. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
أَتَاكُمْ رَمَضَانُ شَهْرٌ مُبَارَكٌ فَرَضَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَتُغْلَقُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ وَتُغَلُّ فِيهِ مَرَدَةُ الشَّيَاطِينِ لِلَّهِ. فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ
Artosipun, “Satuhune, wis teka marang sliramu kabeh, Wulan Ramadhan. Wulan kang kebak kaberkahan uga den wajibake pasa. Ana ing wulan iki, lawang-lawang langit binuka lan neraka tinutup. Setan-setan dibanda. Lan ana ing Wulan Ramadhan, ana salah sawijining wengi kang luwih utama tinimbang sewu wulan.” (Hadits Riwayat Imam An-Nasa'i).
Pramila, begja kemayangan, menawi kita saget kepanggih malih kalian wulan Ramadhan ing tahun niki. Mugi-mugi kita saget nglampahi sedaya amalan-amalan, sahe niku ingkang dados kawajiban ugi kesunnahan. Amalan ing wulan Ramadhan punika, bakal dipun ganjar matikel-tikel kalian Gusti Allah swt.
Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Bilih kawajiban ingkang kedah kita lampahi ing wulan Ramadhan, inggih punika ibadah pasa. Ibadah pasa punika ugi kalebet ing dalem rukun Islam. Dhawuhipun Allah swt:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
Artosipun, "Hei eling-eling wong kang padha iman, den fardhuake ingatase sira kabeh apa pasa. Kaya olehe pasa mau den fardhuake ingatase umat-umat sakdurunge ira kabeh. Supaya wong-wong mukmin padha takwa marang Allah ta’ala." (Al-Baqarah ayat 183).
Ayat punika dados perintah kanggone kita sedaya, umate Kanjeng Nabi Muhammad saw, kangge nglampahi ibadah pasa. Dipun terangaken ing kitab Tafsir Al-Ibriz, bilih kawajiban pasa iku namung ing sakjerone dina-dina kang kena diitung, yaiku sakjerone wulan Ramadhan.
Kajaba nglampahi syarat lan fardhune pasa, saha nilar saking perkawis-perkawis ingkang ambatalake pasa, ugi wonten kesunnahan ingkang saget kita lampahi. Dipun terangaken ing kitab Fathul Qarib, wonten tiga perkawis ingkang dipun sunnahake.
Ingkang pertama, inggih punika cékat-cèket (menyegerakan) nalika sampun dumugi wekdale buka pasa. Kanggene wong kang pasa, buka punika dados kenikmatan ingkang hakiki, mboten nalika ing dunya ananging ugi mbenjang wonten ing akhirat. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring pangandikan:
لِلصَّائِمِ فَرْحَتَانِ فَرْحَةٌ حِينَ يُفْطِرُ وَفَرْحَةٌ حِينَ يَلْقَى رَبَّهُ
Artinya, “Keduwe wong kang pasa, iku ana 2 kabungahan, yaiku kabungahan nalikane buka lan kepanggih marang Pengerane (Gusti Allah).” (Muttafaqun ‘Alaih).
Kasunnahan ingkang kaping kalih inggih punika ngakhirake dhahar sahur. Kajaba gawe awak kita kuat kanggo nglampahi pasa, dhahar sahur punika ugi saget dados wasilah angsal keberkahan. Kados dene pangandikane Kanjeng Nabi saw:
تَسَحَّرُوا فَاِنَّ فِى السُّحُوْرِ بَرَكَةٌ
Artinya, “Padha (mangan/nedha) sahuro, kerana saktemene sakjerone (mangan/nedha) sahur iku ana kaberkahan”. (Muttafaqun 'Alaih).
Pramila, supados angsal keberkahane sahur, mangga ampun nilar dhahar sahur ing wayah akhir, senajan ta dhahar sekedik utawi namung ngujuk taya sateguk.
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah
Ingkang kaping tiga, yaiku njaga lisan saking perkawis kang awon, kados ngrasani, ngapusi, lan liya-liyane. Jaga lisan punika saget ndadosake kasampurnane pasa saha selamate awak. Tiyang mukmin mestine saget jaga lisan punika kangge matur utawi ngendikan ingkang sahe, kados dene dhawuhe Kanjeng Nabi saw:
مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيَقُلْ خَيْرًا أَوْ لِيَصْمُتْ
Artosipun, "Sapa wonge kang iman marang Allah lan dina akhir, mangka bakal matur kang sahe utawa becik meneng." (Muttafaqun 'Alaih).
Menika lah, amalan-amalan ingkang saget kita lampahi nalika wulan Pasa. Tentunipun tasih kathah amalan-amalan sanesipun ingkang saget kita lampahi, supados kita angsal kaberkahan lan ganjaran ing wulan Ramadhan.
Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, saget nglampahi ibadah ing wulan Ramadhan kanthi iman kang jejeg, awak kang sehat wal afiat, saha raos bungah lan istiqamah. Amin ya Rabbal 'alamin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عٍبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali
Terpopuler
1
Khutbah Jumat: Nuzulul Qur’an dan Perintah Membaca
2
Khutbah Jumat: Nuzulul Qur’an dan Anjuran Memperbanyak Tadarus
3
Khutbah Jumat: Ramadhan, Bulan Turunnya Kitab Suci
4
PBNU Adakan Mudik Gratis Lebaran 2025, Berangkat 25 Maret dan Ada 39 Bus
5
Khutbah Jumat: Pengaruh Al-Qur’an dalam Kehidupan Manusia
6
Khutbah Jumat: Ramadhan, Bulan Peduli Lingkungan dan Sosial
Terkini
Lihat Semua