Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ampun Gampang Nyacat lan Ngino Wong Liyo

Kam, 1 Februari 2024 | 22:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ampun Gampang Nyacat lan Ngino Wong Liyo

Ilustrasi: khutbah (via suffnetrucuter.tk),

Khutbah Jumat ini mengingatkan jamaah cara untuk tidak gampang menghina, meremehkan, dan menyalahkan orang lain. Perbuatan ini merupakan hal yang dilarang oleh Allah dan Rasulullah karena akan memunculkan rasa kebencian dan jauh dari kemaslahatan. Islam mengajarkan umatnya untuk saling menghormati dan menghargai orang lain.

 

Khutbah Jumat ini berjudul: "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ampun Gampang Nyacat lan Ngino Wong Liyo". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! (Redaksi) 

 

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِّنْ قَوْمٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنُوْا خَيْرًا مِّنْهُمْ وَلَا نِسَاۤءٌ مِّنْ نِّسَاۤءٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُنَّ خَيْرًا مِّنْهُنَّۚ وَلَا تَلْمِزُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَلَا تَنَابَزُوْا بِالْاَلْقَابِۗ بِئْسَ الِاسْمُ الْفُسُوْقُ بَعْدَ الْاِيْمَانِۚ وَمَنْ لَّمْ يَتُبْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ 

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Ngawali khutbah meniko monggo sami ngungkapaken raos syukur kalian takwo dateng Allah swt ingkang sampun maringi nikmat katah, ingkang mboten saget kito etang setunggal-setunggalipun. Syukur lan takwo dados paket komplet ingkang kedah dipun tancepaken wonten ing manah kito sedoyo ingkang kewujud wonten ing amaliah kito, arupi saged nglampahi sedoyo ingkang dipun perintahaken deneng Allah lan waged ngedohi sedoyo ingkang dipun larang Allah swt.

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Ing wedal meniko khatib bade nyampaiaken materi khutbah ingkang judulipun Ampun Gampang Nyacat lan Ngino Wong Liyo. Babakan meniko dipun raos penting, amergi ing zaman meniko, adab, totokromo, lan sopan santun estu awis reginipun. Katah tiyang ingkang gampang ngino, nyacat, lan ngremehaken tiang lintu kranten ngraos nggadahi kelewihan, kedudukan, lan kepinteran. Nopo malih wonten ing media sosial ingkang sakmeniko sampun dados bagian urip menungso zaman modern.

 

Tumindak nyacat lan ngino dateng wong liyo meniko dipun larang wonten ing agomo Islam. Kranten saget mawon, tiyang kang dipun ino luwih apik tinimbang ingkang ngino. Larangan meniko dipun sebataken wonten ing Al-Qur'an:   

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِّنْ قَوْمٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنُوْا خَيْرًا مِّنْهُمْ وَلَا نِسَاۤءٌ مِّنْ نِّسَاۤءٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُنَّ خَيْرًا مِّنْهُنَّۚ وَلَا تَلْمِزُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَلَا تَنَابَزُوْا بِالْاَلْقَابِۗ بِئْسَ الِاسْمُ الْفُسُوْقُ بَعْدَ الْاِيْمَانِۚ وَمَنْ لَّمْ يَتُبْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ 

 

Artosipun: “He wongkang podo iman, ojo ngolo-olo siro marang wong utowo kaum liyo. Iso dadi wong kang diino lewih apik soko sing ngino. Ojo wong wadon ngino marang wadon liyo. Iso dadi wong wadon kang diino lewih apik soko sing ngino. Ojo siro podo ngino marang wong liyo lan ngundang nnganggo boso kang olo. Sak olo-olone undangan, undangan wong fasik kang bar iman. Sopo wonge ora tobat kalebet wongkang peteng. (QS. Al-Hujarat: 11).

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kangge ngedohi prilaku gampang ngino marang wong liyo, Imam Ghazali wonten ing kitab Bidayatul Hidayah sampun nyukani 5 (gangsal) coro. Coro meniko ngelingaken dateng kito sedoyo dene sak pinter-pintere lan sak apik-apike menungso tasih wonten ingkang lewih pinter lan mulyo. 

 

Coro ingkang sepindah inggih puniko, naliko kepanggih kalian tiyang ingkang lewih nom, kito kedah tansah ngeling-eling duso lan maksiat kito sampun lewih katah tinimbang piyambae. Moko niku kito sakmangkene bakal ngraos dene tiyang nem wau lwih mulyo tinimbang kito.

 

Kaping kalih, naliko kepanggih kalian tiyang ingkang luwih sepuh, kito kedah tansah ngeling-eling dene ibadah lan amal kebecikan ingkang dipun lakoni tiyang sepuh wau lewih katah. Moko niku, kito sakmangke bakal ngraos tiyang sepuh puniko lewih mulyo tinimbang kito. 

 

Kaping tigo, naliko kepanggih kalian tiyang ingkang nggadahi ilmu ingkang katah, moko kito kedah tansah ngraos dene tiyang meniko sampung dipun anugerahi kesaenan anggenipun ngibadah, kranten mangertosi ilmu dan totocoronipun. Pramilo tiyang meniko mesti lewih mulyo tinimbang kito. 

 

Kaping sekawan, naliko kepanggih kalian tiyang ingkang bodo, moko kito kedah ngraos dene sedoyo kesalahan ingkang dipun lakoni dateng tiyang bodo meniko amergo mboten wonten ilmunipun. Dene kesalahan ingkang kito lakoni dibarengi kalian mengertosi ilmunipun. Sehinggo kito ngraos, tiyang bodo meniko lewih mulyo tinimbang kito.

 

Kaping gangsal, naliko kepanggih kalian tiyang ingkang nggadahi agomo ingkang bedo, kito kedah ngraos dene mboten wonten ingkang mengertosi ajalipun menungso. Saget mawon tiyang ingkang bedo agomo meniko kagungan hidayah melebet Islam lan husnul khatimah. Dosanipun dipun ngapuro deneng Allah ing akhir ajalipun. Lan sewalike kito saget tersesat menangi su’ul kahtimah, naudzubillah min dzalik.

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Lajeng, nopo ingkang kedah dipun lakoaken, nalikone wonten tiang lintu nyacad lan ngino dateng kito? Rasulullah sampun nyukani teladan supados kito mboten mbales tiyang ingkang ngino wau. Menawi kito bantah-bantahan, estu dados sebab setan ngumpul lan nambah-nambahi malasah lintu. Rasulullah negesaken temen setuhune tiyang ingkang mboten mbales inoan, Malaikat bakal ngrencangi tiyang meniko lan tumut sareng mbantah kangge tiyang niku. Rasulullah negesaken dene pasrahe tiyang ingkang dipun dzalimi pesti bakal dipun menangaken teng Allah swt. 

 

Teladan Rasulullah supados mboten gampang terpancing emosi dipun ungkap Rasulullah teng haditsipun inggih puniko:

 

وَإِنِ امْرُؤٌ شَتَمَكَ وَعَيَّرَكَ بِمَا يَعْلَمُ فِيكَ فَلاَ تُعَيِّرْهُ بِمَا تَعْلَمُ فِيهِ فَإِنَّمَا وَبَالُ ذَلِكَ عَلَيْهِ

 

Artosipun: “Arikolono ono wong kang nyaci lan nyacat kelawan aib siro, ojo diwales nyacat kelawan aib wonge. Amergo dusone bakal ditanggung,” (H.R. Abu Dawud).

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Meniko wau anjuran lan ajaran agomo Islam ingkang nglarang umatipun ngino dateng tiyang lintu lan nopo ingkang kedah kito lakoaken arikolone dipun ino dateng tiyang lintu. Kesabaran dados kunci kangge ngadepi tiyang ingkang ngino. Mugi kito sedoyo dipun paringi kekiatan lan kesabaran naliko ngadepi macem-macem cubo wonten ing dunyo. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ

 

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ

أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللّٰهُ تَعَالَى اِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً.

اللّهُمَّ وَفِّقْنَا لِطَاعَتِكَ وَأَتْمِمْ تَقْصِيْرَنَا وَتَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ . وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبّ الْعَالَمِيْنَ

عِبَادَ اللّٰهِ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُ

 

Ustadz H Muhammad Faizin, Sekretaris PCNU Pringsewu, Lampung